Ichthyosauria
Kalamangsa: 245–90 Ma
Masalah pitembungan: Operator < ora kinira.
fosil saka spèsimèn Temnodontosaurus trigonodon, foto saka Staatliches Museum für Naturkunde Stuttgart.
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Subfilum: Vertebrata
Klas: Reptilia
Superordho: Ichthyosauria
Blainville, 1835
Famili

Ichthyosaurus (Yunani: kadal iwak-ιχθυς/ichthys berarti "iwak" lan σαυρος/sauros berarti "kadal") ya iku kelompok reptil sagara gedhé sing mirib iwak lan lumba-lumba.[1][2] Kéwan iki urip nalika èra Mesozoikum.[3] Miturut fosil sing tinemu,diprakirakakè kéwan iki sepisanan ana nalika sawatara 245 yuta taun kepengker.[4] Kéwan iki cures kira-kira 90 yuta taun kepengker (25 yuta taun sadurungè dinosaurus cures.[5] Sadawanè periode Triassic, Ichthyosaurus iku evolusi saka reptil dharat sing nglakoni adhaptasi kanggo rip ing banyu.[6][7] Ichthyosaurus iku umum banget tinemu nalika jaman Jurassic nganti peranè diganti déning Plesiosaurus ing periode Cretaseous.[8] Ichthyosaurus éwoning ordho sing dikenal ya iku “Ichthyosauria” utawa “Ichthyopterygia” (iwak swiwi, sebutan sing dikenalakè déning Sir Richard Owen ing taun 1840.[1][8] Saiki istilah iki digunakakè kanggo njenengi klan leluhur saka Ichthyosauria).[4][5][8]

Dhèskripsi

besut

Rata-rata Ichthyosaurus gedhé nganti 2–4 m (6.6 – 13 kaki) dawanè (ana uga sing gedhènè luwih).[8] Endhasè awujud iwak pesut lan moncong dawa sing dikebaki untu lancip lan landhep.[8] Wujud awakè Ichthyosaurus kacipta pancen kanggo ing banyu, lan ana uga ing antarané sing dingertèni bisa inggek ing jeronè laut sing paling jero, kaya déné paus modern.[3][8] Diprakirakakè ichthyosaurus bisa renang nganti 40 kilometres per jam (25 mpj) cepetè.[8] Mirip kaya cetacea ing jaman saiki (paus lan lumba-lumba).[3][6][8] Dènè Ichthyosaurus cara ambeganè ya iku njukut udara saka udara bèbas.[8] Ichthyosaurus duwè piranti gerak sing bentukè sirip,sing manawa waè digunakakè kanggo stabilisator lan pengendhalian arah nalika renang.[8] Anggota awakè sing guanè kanggo “penggerak” ya iku buntutè sing gedhè, bentukè énggal kaya buntut iwak hiu.[8] Buntut iku duwè lobus gandha ,ing ngisore disokong nganggo kolom vertebratal buntut,”ditekuk” kanthi cara ventral kanggo nututi wujud lobus ventral.[8] Metu saka babagan sing madhakakè Ichthyosaurus karo iwak, Ichtyosaurus uga mbagi fitur perkembangan paralel karo lumba-lumba, hiu lan iwak tuna.[8] Iki sing gawè penampilanè ichthyosaurus karo iwak-iwak mau mèh katon padha.[8]

Rèprodhuksi

besut
 
Ichthyosaurus dibandingakè karo manungsa

Ichtyosaurus iku vivipar sing artinè cara nganakè kanthi cara nglairakè.[3] Ana ing antaranè fosil sing tinemu spésimèn diwasa sing ngandung janin.[3] Amarga kéwan iki reptil lan pérangan evolusi saka mbah buyutè sing sejatinè kéwan ovipar, reprodhuksi cara vivipar iki durung kalakon nalika sepisanan metu.[1][5][6] Reptilia laut sing ambegane nganggo udara kudu sring munggah marang dharatan nalika ngendhog (kéwan kaya penyu lan sawer laut).[7] Kanthi perkembangan awakè dadi modhèl "streamline",sing ndadèkakè kéwan iki bisa renang rikat,ngendhog ing dharatan wis ora bisa manèh kanggo Ichthyosaurus, saèngga kanggo ngetokakè anakè,kéwan kudu nganggo cara lairan.[8]

Panganan

besut

Ichthyosaurus akèhè ngonsumsi chephalopoda primitif sing karan "balemnitte".[9] Ichthyosaurus sig pertama kali muncul duwè untu mirunggan sing dirancang kanggo ngancurakè thothok kerang-kerangan.[9] Ana uga sing kayanè ngonsumsi iwak cilik lan spésies sing luwih gedhè, duwè untu lan rahang abot sing berarti icthyosaurus iki mangan reptil laut sing luwih cilik.[8][9]

Sajarah Penemuan

besut

Fosil calon génus Ichthyosaurus pertama kali digambarakè saka potongan fosil sing tinemu ing Wales ing taun 1699.[8] Fosil balungan burinè sepisanan dipublikasikakè ping pindho ing taun 1708 minangka "Sisa-sisa Banjir Nuh".[8] Fosil jangkepè sepisanan tinemu déning Mary Anning ing Lyme Regis,ing wewengkon sing saiki dikenal kanggo sebutan Jurassic Coast.[8] Piyambakè terus nemu manèh telung spésies sing kepisah ing kana.[3] Ing taun 1905, Ekspedisi Sauria sing dipandhègani déning John C. Merriam saka Universitas California nemu 25 spèsimèn ing Central Nevada.[3][8] Sabagean saka fosil sing tinemu mau saiki dadi koeksi pribadhinè Museum Palaentologi [[Universitas California, sapérangan manèh diraketakè ing watu lan bisa didhelok ing Berlin-Ichtyosaur State Park ing Nye County.[1][3][7] Ing taun 1977, fosil saka Ichthyosaurus "Shonisaurus" dadi fosil nagara kanggo Nevada.[8] taun 1992 iktiologis Kanadha,Dr. Elizabeth Nicholls nemu fosil spèsimèn gedhé dhéwé sing dingertèni,ukuranè 23 m.[2]

Taksonomi

besut

Cathetan suku

besut
  1. a b c d Cithakan:Gr[Maisch MW, Matzke AT. 2000. The Ichthyosauria. Stuttgarter Beiträge zur Naturkunde Serie B (Geologie und Paläontologie) 298: 1-159]
  2. a b www.dinosaurfact.net(dipunundhuh tanggal 28 Mèi 2011)
  3. a b c d e f g h [McGowan C, Motani R. 2003. Ichthyopterygia. – In: Sues, H.-D. (ed.): Handbook of Paleoherpetology, Part 8, Verlag Dr. Friedrich Pfeil, 175 pp., 101 figs., 19 plts; München]
  4. a b Maisch MW, Reisdorf AG, Schlatter R, Wetzel A. 2008. A large skull of Ichthyosaurus (Reptilia: Ichthyosauria) from the Lower Sinemurian (Lower Jurassic) of Frick (NW Switzerland). Switserlan Journal of Geosciences 101: 617-627.
  5. a b c Cithakan:GrBöttcher R. 1990. Neue Erkenntnisse über die Fortpflanzungsbiologie der Ichthyosaurier. Stuttgarter Beiträge zur Naturkunde Serie B (Geologie und Paläontologie) 164: 1-51
  6. a b c Cithakan:GrMartill D.M. 1993. Soupy Substrates: A Medium for the Exceptional Preservation of Ichthyosaurs of the Posidonia Shale (Lower Jurassic) of Germany. Kaupia-Darmstädter Beiträge zur Naturgeschichte 2: 77-97
  7. a b c www.kidsdigdinos.com(dipunundhuh tanggal 28 Mèi 2011)
  8. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u www.enchantedlearning.com(dipunundhuh tanggal 28 Mèi 2011)
  9. a b c Palmer, D., èd. (1999). The Marshall Illustrated Encyclopedia of Dinosaurs and Prehistoric Animals. London: Marshall Editions. kc. 80. ISBN 1-84028-152-9.

Pranala njaba

besut