Isabel I saka Kastilia
Ratu Isabel lair taun 1451 ing kutha Madrigal, karajan Kastilia (kalebu wewengkon Spanyol).[1] Wiwit cilik, Isabel éntuk piwulngan agama Katulik kang ketat, mula dhèwèké ngrasuk agam Katulik kanthi tangat.[1] Sedulur kwalone, Henry IV dadi Ratu ing Kastilia saka taun 1454 nganti sedane, taun 1474.[1] Nalika iku ora ana Kaprajan Spanyol.[1] Tlatah Spaynol saiki pecah dadi patang tlatah.[1] Kastilia kang gedhé dhéwé, Aragon ing sisih lor Spanyol kang saiki, Granada ing sisih kidul, lan Navarre ing sisih lor.[1]
Ing pungkasan taun 1949, Isabel kang dadi pewaris Kaprajan Kastilia dadi rebutan pangeran saka tlatah liya.[2] Henry IV nduwé kekarep yèn Isabel dhaup karo Ratu Portugis, anaging dhèwèké ora gelem lan milih dhaup karo Ferdinand, pewaris Kaprajan Aragon.[3] Amarga nesu karo Isabel, Henry IV milih anaké, Yuana supaya dadi ratu ing Kastilia, anaging sawisé Henry IV séda, Isabel nuntut kaprajan saka Yuana.[3] Kaanan iki nyebabake anané perang sadulur.[3] Sasi Fèbruari 1479 Isabel menang. Kejaba iku Ferdinand uga munggah tahta lan mimpin Aragon.[3]
Inkuisisi
besutIng panguwasane Ratu Isabel, Spanyol duwé pengadilan kang dibawahi Tomas de Torquemada, salah sawijining pendheta kang fanatik.[4] Pengadilan iki minangka forum gerejani, kumpulning para hakim, juri, jaksa penuntut lan penyelidik kepulisian.[4] Wong kang didakwa ing pengadilan iki wis ora bisa mbela awake dhéwé.[4] Kang didakwa uga ora diwènèhi ngerti apa salahe uga dipeksa supaya ngaku.[4] Pengadilan iki ditujokake kanggo ngukum wong kang nglawan pamaréntah, oposisi, lan wong kang ngrasuk agama saliyne Katolik ya iku Yahudi lan Islam.[4]
Kudu Ngrasuk Katulik
besutTahun 1492, awit saka omongae Torquemada, Ferdinand lan Isabel nandatangani dekrit kang isiné mrentahake kabèh Yahudi Spanyol lumebu Kristen utawa metu saka Spanyol sajrone patang sasi, tanpa olèh nggawa bandha sanajan mung secuil.[5] Kaanan iki nyebabake Spanyol kelangan wong kang seregep lan wasis ing babagan dagang saéngga Spanyol mundur perekonomiane.[5]
Nalika Granada nyerah, Isabel mènèhi kebebasan kanggo kaum Muslimin kang ana ing Spanyol supaya olèh ngibadah miturut agama Islam.[5] Anaging Spanyol mlenjani janji.[5] Taun 1502 kabèh kaum Muslimin kang ana ing Spanyol dipeksa ngrasuk Kristen utawa lunga saka Spanyol, kaya déné kang dialami denin Yahudi.[5]
Ekspedisi Columbus
besutIng jaman pamarentahane Isabel, Christopher Colombus nemu bawana Amérika ing taun 1492.[5] Ekspedisi Colombus iki disponsori déning karajan Kastilia.[5]
kulawarga
besutIsabella séda taun 1504.[3] Isabel duwé putra dan papat putri. Putranne Yuan séda taun 1497.[3] Puterine kang paling kawentar ya iku Yuana.[3] Ferdinand lan Isabella njodhokake Yuana karo Philip I, puterane Kaisar Hapsburg Ostenrik lan minangka ahliwaris Karajan Burgundy.[3] Putune Isabel, Raja Charles V, marisi salah sawijining kaprajan kang gedhé dhéwé ing sajarah Éropa.[3] Charles V uga kepilih dadi Kaisar Roma lan minangka wong kang paling sugih lan raja kang paling kuwat ing jamane.[3] Laladan kang ana ing panguwasane kalebu Spanyol, Jerman, Negeri Walanda, Bèlgi, Ostenrik, Switserlan, mayoritas Italia, sapérangan Perancis, Cekoslowakia, Polen, Honggaria, lan Yugoslavia kanthi tambahan mayoritas laladan Amérika Selatan.[3]
Cathetan suku
besut- ↑ a b c d e f [1][pranala mati permanèn] (diunduh tanggal 21 Fèbruari 2011)
- ↑ [2] Archived 2010-07-04 at the Wayback Machine. (diunduh tanggal 21 Fèbruari 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j k Hart, Michael H. 1982. Seratus Tokoh yang Paling Berpengaruh dalam Sajarah
- ↑ a b c d e Indotoplist.com[pranala mati permanèn] (diunduh tanggal 21 Fèbruari 2011)
- ↑ a b c d e f g Situs Universitas Pancasila Archived 2012-03-26 at the Wayback Machine. (diunduh tanggal 21 Fèbruari 2011)