Ismail al-Faruqi

Ismail Raji al-Faruqi (إسماعيل راجي الفاروقي Ismāʿīl Rājī al-Fārūqī); 1 Januari 1921 – 27 Mei 1986) yaiku filsuf lan cendekiawan Muslim Palestina-Amerika sing misuwur amarga kontribusi ing kajian Islam lan dialog antaragama. Dhèwèké sinau ing Universitas Al-Azhar ing Kairo lan ngajar ing Amerika Lor, kalebu ing Universitas McGill ing Kanada. Al-Faruqi dadi profesor agama ing Temple University, ing ngendi dhèwèké ngadegake program Studi Islam. Dhèwèké uga dadi pangadeg International Institute of Islamic Thought (IIIT) kanggo ndhukung studi Islam. Al-Faruqi nulis luwih saka 100 artikel lan 25 buku, kayata Christian Ethics: A Historical and Systematic Analysis of Its Dominant Ideas lan Al-Tawhid: Its Implications for Thought and Life, sing ngrembug pemikiran Islam, etika, konsep monoteisme, lan hubungan antaragama.

Isma'il al-Faruqi
Potret resmi, u. 1980
Jeneng lairإسماعيل راجي الفاروقي
Lair(1921-01-01)1 Januari 1921
Jaffa, Mandhat Inggris ing Palestina
Pati27 Mèi 1986(1986-05-27) (umur 65)
Wyncote, Pennsylvania, Amérika Sarékat
Jalaran patiPati amargi ditusuk
Forest Hills Cemetery, Pennsylvania
40°07′49″N 75°01′31″W / 40.1303°N 75.0253°W / 40.1303; -75.0253
Bangsa Palestina
 Amérika Sarékat
BojoLois Lamya al-Faruqi (o. 195186)
Anak5
Sana jaringanismailfaruqi.com
Tandha tangan
Tanda tanganipun Isma'il al-Faruqi

Urip Wiwitan lan Pendhidhikan

besut

Al-Faruqi lair ing Jaffa, wilayah Mandat Inggris ing Palestina.[1][2] Bapake, Abd al-Huda al-Faruqi, yaiku hakim agama Islam (qadi).[3] Al-Faruqi nyinaoni ilmu ing omahe lan masjid sadurunge mlebu Collège des Frères de Jaffa taun 1936.[1][4]

Ing taun 1942, dhèwèké dadi pendaftar ing pamrentah Mandat Inggris ing Yerusalem, lan taun 1945 dadi gubernur distrik Galilea.[2] Sawisé Perang Arab-Israel 1948, dhèwèké pindhah menyang Beirut, Lebanon, kanggo sinau ing American University of Beirut.[3] dhèwèké uga sinau filsafat ing Indiana University lan nggayuh gelar master taun 1949.[5] Al-Faruqi banjur nikah karo Lois Lamya al-Faruqi lan nerusake pendhidhikan, entuk gelar master maneh saka Harvard University taun 1951 lan Ph.D. saka Indiana University taun 1952.[6]

Karir Akademik

besut

Ing taun 1958, al-Faruqi ngajar ing Fakultas Divinitas Universitas McGill, lan sinau babagan agama Kristen lan Yahudi. Dhèwèké ketemu filsuf Pakistan Fazlur Rahman, sing nduweni pangaribawa gedhe marang pendekatan dhèwèké ing dialog antaragama.[7] Wiwit taun 1961 nganti 1963, dhèwèké dadi profesor tamu ing Institut Penelitian Islam ing Karachi, Pakistan.[1]

Ing taun 1964, dhèwèké bali menyang Amérika Sarékat, ngajar ing University of Chicago lan Syracuse University. Ing taun 1968, dhèwèké dadi profesor ing Temple University lan ngembangake Program Studi Islam ing kana. Akeh murid, kalebu John Esposito, sinau ing ngisor bimbingane.[8][9]

Filsafat lan Pemikiran

besut

Pemikiran al-Faruqi ngukir prinsip tawhid (monoteisme), sing dideleng minangka pondasi peradaban Islam. Tawhid dadi prinsip pemersatu kanggo nggabungake kabeh aspek urip, ora mung ing kapercayan nanging uga ing etika lan sosial. Miturut al-Faruqi, tawhid nuntut manungsa dadi wakil (khilafah) ing Bumi, kanthi tanggung jawab moral marang masyarakat lan lingkungan.[10]

Prestasi Akademik

besut

Ing taun 1980, al-Faruqi medhegake International Institute of Islamic Thought (IIIT) kanggo ndhukung riset Islam. Kerjane babagan "Islamisasi Ilmu Pengetahuan" nduweni tujuan kanggo nyelarasake nilai-nilai Islam karo ilmu lan sinau modern.[11] dhèwèké uga ndorong dialog antaragama kanggo mbangun rasa hormat lan tentrem antarane Islam, Kristen, lan Yahudi.[12]

Ing Mèi 1986, al-Faruqi lan bojoné dipatèni ing omahé ing Pennsylvania déning Joseph Louis Young, sing banjur ngakoni lan divonis kukuman pati. Anaké wadon sing uga tatu nemen bisa slamet.[13][14]

Referensi

besut
  1. a b c Imtiyaz Yusuf, èd. (2021). Essential Writings: Ismail Al Faruqi (ing basa Inggris). Kuala Lumpur: IBT Books. kc. 3.
  2. a b "Faruqi, Ismail Raji al- (1986)". The Oxford Dictionary of Islam (ing basa Inggris). Oxford Reference. Dibukak ing 2024-07-04.
  3. a b Badri, Malik (2014). "Psychological reflections on Ismail al-Faruqi's life and contributions". The American Journal of Islamic Social Sciences (ing basa Inggris). 31 (2): 145–152. doi:10.35632/ajis.v31i2.1052.
  4. Esposito, John L.; Voll, John O. (2001). "Ismail al-Faruqi". Makers of Contemporary Islam (ing basa Inggris). Oxford University Press. kc. 52–70.
  5. Al-Faruqi, Isma'il Raji (1949). The Ethics of Reason and the Ethics of Life (Kantian and Nietzschean Ethics) (Master's thesis) (ing basa Inggris). Bloomington: Indiana University.
  6. Al-Faruqi, Isma'il (1952). On Justifying the Good (PhD thesis) (ing basa Inggris). Bloomington: Indiana University.
  7. Rahman, Fazlur (1990). "Palestine and My Experiences with the Young Faruqi: 1958 to 1963". Journal of Islamic Research (ing basa Inggris). 4 (4): 295–300.
  8. Quraishi, M. Tariq (1986). Ismail al-Faruqi: An Enduring Legacy. MSA Publications. kc. 9.
  9. "Editorial". The American Journal of Islamic Social Sciences. 28 (3): ii–xii. 2011.
  10. Yusuf, Imtiyaz (2022). "Ismail Al Faruqi". Ing Fleet, Kate; Krämer, Gudrun; Matringe, Denis; Nawas, John; Rowson, Everett (èd.). Encyclopaedia of Islam (ing basa Inggris). Vol. 3. Koninklijke Brill NV.
  11. Al-Faruqi, Isma'il Raji (1982). Islamization of Knowledge. IIIT.
  12. Yusuf, Imtiyaz (2012). Islam and Knowledge (ing basa Inggris). London: I. B. Tauris.
  13. Fletcher, Charles (2014). Muslim-Christian Engagement in the Twentieth Century: The Principles of Inter-faith Dialogue and the Work of Ismail Al-Faruqi (ing basa Inggris). United Kingdom: I.B.Tauris. kc. 34.
  14. Toth, Anthony B. (November 1986). "Focus on Arabs and Islam". Washington Report on Middle East Affairs (ing basa Inggris).

Pranala njaba

besut