Ivan Alekseyevich Bunin (Ива́н Алексе́евич Бу́нин) (lair ing Voronezh, Kamaharajan Ruslan, 22 Oktober 1870 – pati ing Paris, Prancis, 8 Novèmber 1953 ing umur 83 taun) inggih punika salah satunggaling penulis Ruslan ingkang pisanan pikantuk Penghargaan Nobel babagan Sastra. Tekstur puisi-puisi lan cariyos-cariyosipun, ingkang kadang kala dipunsebut minangka "brokade Bunin," inggih punika salah satunggaling ingkang paling sugih wonten ing basa Ruslan. Karya fiksinipun ingkang pungkasan Lorong-lorong Peteng (1943), saged dipunminangkani minangka kempalan cariyos cekak abad 20 ingkang kathah piyambak dipunwaos wonten ing tlatah Ruslan.[1]

Ivan Bunin
PakaryaPanulis Cerkak
BangsaRuslan
Bebungah utamaNobel Sastra
1933

Pagesangan awal

besut

Bunin miyos wonten ing papan dunungipun tiyang sepuhipun wonten ing provinsi Voronezh ing Ruslan tengah. Piyambakipun asal saking sawijining kulawarga "tuan tanah" lan ingkang gadhah sajumlah wong tani ingkang sampun turun temurun, nanging simbah kakung lan bapakipun méh nelasaken sadaya kasugihanipun.[2]

Ivan diunkirim dhateng sekolah nagari wonten ing Yelets rikala taun 1881, nanging kedah wangsul malih dhateng griyanipun udakawis 5 taun salajengipun. Kakangipun, ingkang nglampahi pendidikan wonten ing universitas, maringi pitedah suados Ivan maos buku-buku klasik Ruslan lan sinau ngarang.

Nalika yuswanipun ngancik 17 taun, piyambakipun nerbitaken puisinipun ingkang kapisanan rikala taun 1887 wonten ing satunggaling majalah sastra St. Petersburg. Kempalan puisinipun ingkang kapisanan, Listopad (1901), pikantuk atur sapala ingkang saé saking para kritik. Éwadéné puisi-puisinipun wonten ingkang ngendika nglajengaken tradhisi para penyair Parnasia abad 19, ingkang nglebet sanget babagan mistik timur lan kebak kaliyan epitet-epitet ingkang luar biyasa lan kapilih kanthi premati. Vladimir Nabokov inggih punika salah satunggaling tiyang ingkang remen sanget kaliyan puisi-puisi Bunin, lan mbandingaken Bunin kaliyan Alexander Blok, nanging piyambakiipun boten remen kaliyan prosanipun.[3]

Wonten ing taun 1889, piyambakipun ndhérékaken sadhérékipun dhateng Kharkov, lan wonten ing mrika Bunin dados satunggaling pegawé pamaréntah, pembantu editor wonten ing salah satunggaling ariwarta wonten ing mrika, pustakawan, lan pegawé statistik pangadilan. Piyambakipun ugi wiwit ngawontenaken korespondensi kaliyan Anton Chekhov, lan nyambung talining kekancan kaliyan piyambakipun. Bunin ugi gadhah gayutan ingka radi tebih kaliyan Maxim Gorky lan Leo Tolstoy.

Wonten ing taun 1891, Bunin nerbitaken cerkakipun ingkang kapisanan, "Sketsa Padésan" wonten ing satunggaling jurnal Sastra. Sawetawis wekdal, piyambakipun pindhah saking nyerat puisi dhateng nyerat cerkak. Sapérangan novelaipun ingkang kapisanan ingkang pikantuk atur sapala inggih punika "Wonten ing Landhang," "Pawarta saking Kampung," "Dhateng Pucuk Donya," "Apel-apel Antonov," lan "Priyantun Kakung saking San Francisco." Ingkang pungkasan punika minangka karyanipun ingkang paling representatif lan dipunterjemahaken dhateng basa Inggris déning D. H. Lawrence.[4]

Bunin piyambak minangka salah satunggaling penerjemah ingkang misuwur. Karya terjemahanipun ingkang paling kawéntar inggih punika karangan Longfellow "Nyanyian Hiawatha". Kanggé penerjemahan punika Bunin pikantuk Penghargaan Pushkin nalika taun 1903. Bunin ugi nindakaken sajumlah pertalan saking karya-karya George Gordon Byron, Baron Byron kaping 6 (Byron), Alfred Tennyson, Baron Tennyson kaping 1 (Tennyson), lan Alfred de Musset. Nalika taun 1909, Bunin kapilih dados anggota Akademi Ruslan.

Cathetan suku

besut

Pranala njaba

besut