St. Petersburg

(Kaelih saka Saint Petersburg)

St. Petersburg (Ngenani wuni iki rungokna  (basa Ruslan: Санкт-Петербу́рг Sankt-Peterbúrg, antara taun 1914-24 karan Petrograd, antara taun 1924-91 karan Leningrad) iku kutha ing Ruslan.

Saint Petersburg (ing basa Inggris)
Санкт-Петербург Sankt-Peterbúrg (ing basa Ruslan)


Location of Saint Petersburg in Europe
Coordinates
59°56′N 30°20′E / 59.933°N 30.333°E / 59.933; 30.333Koordhinat: 59°56′N 30°20′E / 59.933°N 30.333°E / 59.933; 30.333
Coat of ArmsFlag
Political status
Federal district
Economic region
Federal city
Northwestern
Northwestern
Kodhe 78
Area
Wewengkon 606 km2 (234.0 sq mi)
Population (as of the 2002 Census)
Populasi
- Rank
- Density
4.662.547 inhabitants
angka 2
7.694/km² (19.927,4/sq mi)
Pamaréntah
Kepala Valentina Matviyenko (UR)
Badan legislativ Legislative Assembly
Charter Charter of Saint Petersburg
Events
Madeg 27 Mèi 1703
Dadi kutha krajan Ruslan8 Mèi 1713
Ganti jeneng Petrograd31 Agustus 1914
Kutha krajan pindhah manèh menyang Moskwa1918
Ganti jeneng Leningrad26 Januari 1924
Ganti jeneng St. Petersburg1 November 1991
Other information
Kodhe pos 190000–199406
Dialing code +7 812
Official website
http://eng.gov.spb.ru/
http://www.st-petersburg.ru/en/

St. Petersburg saiki dadi pusat papréntahan kawasan Leningrad, sanadyan statusé minangka sawijining kutha fédheral. Kutha iki minangka kutha plabuhan ing pinggir Kali Neva lan Lempongan Finskiy. Sing ndunungi ana 4.661.219 jiwa (2002). Ing tapel wates kutha ana punjul 40 kali lan kurang luwih 20 terusan banyu.

St. Petersburg iku pusat indhustri wigati, èlmu, budaya lan duwé prusahaan kang gawé mesin, indhustri wesi waja, kimia, indhustri ènthèng lan bahan panganan. Kutha iki wis duwé sistem sepur ngisor lemah (metro) wiwit taun 1955.

Pusat kuthané minangka Situs Warisan Donya UNESCO.

Sajarah

besut

St. Petersburg diadegaké déning Peter Agung ing taun 1703. Taun 1712-28 lan 1732-1918 dadi kutha krajan Ruslan. Panggonan pecahé revolusi Fèbruari lan Revolusi Oktober 1917. Wektu Perang Donya II kutha iki dikepung déning wadyabala Jerman sajeroning 900 dina (1941-44), nanging ora tau nyerah.

Panggonan

besut

Akèh institut panyelidikan ilmiah dumunung ing St. Petersburg, kalebu cabang Akademi Ilmu Ruslan, 43 perguruan tinggi antarané Universitas Nagara St. Petersburg, 16 teater (Mariinskiy, Teater Opera lan Balet, Teater Drama Gedhé), Perpustakaan Nasional Ruslan (ana sawatara manuskrip Melayu kalebu Sajarah Melayu kang digawa déning Laksamana I. F. Kruzenshtern ing pelayarané taun 1798), 47 musiyum: kang paling misuwur Hermitage kang sugih kolèksi lukisan, reca, permadani lsp. saka saidenging donya, Russky Muzey (Museum seni lukis Ruslan), Museum antropologi lan ètnologi (biyèn Kunstkammer) kanthi kolèksi étnografi Indonésia, Museum Memorial Pushkin.

Saliyané iku, ana akèh panggonan nyengsemaké paninggalan jaman biyèn, antarané Reca Peter Agung (1782), Pura Mangsa Salju (1754-62), Bèntèng Petropalovskaya (1703), Taman Mangsa Panas, Gréja Isaakiy (1818-58). Dianugerahi gelar Kutha Pahlawan (1945). Ora adoh saka St. Petersburg dumunung kutha Petrodvorets kanthi Pura tsar lan taman kang kebak pancuran banyu.

Pranala njaba

besut


Pamérangan Administratif Rusia  
Subyek Federal Rusia
Republik Adygeya | Altai | Bashkortostan | Buryatia | Chechnya | Chuvashia | Dagestan | Ingushetia | Kabardino-Balkaria | Karelia | Khakassia | Komi | Kalmykia | Karachay-Cherkessia | Mari El | Mordovia | Ossetia Utara-Alania | Sakha | Tatarstan | Tuva | Udmurtia
Krai Altai | Kamchatka³ | Khabarovsk | Krasnodar | Krasnoyarsk | Perm | Primorsky | Stavropol
Oblast Amur | Arkhangelsk | Astrakhan | Belgorod | Bryansk | Chelyabinsk | Chita¹ | Irkutsk² | Ivanovo | Kaliningrad | Kaluga | Kemerovo | Kirov | Kostroma | Kurgan | Kursk | Leningrad | Lipetsk | Magadan | Moskwa | Murmansk | Nizhny Novgorod | Novgorod | Novosibirsk | Omsk | Orenburg | Oryol | Penza | Pskov | Rostov | Ryazan | Sakhalin | Samara | Saratov | Smolensk | Sverdlovsk | Tambov | Tomsk | Tver | Tula | Tyumen | Ulyanovsk | Vladimir | Volgograd | Vologda | Voronezh | Yaroslavl | (Kamchatka
Kutha Federal Moskwa | St. Petersburg
Oblast otonom Yahudi/Birobidzhan
Okrug otonom Aga Buryatia¹ | Chukotka | Khantia-Mansia | Nenetsia | Ust-Orda Buryatia² | Yamalia | (Koryakia)³ | (Permyakia)
1. Tanggal 1 Maret 2008, Oblast Chita lan Aga Buryatia bakal digabungaké karo Krai Zabaykalsky.

2. Tanggal 1 Januari 2008, Okrug Buryat Ust-Orda bakal digabungaké karo Oblast Irkutsk.
3. Tanggal 1 Juli 2007, Oblast Kamchatka lan Okrug Otonom Koryakia digabung menyang Krai Kamchatka.

  • . Jeneng ing sajroning tandha kurung saiki wis ora ana manèh (digabung karo liyané)
Dhistrik Federal
Pusat | Selatan | Barat Laut | Timur Jauh | Siberia | Ural | Privolzhsky (Volga)