Janti
Janti utawa Jayanti wonten uga kang nyebut giyanti lan kélor wana (alas). Janti akèh ditemokaken ning Jawa lan biasa ditandur ning pekarangan, pembates sabin utawa ning kebon yaiku genah lan pupuk ijo. Tanduran kiyen bisa cukul ning lemah sing panas ning dataran cendhèk sampe 800 mdpl. Tanduran jayanti kepanjing jenis perdu sing nduwèni cabang akèh. Tandurané gelis dhuwur tekan 2–6 m. Pembibitané nggunakaken wijil. Kembang tanduran jayanti warnané kuning lan kepanjing kembang werna-warni wujud lempeng. Uwohé padha karo kacang gantung.
Ing sekabéhé bagian tanduran jayanti olèh dimanfaataken kanggo obat-obatan lan panganan ternak. Godhongé bisa dijangan lan ngobati TBC karo demam. Olahan kulit kayu lan oyoté bisa uga kanggo ngobati angèl nguyuh.[1]
Aran-arané désa
besutDesa-desa ning Jawa Wétan/Jawa Tengah/DIY sing nganggo aran Janti dadi aran désa yaiku:
- Désa Janti, Kecamatan Tarik, Kabupatèn Sidoarjo
- Désa Janti, Kecamatan Tulangan, Kabupatèn Sidoarjo
- Désa Janati, Kecamatan Waru, Kabupatèn Sidoarjo
- Désa Janti, Kecamatan Jogoroto, Kabupatèn Jombang
- Désa Janti, Kecamatan Mojoagung, Kabupatèn Jombang
- Désa Jantiganggong, Kecamatan Perak, Kabupatèn Jombang
- Désa Janti, Kecamatan Papar, Kabupatèn Kediri
- Désa Janti, Kecamatan Tarokan, Kabupatèn Kediri
- Désa Janti, Kecamatan Slahung, Kabupatèn Ponorogo
- Désa Janti, Kecamatan Polanharjo, Kabupatèn Klathèn
- Désa Jantiharjo, Kecamatan Karanganyar, Kabupatèn Karanganyar
Rujukan
besut- ↑ Santosa, Iman Budhi. Suta naya dhadhap waru : manusia Jawa dan tumbuhan. Yogyakarta. ISBN 9786026250421. OCLC 1040082743.