Jean-Jacques Rousseau

Jean Jacques Rousseau (28 Juni 17122 Juli, 1778) ya iku filsuf saka Prancis utawa Switserlan. Dhèwèké uga panulis lan priyayi pelopor Era Papadhangan. Idhé-idhé politiké awèh prabawa ing Revolusi Prancis.

Jean-Jacques Rousseau
Jean-Jacques Rousseau
Jean-Jacques Rousseau
Jean-Jacques Rousseau
Lair/Miyos 28 Juni 1712
Jenewa Switserlan
Tilar donya/Séda 2 Juli 1778
Ermenonville Prancis

Ukarané sing misuwur dhéwé iku, Kontrak Sosial: "Manungsa iku lair bébas, nanging ing endi-endi dhèwèké dibanda ranté."


Kauripan

besut

Wiwit cilik Rousseau seneng dhèwèkan, amarga ibuné wis tilar donya lan bapaké kang sibuk ngopèni pabrik arlojiné. Taun 1722 nganti 1724 dhèwèké manggon ana asrama ing Bossey, nalika bali ana Genève dhèwèké banjur dikongkon magang marang majikan kang galak lan kasar. Amarga kedadéyan kuwi, Jean Jacques malih dadi bocah kang isinan lan seneng ngapusi. Ing taun 1728 dhèwèké ora kuwat banjur lunga.[1]

Rousseau lair saka kulawarga protèstan, ananging nalika wis gedhé dhèwèké malih dadi katulik supaya éntuk bantuwan. Ana ing Kutha Annecy, dhèwèké éntuk bantuwan saka Madame de Warons kang luwih asring diundang Maman (ibu) déning Rousseau. Raja Sardaigne mènèhi bantuwan marang Madame de Warons kanggo nulungi uwong-uwong kang lagi waé lumebu Katulik.

Ananging nalika Rousseau bali ana Genève, dhèwèkè malih nganut agama protèstan meneh. Ing kana dhèwèké ora disenengi wong akèh kalebu pamrentahé le Grand Conseil amarga wis kebacut duwèni tumindak kang ala. Dhèwèké uga prang surat lan karya mungsuh Voltaire. Pungkasané Rousseau lunga menyang Kutha Paris.

Taun 1756-1757 Rousseau ana ing Kutha Paris, nèng kana dhèwèké ngasilaké manéka karya. Ananging anggoné kekancan karo Dideot pedhot amarga dhèwèké dianggep lunga ninggalaké kuwajiban.

Pagawéyan

besut

Taun 1732-178 dhèwèké dadi guru, pangowah gendhing. Ing taun 1742 dhèwèké wiwit nulis ing Ensiklopédhi bareng karo kancané, Diderot.

Karya

besut

Karyané Rousseau kang olèh pangaji saka Académie de Dijon ing taun 1750 yaiku Discours sur les Sciences et les Arts, risalah bab sains lan seni. Karya kasebut kasil nggawe dhèwèké suskes. Ing kana diandharaké yèn manungsa kuwi sejatiné apik, amung amarga kahanan kang ndadèkaké manungsa kuwi ala. Dhèwèké kalebu wong kang nulak èwah gingsiring jaman, lan luwih seneng dadi wong kang prasaja. Miturut Rousseau, sains lan seni-budaya wis ngerusak adat-istiadat. Kesenian cerak gayutané karo korupsi, amarga seneng marang gebyaring donya.

Saliyané kuwi uga ana karya kanthi irah-irahan Discours sur l'origine de l'inégalite kang ngandharaké bab kesenjangan sosial. Dhèwèké duwé panemu yèn manungsa kuwi wiwit lair wis dititahaké déning Gusti dadi wong apik, ananing kahanan politik lan masarakat kang gawé manungsa owah lan nyebabaké kesenjangan sosial.

Rujukan

besut
  1. Husen, Ida Sundari, 1939- (2001). Mengenal pengarang-pengarang Prancis dari abad ke abad. Jakarta: Grasindo. ISBN 979-695-486-9. OCLC 422880602.{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
 
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.