Joseph John Thomson

Joseph John Thomson (1856-1940) inggih punika salah satunggaling ilmuwan ingkang miyos wonten ing Cheetham Hill, ing pundi piyambakipun dipunangkat minangka profesor fisika eksperimental wiwit taun 1884. Panaliténipun ngasilaken penemuan "elektron". Thomson mangertosi bilih gas saged dados "penghantar" listrik. Piyambakipun dados perintis ngèlmu fisika nuklir. Thomson menangaken Bebungah Nobel Fisika wonten ing taun 1906.[1]

Foto Yayasan Nobel (1906)

Biografi

besut

Joseph John Thomson miyos wonten ing Creetham Hill, pinggiran kutha Manchester nalika tanggal 18 Dhésèmber 1856. Piyambakipun ndhaptar wonten ing Owens College, Manchester taun 1870, lan taun 1876 ndhaptar wonten ing Trinity College, Cambridge minangka pelajar biyasa. Piyambakipun dados anggota Trinity College taun 1880, nalika piyambakipun dados panarima Penghargaan Wrangler dan Smith (angka 2). Piyambakipun tetep dados anggota Trinity College salawasing gesang. Piyambakipun dados penceramah taun 1883, lan dados profesor taun 1918. Piyambakipun inggih punika professor fisika eksperimental wonten ing laboratorium Cavendish, Cambridge, ing pundi piyambakipun nggantosi John Strutt, 3rd Baron Rayleigh, wiwit taun 1884 dumugi taun 1918 lan dados profesor fisika terhormat wonten ing Cambridge lan Royal Institution, London.[2]

Thomson nalika punika kapéncut kaliyan struktur atom ingkang dipunrefleksikaken wonten ing bukunipun, ingkang judhul Treatise on the Motion of Vortex Rings ingkang amargi buku punika saged menangaken Adams Prize taun 1884. Bukunipu ingkang judhul Application of Dynamics to Physics and Chemistry terbit taun 1886, lan nalika taun 1892 piyambakipun nerbitaken buku kanthi judhul Notes on Recent Researches in Electricity and Magnetism. Pakaryan punika mbungkus kasil-kasil ingkang dipunraih salajengipun dumugi wontenipun risalat James Clerk Maxwell ingkang misuwur lan asring dipunsebut minangka jilid katiga Maxwell. Thomson makarya kaliyan Professor J.H. Poynting saperlu nyerat buku fisika wonten ing sekawan jilid, kanthi judhul Properties of Matter lan taun 1895, piyambakipun ngasilaken buku Elements of the Mathematical Theory of Electricity and Magnetism, edisi kaping gangsal ingkang terbit ing taun 1921.[3]

Taun 1896, Thomson ngunjungi Amérika Sarékat saperlu maringi kursus saking sekawan sesorah, ingkang ngrinkesaken panalitén-panalitén énggalipun wonten ing Universitas Princeton. Ceramahipun punika salajengipun dipunterbitaken kanthi judhul Discharge of Electricity through Gases (1897). Sakonduripun saking Amérika Sarékat, piyambakipun pikantuk pedamelan paling brilian wonten ing gesangipun, inggih punika nyinaoni muncakipun sinar katode wonten ing penemuan elektron, ingkang dipunngendikakaken sadangunipun kursus wonten ing sesorah dalunipun dumugi Royal Instution wonten ing dinten Jumat, 30 April 1897. Bukunipun, Conduction of Electricity through Gases terbit taun 1903, dipuncariyosaken déning Lord Rayleigh minangka sawijining tinjauan saking "dinten-dinten hebatipun ing Laboratorium Cavendish". Edisi candhakipun, dipunserat kanthi kolaborasi kaliyan putranipun, George, ing kalih jilid (1928 lan 1933).[4]

Thomson wangsul dhateng Amérika taun 1904, saperlu maringi 6 sesorah babagan kelistrikan lan zat wonten ing Universitas Yale. Ceramah punika damel sapérangan pernyataan wigati babagan struktur atom. Piyambakipun manggihaken sawijining metode kanggé misahaken jinis atom-atom lan molekul-molekul ingkang bènten, kanthi migunakaken sinar positif, sawijining pamanggih ingkang dipunkembangaken déning Francis Aston, Dempster lan sanèsipun, ingkang nuju ing kathah penemuan isotop. Lan malih, kanggé punika namung dipunsebutaken lan piyambakipun nyerat buku-buku, kados ta The Structure of Light (1907), The Corpuscular Theory of Matter (1907), Rays of Positive Electricity (1913), The Electron in Chemistry (1923) lan otobiografiipun, lan buku Recollections and Reflections (1936), wonten ing antawising kathah terbitan sanèsipun. Thomson, satunggaling panampa paréntah saking jasa, dipunlantik taun 1908.[5]

Piyambkipun kapilih dados anggota Royal Society taun 1884 lan dados présidhèn antawis 1916-1920; piyambakipun pikantuk medali Royal and Hughes nalika taun 1894 lan 1902, lan pikantuk Medali Copley taun 1914. Piyambakipun dipunanugrahi Medali Hodgkins (Smithsonian Institute, Washington) taun 1902; Medali Franklin lan Medali Scott (Philadelphia), 1923; Medali Mascart (Paris), 1927; Medali Dalton (Manchester), 1931; lan Medali Faraday (Institute of Civil Engineers) nalika taun 1938. Thomson inggih punika Présidhèn British Association taun 1909 (lan saking pérangan A taun 1896 lan 1931) lan ugi piyambakipun nyepeng gelar Dhoktor Kehormatan saking Universitas Oxford, Dublin, London, Victoria, Columbia, Cambridge, Durham, Birmingham, Göttingen, Leeds, Oslo, Sorbonne, Edinburgh, Reading, Princeton, Glasgow, Johns Hopkins, Aberdeen, Kraków, lan Philadelphia.[6]

Nalika taun 1890, piyambakipun palakrama kaliyan Rose Elisabeth, putri Sir George E. Paget, K.C.B. Dipunparingi 1 putra, sapunika Sir George Paget Thomson, profesor emeritus kanggé fisika ing Universitas London, ingkang ugi dipunanugrahi Nobel Fisika taun 1937, lan 1 putri.

J. J. Thomson séda nalika tanggal 30 Agustus 1940.

Cathetan suku

besut
  1. http://www.nobelprize.org/nobel_prizes/physics/laureates/1906/thomson-bio.html
  2. http://www.chemheritage.org/discover/online-resources/chemistry-in-history/themes/atomic-and-nuclear-structure/thomson.aspx
  3. http://northspringer.tripod.com/HistoryofAtom/id2.html
  4. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2013-07-31. Dibukak ing 2013-01-26.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  5. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2012-11-02. Dibukak ing 2013-01-26.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  6. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2012-11-06. Dibukak ing 2013-01-26.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)