Umumipun, kamlaratan punika kawontenan tiyang ingkang nyandhang gesang mlarat lan boten gadhah bandha utawi arta lan griya. Kanthi ukara sanèsipun, kamlaratan utawi tiyang boten gadhah punika sebatan kanggé tiyang utawi sakempalan tiyang ingkang kekirangan prakawis kagesangan ingkang samurwat. Gesang kecingkrangan (tansah kekirangan) dipuntingali saking prakawis material, inggih punika dhaharan, toya ingkang resik, lan papan padunungan. Kajawi punika, saged ugi katingal saking sumber sosial kados ta aksès informasi, wulang wuruk, kasarasan (kaséhatan), status sosial, lan kakiyatan pulitik.

Laré saking Cipinang Timur wonten ing pawuhan kitha

Panyebab kamlaratan

besut

Kamlaratan kathah dipunhubungaken kaliyan:

  • jalaran individual, utawi patologis, ingkang mirsani kamlaratan minangka akibatsaking perilaku, pilihan, utawi kemampuan saking tiyang mlarat;
  • jalaran kulawargi, ingkang ngubungaken kamlaratan kaliyan pendidikan kulawargi;
  • jalaran sub-budaya (subcultural), ingkang ngubungaken kamlaratan kaliyan kagesangan sadinten-dinten, dipunsinaoni utawi dipunlampahi ing salebeting lingkungan saubengipun;
  • jalaran agènsi, ingkang mirsani kamlaratan minangka akibat saking aksi tiyang sanès, kalebet perang, pamaréntah, lan ékonomi;
  • jalaran struktural, ingkang maringi alesan manawi kamlaratan wujud asil saking struktur sosial.

Waosan

besut
  • Frances Fox Piven, Richard A. Cloward, Regulating the Poor: The Functions of Public Welfare, Vintage Books 1993
  • Jean Swanson, Poor-Bashing: The Politics of Exclusion, 2001

Ugi pirsani

besut

Rujukan

besut

Pranala njawi

besut