Katakombe iku kuburan kang ana ing sangisoré lemah ing pirang-pirang kutha ing Kamaharajan Roma, khususé ing kutha Roma.[1] Awale kuburan iku kanggo kuburan kaya lumrahé, banjur digali dadi lorong-lorong dawa sangisore lemah nganti pirang-pirang tingkat. Nyarekake wong séda iku wis dadi warisan tradhisi saka mbah buyute wiwit dhisike isih kafir.[2] Nanging, banjur iki dijupuk déning wong-wong Kristen. Tembok-temboke lorong iku kanggo kuburane wong-wong kang duwé iman lan ruang-ruang gedhé kanggo patemonan ibadat rahasia nalika penganiayaan kang dilakokake déning pamaréntah Romawi ing abad pisanane wong Kristen (abad 1 nganti tekan abad abad 4) saka jaman Kaisar Valeranius. Wong-wong Kristen meneng-meneng kumpul ing katakombe-katakombe San Sebastiano ing sajabane témbok kutha Roma kanggo njaluk parlindhungane Rasul Petrus lan Paulus kang mayite disarekake ing katakombe iki.

Prosesi Nyarekake San Callistus ing Roma.

Pamilihan panggonan ing batu kang diarani lemah tuffa, iku lemah kang kurang atos, nanging wis kena udara garing banjur dadi atos. Katakombe dibangun wiwit abad 2. Ing abad 4, katakombe kanggo upacara kanggo mengeti para saksi iman utawa martir Kristen kang séda sajeroning penganiayaan. Sawisé abad 7 peratalat ibadat ing katakombe dijupuki déning suku Langobard lan pirang-pirang penyerbu lan akèh para martir kang dipindhahake menyang penggonan-panggonan kang luwih aman ing abad kaping 9. Sawisé iku, katakombe ora kaurus nganti tekan abad kaping 16.

Cathetan sikil

besut
  1. (ing basa Indonésia)Adolf Heuken., Ensiklopedia Gréja jilid IV K-KI,Jakarta: Yayasan Cipta Loka Caraka. 2005
  2. (ing basa Indonésia)(Indonesia)Michael Collins & Matthew A.Price.,THE STORY OF CHRISTIANITY, Menelusuri Jejak Kristianitas, Yogyakarta: Kanisius, 2006

Pranala njaba

besut