Kiringan
[1]Wit kiringan (Horsfieldia irya) ing Sundha lumrahé diarani kalapa tiyung. Ana ing Jawa wit ana sing ngarani kalak pacung, kiringan, utawa klapan.
Wit kiringan dhuwuré bisa nganti 20-25 m lan gedhéné 40-70 cm. Wit kasebut sumebar ana ing Nuswantara sandhuwuré 1.000 mdpl. Diwartakaké rikala jaman biyèn ana ing Jawa Tengah, wit kiringan thukul ana ing dhaérah sangisoré 500 mdpl.
Miturut panliten K. Hèyné sajroné buku sing irah-irahané Tumbuhan Berguna Indonesia I-IV (Badan Penelitian dan Pengembangan Kehutanan Departemen Kehutanan, 1987), kayune awerna ijo tuwa, atos, lan raté alus. Kayuné gampang diwernani lan gampang garing tanpa mlethèk utawa béngkong. Diwartakaké menawa kembangè akèh lan ambuné arum mèmper kembang cempaka.[1]
Arané Désa
besutAna ing désa-désa sakupengé Jawa Timur/Jawa Tengah/DIY sing nggunakaké aran wit kiringan minangka aran désa, kaya ing ngisor iki:
No | Désa/Kelurahan | Kecamatan | Kabupatèn |
---|---|---|---|
1 | Kiringan | Gondangwétan | Pasuruan |
2 | Kiringan | Takeran | Magetan |
3 | Kiringan | Boyolali | Boyolali |
4 | Kiringan | Tulung | Klatèn |
Rujukan
besut- ↑ a b Santosa, Iman Budhi (2017). Suta Naya Dhadhap Waru. Yogyakarta: Interlude. kc. 235. ISBN 978-602-6250-42-1.