Layang kabar

babaran jadwalan isi warta kadadéan, artikel, fitur, édhitorial, lan tawa
(Kaelih saka Koran)

Layang kabar (Carakan: ꦭꦪꦁꦏꦧꦂ, Pégon: لاياڠ كابار), uga diarani ariwarti utawa koran yaiku lembaran-lembaran dluwang utawa kertas kang isiné warta lan kapérang dadi kolom-kolom (8-9 kolom).[1] Layang kabar kababar saben dina utawa kala-kala.[1] Tembung koran ing basa Jawa dijupuk saka basa Walanda krant kang sadurungé dijupuk saka basa Prancis courant. Layang kabar iku racaké dicithak ing kertas kang béyané murah.[2] Dluwang iku karan kertas layang kabar.[2]

Jinis tulisan

besut

Akèh macemé tulisan kang ana ing layang kabar.[3] Ana tulisan kang metuné saben dina, ana tulisan kang metuné ing dina-dina kang wis ditemtokaké.[3] Jinis tulisan kang metuné saben dina ing layang kabar yaiku:

  • Berita utawa warta.[3] Layang kabar kang terbité saben dina paling akèh ngemot berita lémpang (straighnews) yaiku berita saka laporan para reporter utawa wartawan.[3]
  • Tajuk yaiku pamikiran rédaksi marang kawicaksanan, peristiwa, utawa kedadeyan tartamtu.[3]
  • Opini (panemu) yaiku pamikiran wong kang ahli ing babagan kang ditulis ing opini iku.[3]
  • Feature yaiku tulisan kang isiné ngenani penggalian lebih dalam mligi ing aspek Human Interest.[3]
  • Pojok yaiku tulisan kang didokok ing pojokan, sakaca karo tajuk, panemu (opini) lan surat pembaca. Lumrahé, tulisanné iku mung rong kalimat singkat kang isiné kalimat berita lan kalimat tanggapan/sentilan[3]
  • Karikatur iki kolom kang isiné gambar kang kadang uga ngemot carita-carita nyentil marang kadadéan kang lagi booming.[3]
  • Surat Pembaca iku isiné masalah-masalah warga.[3] Wujudé bisa wujud panyaruwé utawa kritik.[3]

Sajarah

besut

Layang kabar wiwit dikènal wong yaiku ing jaman Romawi Kuno (59SM).[4] Layang kabar sepisanan iku isih awujud tulisan tangan kang ditémpél ing témbok.[4] Isiné layang kabar iku ngenani sosial lan pulitik.[4] Déné layang kabar céthak kang sepisanan iku saka Cina. Metu ing taun 700-an kanthi jeneng Di-Bao (Ti-Pao).[4] Metode nggarapé yaiku nganggo balok kayu kang diukir nganggo huruf Cina.[4] Wujud layang kabar kang sawisé yaiku: ''Newsletter'' ing taun 1400-an. Wartané ngenani bisnis lan bab dodolan ing Éropah.[4] Ing taun 1500-an ngrembaka manèh dadi lembar warta/ newssheet.[4]

Wetuné layang kabar ing Éropah diwiwiti karo mesin cithak temuané Johann Gutenberg ing satengahing abad XV kang nggampangaké prosès prodhuksi.[4] Dhisik warta kang dimot mung siji kedadeyan tur metuné ora tèratur.[4] Banjur ngalami évolusi lan terbit kanthi teratur kaya kang dilakoni minggon Avisa Relation oder Zeitung, wiwit taun 1609 ing Strasbourg, Jerman.[4] Pranyata abad XVII dadi abad wigati lairé layang kabar ing Éropah.[4]

Ing taun 1665 Inggris wiwit prodhuksi layang kabar.[4] Layang kabar kang sepisanan yaiku The London Gazette kang wetuné isih kala-kala.[4] Layang kabar sèpisanan ing Inggris yaiku The London Daily Courant (1702).[4] The Times, layang kabar Inggris kang terbit wiwit abad XVII nganti saiki yaiku layang kabar kang paling dhisik nganggo sistem cetak rotasi.[4] Ditemokakéné télégram lan jaringan kabèl internasional ing satengahing taun 1800-an marakaké wartawan bisa luwih rikat golék warta.[4]

Sajarah ing Indonésia

besut
 
Layang kabar

Ing Indonésia, wis wiwit ana ing taun 1744, nalika papréntahané Gubjen Van Imhoff,yaiku Bataviasche Nouvelles.[4] Nanging umuré mung rong taun.[4] Nalika taun 1776, ing Jakarta metu layang kabar Vendu Nieus, kang ngemot manéka warna barang lélangan.[4] Layang kabar minggon iki mandheg terbit mèrga Gubjén Daendeles mengambil alih ''percetakan''.[4]

Deandels nerbitaké Bataviascche Koloniale Courant (1810) kang umuré uga cekak amarga Walanda kudu nyingkir kanggo Inggris.[4] Inggris ngèrti prèlune layang kabar, mangka dicétak Java Government Gazette, kanggo corong pamarintah.[4] Pas Walanda balik dadi panguwasa Indonésia, layang kabar iku diganti dadi Bataviasche Courant (1816), banjur dadi Javasche Courant (1827).[4] Taun 1942, Walanda sumingkir mèrga Jepang mara.[4] Layang kabar banjur dijupuk papréntahan anyar lan diowahi dadi Ken Po, kang artiné berita pamaréntah.[4]

Layang kabar swasta kang diterbitaké ing Indonésia diwiwiti déning wartawan landa kang arané W.Bruining.[4] Layang kabar terbitané Bruining iku jenengé Batavia Advertentieblad.[4] Déné pribumi kasil duwé layang kabar dhéwé yaiku ing taun 1854 ing Weltevreden Gambir, Jakarta.[4] Banjur mètu majalah Bianglala saka pihak Zanding.[4] Mingguan basa Jawa Bromartani terbit sèpisanan ing taun 29 Maret 1855.[4] Nanging mboh géné Van der Muelen ing de Courant Stijhoff (Leiden 1885), ngomong yèn prakarsa iku nembé mètu taun 1856, nalika terbit Soerat Kabar Basa Melajoe ing Surabaya.[4] Wiwit iku akèh layang kabar Malayu kang dikelola wong landa asli utawa peranakan.[4]

Taun 1904 pers Indoensia bangkit, nalika Raden Mas Djokomono karo akte notaris Simon Mendirikan NV Javaansche Boekhandel & Drukkerij en handel in Schrijfbehoeften Medan Prijaji ing Bandung, ditutké mètuné minggon Medan Prijaji (1907).[4] Pas wèktu iku kanggo sepisanan bangsa Indonésia duwé layang kabar dhéwé.[4]

Piguna

besut

Layang kabar kang dadi salah sawijining ''médhia massa'' duwé peran lan fungsi kang gedhé ing prosès pambentukan identitas nasional.[5] Manéka warna tulisan kang ana ing layang kabar iku ngréwangi nyiptakaké pemahaman anyar marang warga ngènani wèktu, wewengkon lan basa.[5] Telung unsur iku kang mbentuk kesadaran wong-wong yèn dhèwèké iku péranganing komunitas kang arané "bangsa".[5]

Cathetan suku

besut
  1. a b Arti Kata (diaksès 4 April 2011)
  2. a b enformasi[pranala mati permanèn](diunduh tanggal 12 April 2011)
  3. a b c d e f g h i j k [1][pranala mati permanèn] (kaunduh 4 April 2011)
  4. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah wartawarga.gunadarma Archived 2010-02-17 at the Wayback Machine.(kaundhuh tanggal 12April 2010)
  5. a b c suaramerdeka(kaunduh tanggal 12 April 2011)