Tuduhaké menu pokok

Basa krama (uga kaaran subasa lan parikrama[1]) iku basa Jawa kang nganggo tembung krama. Duk nguni, basa krama kapérang telu: wredha krama, kramantara, lan mudha krama, dalah pernahé ana ing dhuwuring basa madya. Saiki, basa krama kapérang loro: basa krama lugu lan krama alus, dalah pernahé ing dhuwuring basa ngoko.[2]

PéranganBesut

LawasanBesut

 
Unggah-ungguh Jawa kang lawas

Basa krama kang lawas kapérang telu: mudha krama, kramantara, lan wredha krama.[2][3][4] Basa kramantara lan wredha krama uga diarani basa krama lugu.[4][5] Mungguh urutané ana rupa-rupa gumantung pustaka kang kapirid.

Cathetan: mungguh ing conto, ater-ater lan panambang ngoko dikandelaké lan digarisi sor lan tembung krama inggil digarisi sor.

Wredha kramaBesut

Basa wredha krama iku basa krama kang nganggo tembung krama mawa ater-ater lan panambang ngoko: dak-, ko-, di-, -ku, -mu, -(n)é, -(k)aké.[2][4][5] Madyama purusané nganggo tembung panjenengan sampéyan[4] utawa sampéyan, déné pratama purusané nganggo tembung kula.[5] Panemu liya mratélakaké yèn ing basa werdha krama uga bisa nganggo tembung krama inggil, tembung ingkang bisa kawancah dadi kang, nanging ora bisa nganggo tembung madya kang wancahan: napa, nika, mawon.[6] Panganggoning basa wredha krama padatané ing guneming wong tuwa (wredha) marang wong enom.[2][5] Ing sor iki conto ukara ing basa wredha krama.

  1. Pun anak punapa ajeng nedha ulam ménda? Disaté raosé éca, pun Monah saged ambakaraké.[4]
  2. Jambu abrit kula tedha sampéyan kintunaké mangké sonten, epahané kang bekta mangké kula bayaré saking kula kémawon.[6]
  3. Nak, kabaré sampéyan sampun dicriyosi déning Mas Lurah?[5]

KramantaraBesut

Basa kramantara (uga diarani basa krama lugu[5]) iku basa krama kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang krama. Ater-ater lan panambang krama ana: dipun-, -(n)ipun, lan -(k)aken.[2][4][5] Basa kramantara mèmper basa wredha krama, mung béda ing panganggoning ater-ater lan panambang. Madyama purusané nganggo tembung keng sarira, déné pratama purusané nganggo tembung kula.[4] Panganggoning basa wredha krama padatané ing guneming wong-wong kang tatarané (kalungguhané, pangkaté, sekolahé, utawa umuré) padha,[2][5] priyayi kang pangkat luhur marang priyayi kang pangkat asor kang luwih tuwa,[6] lan wong tuwa marang wong nom kang tanpa pangkat (dudu sadulur).[5] Ing sor iki conto ukara ing basa kramantara.

  1. Keng sarira punapa ajeng nedha ulam ménda? Dipunsaté raosipun éca, pun Monah saged ambakaraken.[4]
  2. Kala wingi sampéyan rak sampun kula criyosi, bilih kula boten saged dhateng sadèrèngipun jam sadasa.[5]

Mudha kramaBesut

Basa mudha krama (uga diarani basa krama lugu[4]) iku basa krama kang nganggo tembung krama kanthi woworan tembung krama inggil mawa ater-ater lan panambang krama.[2][4][5] Madyama purusané nganggo tembung panjenengan sampéyan[4] utawa panjenengan,[5] déné pratama purusané nganggo tembung kula.[4][5] Panganggoning basa wredha krama padatané ing guneming wong enom (mudha) marang wong tuwa,[2][5] murid marang guru,[5] priyayi marang priyayi kang pangkat padha[6][5] lan kang pangkat luhur,[6] Ing sor iki conto ukara ing basa mudha krama.

  1. Panjenengan sampéyan punapa karsa dhahar ulam ménda?[4]
  2. Panjenengan sampéyan kula aturi pinarak ing griya kula.[6]
  3. Panjenenganipun Pak Guru ngarsakaken unjukan punapa?[5]
  4. Manawi panjenenganipun ibu marengaken, kula badhé ndhèrèk.[5]

AnyaranBesut

 
Unggah-ungguh Jawa kang anyar

Basa krama kang anyar mung kapérang loro: krama lugu lan krama alus.[7]

Krama luguBesut

Basa krama lugu iku basa krama kang tembung-tembung, ater-ater, lan panambangé kabèh krama.[7] Basa krama lugu iki padha karo basa kramantara kang lawas. Ing sor iki conto tulisan ing basa krama lugu.

Mangké sonten, manawi siyos, kula badhé késah dhateng Surabaya. Manawi sampéyan gadhah arta, bok kula dipunsambuti sangu. Badhé nédha Paman, piyambakipun saweg boten gadhah arta. Wonten arta sakedhik, nanging, cariyosipun Paman, sampun kalajeng dipuntumbasaken obat. Bibi sakit tanganipun. Saged ta nyebrak sadinten kalih dinten?[7]

Conto ing dhuwur mung nganggo tembung krama.

Krama alusBesut

Basa krama alus iku basa krama kang tembung-tembung, ater-ater, lan panambangé krama kanthi campuran tembung krama inggil lan krama andhap.[7] Basa krama alus iki padha karo basa mudha krama kang lawas. Ing sor iki conto tulisan ing basa krama alus.

Mangké sonten, manawi siyos, dalem badhé késah dhateng Surabaya. Manawi panjenengan kagungan arta, bok dalem dipunparingi ngampil sangu. Badhé nyuwun Paman, panjenenganipun saweg boten kagungan arta. Wonten arta sakedhik, nanging, pangandikanipun Paman, sampun kalajeng dipunpundhutaken obat. Bibi gerah astanipun. Saged ta nyuwun ngampil sadinten kalih dinten?[7]

Conto ing dhuwur nganggo tembung krama, tembung krama inggil (panjenengan, kagungan, paring, ngampil, nyuwun, pangandika, pundhut, gerah, lan asta), lan tembung krama andhap (dalem).

Cathetan sikilBesut

  1. Sasradiningrat & Wirapustaka 1903, k. 1082.
  2. a b c d e f g h Suwadji 2013, k. 11.
  3. Harjawiyana & Supriya 2001, k. 18.
  4. a b c d e f g h i j k l m Prajapustaka 1925, kk. 4-5.
  5. a b c d e f g h i j k l m n o p q r Padmosoekotjo 1953, kk. 13-15.
  6. a b c d e f "Antya basa lan basa antya". Sasadara. 1903-08-09. 
  7. a b c d e Suwadji 2013, kk. 13-14.

RujukanBesut