Larva (Latin: larvae) iku wangun anom (juvenile) kéwan ingkang perkembangané liwat metamorfosis, kayadéné srangga lan amfibia. Wangun larva bisa béda banget karo wangun diwasané, upamané uler lan kupu-kupu ingkang béda wanguné. Larva umumé nduwèni organ khusus ingkang ora ana ing wangun diwasa lan uga ora nduwèni organ tinamtu ingkang diduwèni ing wangun diwasa. Sawiji tahapan urip diarani larva yèn jroning wangun iku nduwèni aktivitas ingkang dhuwur (khususé obah lan golèk pangan).

Larva sajinis kupu-kupu.

Klompok kéwan ingkang nduwèni tahap larva cukup wiyar, nyakup srangga, manéka Porifera, ubur-ubur lan kerabaté (Coelenterata), manéka Crustacea, Echinodermata, lan amfibia. Sapérangan iwak ingkang lebar netes saka endhogé uga diarani minangka larva. Ora kabèh srangga nduwèni wangun ingkang diarani larva, amarga mung srangga ingkang nglakoni jalur metamorfosis sampurna (holometabola) ingkang nduwèni wangun larva. Srangga ingkang mung nglakoni metamorfosis ora sampurna (hemimetabola) wangun enomé diarani nimfa (nympha).

Jeneng-jeneng khusus

besut

Jroning basa sedina-dina, wangun larva ditepungi ing manéka jeneng. Larva srangga klompok kupu lan ngengat ditepungi wiyar minangka uler. Larva laler lan sapérangan kumbang ditepungi minangka bernga (berenga) utawa sèt, nanging larva laler woh sing biasa ditemokaké ing woh diarani minangka "uler" (woh) senajan sacara fisik luwih arupa sèt (amarga ora duwé sikil). Larva kumbang gedhé (utamané Scaraboidea) ditepungi minangka urèt. Sapérangan jinis urèt kang bisa dipangan diarani gendhon, umpamané gendhon penjalin kang dadi dhaharan Sultan Hamengkubuwono IX.[1]

Uler kayu sing dipangan wong utawa kanggo pakan manuk ocèh-ocèhan iku uga uret. Larva lemud diarani uget-uget. Undur-undur luwih ditepungi wong amarga larvané wangun struktur mèmper corong kuwalik ing lemah nggesik kanggo njebak mangsané. Larva urang lan krustasea liyané ditepungi jroning telung tahapan: nauplius, zoea, lan mysis.

Rujukan

besut
  1. "Para Pendedah Rahasia Sajian untuk Raja".