M. Irfan (lair Bukittinggi 1972) iku juru lukis Indonésia. Dhèwèké wiwit nepangi seni lukis nalika isih cilik. Apa manèh ing kulawarga, kakange kang uga seniman lukis gaweé Irfan kepranan marang babagan seni. Sakwise dhewasa, ing 1993 Irfan lumebu Pawiyatan Luhur Seni Indhonesia Yogyakarta (ISI Yogyakarta) lan ngangsu kawruh sarta gulawenthah bakat seniné.[1]

M. Irfan miwiti lan gegulang laku artistik anyar. Irfan milih lokomotof lan ril sepur minangka ener kanggo lukisané. Ing lukisané Irfan, prabawa kekuwatan mesin banget cethané. Irfan wis naté luwih saka pisan motret ing sakiwa tengené setasiyun sepur sadurunge miwiti nglukis gandhengan lokomotif.

Kanggone Irfan, mesin lokomotif yaiku pralambang kang gawa kepénginan lan gegadhangan. Gerbong sepur kang lumaku iku ana déné nggembol weling yèn saben laku iku mikul momotan dhewe-dhewe.

Lukisan sepur utawa lokomotif iki dadi karyané kang dipamèraké ana ing pamèran tunggal kanthi irah-irahan “Odyssey” ing Topred Art Gallery Beijing Tiongkok taun 2008. Lukisané ngrekam éwah-éwahané kahanan donya. Diwiwiti kanthi téknologi jaman purba tekan téknologi super-modèrn kanthi kecepatan tinggi kaya sepur.

Karya-karyané mujudaké pengalamané Irfan priangga. Laku sajroning prosès ing babagan kesenian kang tansah kasepènan. Ing lukisané ora ana paraga. Nanging, kabèh sesawangan yaiku paningal kesepènan pangulandara, sawijining jejer kang wis dijiwai déning pangrasa lan émosi kang paling jero M. Irfan.

Pengalaman lelakon M. Irfan narik kawigatèn lan duwèni cengkorongan métafora kang komplit. Pengalaman lelakoné ora ana ing wiwitan, nanging sajroning lelakon kang ibarat ora ana éntèké. Nglangkungi siji mbaka siji setasiyun, sarupa uniné sempritan sepur kang nggambaraké pakaryan kang ora bakal kalis.

M. Irfan mbrubah pengalamané dadi semangat sajroning makarya. Dhèwèké nuladhani gaya lukisan réalisme. Dhèwèké kepranan marang kwalitas lan tèkstur kaya gayané Gustave Courbet utawa pancahyan lan werna mèmper Claude Monet.

Relatif, senadyan ora cetha, karya Irfan uga nylorotaké rasa tab-taban jroning emosi kang teguh. Dhèwèké angsah luwih princi lan setiti ing kahanan basa kang luwih alus lan sesipatan émosi kang isih kebak ngandhakaké kwalitas semangat.

Irfan gabungaké jenis gaya kang béda karo basa lan séni kang ana ing sakiwa tengené lumantar pirang-pirang tumpukan pengalaman. Anggitan seniman enom iki wis nyawijikaké antara solah bawané pawongan karo donya kasunyatan. Dhèwèké uga nyambungaké èsthining ati generasu seniman enom karo seni kontèmporèr kaya ing dina-dina iki.

Rujukan besut

  1. 1978-, Dahlan, Muhidin M.,. Almanak seni rupa Indonesia : secara istimewa Yogyakarta. [Jakarta]. ISBN 9789791436298. OCLC 848263279.{{cite book}}: CS1 maint: extra punctuation (link) CS1 maint: numeric names: authors list (link)