Mahavir (Sansekerta महावीर, Kannada ಮಹಾವೀರ lan Tamil அருகன்("Arugan") ingkang gadhah teges "Pahlawan Besar" utawi Vardhamana, gesang ing jaman (599527 SM). Lair ing India sisih wétan, ing laladan ingkang sami kaliyan lairipun Buda Gotama, nanging bènten jaman utawi generasinipun.[1] Mahavira inggih punika asma ingkang sampun limrah dipun-ginakaken kaum Jain tumrap Vardhamana, tiyang ingkang dados tukoh utama panyebar agama kaum Jain.[2] Ing yuswa tigang dasa taun, panjenenganipun nilar kadonyan (nilar garwa lan putrinipun) saperlu mados margi ingkang lurus lan kepuasan spiritiul.[2]

Mahāvīra
24th Jain Tirthankara
Patung Mahavir Swami
Detilipun
Nama sanès:Vardhamana,Sanmatinayak,Vir,Maha-ativeer, Shramana, Niggantha
Data Sajarah:599–527 BCE
Kulawargi
Bapak:Siddaratha
Ibu:Trishala (Priyakarni)
Dhinasti:Ikshvaku
Papan panggènan
Miyos:Kundalagrama near Vaishali
Nirvana:Pavapuri, District Nalanda, Bihar
Atribut
Warni:Kuning
Simbol:Singa
Inggilipun:6 Feet
Séda:72 taun
Attendant Gods
Yaksha:Matang
Yaksini:Siddhayika

Verdhamana dados pendheta aliran dhisiplin Parsyanatha, aliran punika kalebet aliran ingkang alit nanging gadhah paugeran-paugeran ingkang banget kedah dipunlaksanakaken déning tiyang ingkang nyepeng aliran punika.[2] Sadangunipun kalih welas taun, panjenenganipun tapa brata utawi meditasi. Asring pasa, boten gadhah bandha donya menapa-menapa.[2] Nalika yuswanipun sekawan dasa kalih taun.[2] Mahavira gadhah pamanggih manawi panjenenganipun sampun pikantuk “kecerahan spiritual”.[2] Panjenenganipun lajeng ngajar lan khotbah bab spiritual.[2] Nalika panjenengan tilar donya taun 527 SM, panjenenganipun sampun pikantuk kathah pangikut.[2]

Sejatosipun dhoktrin Mahavira ameh sami kaliyan ajaran Buda lan Hindhu.[2] Kaum Jain percados manawi manungsa séda, jiwanipun boten ndhèrèk séda nanging reinkarnasi dhateng badan ingkang sanès (sanès badanipun manungsa).[2] Doktrin punika inggih punika salah satunggalipun lelandhesanipun kaum Jain. Jainisme percados wontenipun karma, dontrin bab etika konsekuensi saking sadaya “tingkah laku” badhé dipunwales ing mangkenipun.[2] Supados sadaya dosa saged ical punika kedah dipunsucikaken kanthi nilar kasenengan donya.[2] Mligi kanggé pendheta-pendheta kaum Jain kedah nengenaken gesang prasaja.[2] Aspek agama Jain ingkang paling awrat inggih punika dhoktrin ahimsa utawi boten mawi kacongrahan.[2] Jain gadhah gegebengan inggih punika boten kepareng gadhah sipat awon dhumateng kéwan lan manungsa.[2] Amargi punika, kaum Jain dados “vegetarian” utawi namung dhahar ron utawi wit-witan kemawon.[2]

Cathetan suku

besut
  1. Mahavira dipunundhuh tanggal 26 Juni 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p [Michael H. Hart. 1978. Seratus Tokoh yang Paling Berpengaruh dalam Sajarah. Jakarta: Dunia Pustaka Jaya]

Pranala njawi

besut