Malahayati iku salah sawijiné wanita kang agung saka Kasultanan Acèh. Garwané wis séda nalika ing pertempuran karo Portugis nalika arep ngrebut Selat Malaka. Taun 1585-1604, dhèwèké dadi Kepala Barisan Pengawal Pura Panglima Rahasia lan Panglima Protokol Pamaréntah saka Sultan Saidil Mukammil Alauddin Riayat Syah IV.

Malahayati
175px
Laksamana Keumala Hayati
Lair1550
Kesultanan Aceh Aceh Besar, Kesultanan Aceh
PatiJuni 1906
Kesultanan Aceh Aceh Besar, Kesultanan Aceh
Jalaran patiGugur saat melindungi Teluk Krueng Raya dari serangan Portugis yang dipimpin Laksamana Alfonso De Castro
Krueng Raya, Lamreh, Aceh Besar
5°35′28.9″N 95°31′40.3″E / 5.591361°N 95.527861°E / 5.591361; 95.527861Koordhinat: 5°35′28.9″N 95°31′40.3″E / 5.591361°N 95.527861°E / 5.591361; 95.527861
Jeneng liyaKeumalahayati
Warga nagaraKesultanan Aceh Kesultanan Aceh
Alma materAkademi Militer Ma'had Baitul Maqdis
Kondhang ing● Pejuang Perang Aceh,
Pahlawan Nasional Indonesia
LawanNèderlanBelanda
PortugalPortugis
BojoLaksamana Zainal Abidin
Wong tuwaLaksamana Mahmud Syah
KulawargaLaksamana Muhammad Said Syah (Kakek)
Sultan Salahuddin Syah (Buyut)

Malahayati mimpin 2000 wadyabala inong balee, ya iku wadyabala kang anggotané kabèh wanita, ya iku randa saka pejuang Acèh kang padha palastra ing paprangan. Tanggal 11 September 1599, Malahayati kasil mrajaya Cornelis de Houtman nalika lawan tandhing ing dhuwur kapal. Awit saka jasané iku, Malahayati pinaringan gelar Laksamana Malahayati, dadi laksamana wanita kang kapisan ing donya. Ora mung mrajaya Cornelis de Houtman, Malahati uga kasil ngusir Portugis lan Walanda saka tlatah Acèh.

Malahayati uga yasa bètèng kang kawentar kanthi sebutan Bèntèng Inong Balee ing Désa Lamreh, Kacamatan Masjid Raya, Kabupatèn Acèh Besar. Bèntèng iku madhep kulon, ya iku madhep Selat Malaka. Bèntèng iki dipigunakaké kanggo asrama bala Inong Balee, nyimpen logistik, latihan perang, lan pertahanan perang.[1]

Pendhidhikan angkatan lautBesut

Laksamana Malahayati uga dikenal kanthi jeneng Keumalahayati. Dhèwèké lair ing Acèh Besar ing taun 1550. Sajroné bocah cilik lan isih cilik, dhèwéké nampa pendhidhikan pengadilan. Malahayati isih ana gayutané karo Sultan Acèh. Bapak lan mbah kakungé njabat ing Kasultanan Acèh dadi Panglima Angkatan Laut. Saka ing kono roh laut Malahayati muncul. Dhèwéké banjur ngetutaké jejak bapak lan mbah dhèwéké kanthi ngetrapaké jurusan pendhidhikan angkatan laut ing akademi Baitul Maqdis.[2]

RujukanBesut

  1. Setyadi, Agus. "Jadi Pahlawan Nasional, Makam Laksamana Malahayati Bersolek". detiknews (in Indonesia). Retrieved 2020-06-13.
  2. Media, Kompas Cyber. "PROFIL PAHLAWAN: Malahayati, Laksmana Laut Perempuan Pertama di Dunia". KOMPAS.com (in Indonesia). Retrieved 2020-06-13.