Masakan Awadh masakan saking kutha Lucknow, kutha krajan négari pérangan Uttar Pradesh. Masakan punika sérupa kaliyan masakan Asia Téngah, masakan Timur Téngah, lan masakan India lor, lan gadhah masakan vègètarian lan non-vègètarian. tiyang Awadh sangèt dipunpéngaruhi tèhnik memasak orang Mughal. Masakan saking Lucknow gadhah kamiripan kaliyan masakan Kashmir, Punjab, saha Hyderabad, sanèsipun punika, kutha Lucknow ingkang misuwur kaliyan masakan para Nawab.

Koki ingkang dipunsebat bawarchi lan rakabdar saking Awadh nyiptaakén tèhnik masak ing kuali ingkang katutup ing inggil geni alit ingkang dipunsebat tèhnik masak dum pukht (arti barès: menyegel uwab) sapunika dados titikan kas masakan Lucknow sapunika.[1] Hidangan kas Awadh inggih punika kebab, korma, biryani, kaliya, nahari-kulchas, zarda, sheermal, roomali roti, lan warqi paratha. Masakan Awadh boten namung sugih kaliyan jinis-jinis hidangan, nanging ugi kathah nganggé daging kambing, paneer, lan bumbon crakèn kados ta kapulaga lan safron. Chicken Tunde ing Aminabad inggih punika kedah ngunjungi kanggé pecinta non-sayuran.[2]

Kebab

besut
 
Kebab ya iku makanan kas Awadh

Di Lucknow saged dipuntigali pinten-pinten macem kebab kados ta kakori kebab, galawat ing kebab, shami kebab, boti kebab, patili-ke-kebab, ghutwa kebab, lan seekh kebab.

Hidangan ingkang utami ing dastarkhwan ing Awadh inggih punika seekh kebab. manawi tiyang Mughal nepangaken seekh kebab, daging ingkang dipun-ginakaken inggih punika daging sapi cincang ingkang dipuntusuk kaliyan tusuk kebab lan dibakar ing inggil geni arang. sapunika, daging domba cincang langkung dipunremeni amargi tekstur ingkang langkung lunak.

Gerai Tunde ing Kebab sampun yuswa kirang langkungipun saking seabad. Hidanganipun dipunsebat tunda kebab amargi resepipun dipundamel déning juru masak ing asta satunggal.[1] titikan kas kebab punika ya iku masala ingkang jaréné dipunracik saking 160 macem bumbon crakèn.[1] Masala namung karacik déning wanita ingkang taksih kulawarga, lan punika resep rahasia kulawarga ingkang dipunjaga ketat.

Kakori kebab dipunanggep panganan penuh berkah amargi wiwitanipun dipundamel ing panggènan ingkang sami kaliyan dargah Hazrat Shah Abu Ahder Sahib. Daging cincang kanggé kakori kebab asalipun saking daging urat sikil wedhus (raan ki machhli). Bumbu wujud khoya, lada putih, lan bubuk bumbon crakèn ingkang sampun dados rahasia kulawarga.

Shami kebab dipundamel saking daging cincang kaliyan campuran bawang abang cincang, ketumbar, lan cabai ijou. Daging cincang boten ditusuk kados ta sate, nanging dipundamel bunder pipih kados ta bistik. Daging dipuncampur pelem enom ingkang taksih asem. Shami kebab dipunnikmati manawi wit pelem nembé woh. menawinipun wekdal mangsa pelem, buah samarinda (kamrakh utawi karonda) punika dados gantos amargi raosipun sami kaliyan pelem nom.

Variasi kebab:

  • Galawat kebab: kebab tanpa bahan pencampur (namung daging cincang lan bumbon crakèn).
  • Pasanda kebab: daging domba ingkang ditumis ing pemanggang.
  • Boti kebab: daging domba ingkang direndam ing salebeting yogurt lan ditusuk kaliyan tusuk kebab sadèrèngipun dipanggang, limrahipun ing oven lemah liat (tandoor).
  • Vegetarian kebab (dalcha kebab, kathal ing kebab, arbi ing kebab, rajma galoti kebab (kebab kacang abang ingkang dicampur daunrempah), zamikand ing kebab (kebab ketela saking Lucknow).

Hidangan sekul

besut

Biryani

besut

Biryani asalipun saking basa Pèrsi birian ingkang berarti dipunpanggang sadèrèngipun dipunmasak. Hidangan punika dipundamel saking beras basmati, daging, sayuran, yogurt, lan bumbon crakèn.[3]

Cathetan suku

besut
  1. a b c "Appetising aromas from Awadh". The Sunday Tribune. Dibukak ing 2012-11-08.
  2. http://www.tripadvisor.co.id/ShowUserReviews-g297684-d942346-r87963111-Tunde_Kewab-Lucknow_Uttar_Pradesh.html(dipununduh tanggal 24 Januari 2013)
  3. "Biryani: Their Kings and Kinds". Indiamarks. Diarsip saka sing asli ing 2009-04-22. Dibukak ing 2009-06-26. {{cite web}}: More than one of |archivedate= and |archive-date= specified (pitulung); More than one of |archiveurl= and |archive-url= specified (pitulung)