Matsuo Munefusa, ugi dipunkenal minangka Matsuo Bashō (Basa Jepang: 松尾芭蕉, 1644 - 28 November 1694) punika satunggiling panyair Jepang. Panjenenganipun dipunkenal minangka panganggit haiku paling ageng, inggih punika wangun puisi ing 5-7-5 suku kata. Miturut budaya sastra Jepang, panjenenganipun dipunundang Basho tanpa asma marganipun, amargi tapak namanipun minangka panyair boten numutaken asma marganipun. Tapak asma ingkang penjenengan serateken はせを. Panjenenganipun ugi wujud satunggiling panulis paling ageng ing era Edo, lan panjenenganipun ngangkat wangun haiku nuju tingkat paling inggil.

Matsuo Bashō

Basho miyos ing Iga, ingkang sapuniki péranganing prefektur Mi, ing kulawarga samurai. Sasampunipun sapérangan taun nglampahi gesang samurai, panjenenganipun manggihi sastra minangka pakaryan gesangipun lan ngeculaken karièripun minangka samurai. Panjenenganipun miwiti gesangipun minangka panyair nalika panjenenganipun ngabdi ing bendaranipun minangka samurai. Awalipun panjenenganipun maringi asma dhirinipun piyambak Tiseu (桃青) amargi minangka panyair Tosei gadhah makna pir boten mateng, pir ing biru. Puniki pangormatan Basho kanggé panyair Tionghoa, Li Po (李白) ingkang namanipun ateges plum ing pethak.

Ing taun 1666 piyambakipun pensiun lan sasampunipun taun 1675 pindhah ing Edo, ingkang sapunika Tokyo. Ing Edo taun 1678 panjenenganipun njangkepi kualifikasi minangka master Haiku (Sosho) lan miwiti gesang minangka panyair profésional. Ing taun 1680 panjenenganipun pindhah ing Fukagawa, ing pinggiran kitha Edo (sapuniki péranganing Tokyo). Panjenenganipun nanem wit basho lan maringi asma piyambakipun Basho amargi wit punika wit favoritipun ing tamanipun.

Pranala njawi

besut
 
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.