Mi lethek
Mi lethek inggih punika dhaharan khas ingkang asalipun saking Kacamatan Srandakan, Kabupatèn Bantul, Daérah Istiméwa Ngayogyakarta. Mi punika bahan utaminipun saking glepung gaplèk kaliyan glepung kanji ingkang pandamelanipun ngginakaken tenaga lembu lanang. Tembung "lethek" dipun anggé amergi werni mi-nipun soklat, katingal radi reged.[1] Senajan ta dipun wastani mi lethek, nanging prosès pandamelan mi-nipun higiyènis utawi resik. Mi punika kirang misuwur ing Kitha Ngayogyakarta jalaran kalah saingan kaliyan mi pethak, mi kuning, kaliyan mi instan. Nanging, ing Bantul mi lethek misuwur tur dipun remeni déning masarakatipun.[2][3]
Panggonan asal | Indonésia |
---|---|
Tlatah utawa praja | Bantul, Daérah Istiméwa Ngayogyakarta |
Hawa ajangan | Anget |
Woworan pokok | Glepung gaplèk, glepung kanji |
Buku masakan: Mi lethek Médhia: Mi lethek |
Sajarah
besutRikala taun 1920-an, Umar Yassir saking Yaman tindak dhumateng Ngayogyakarta kagem dakwah kaliyan nyebaraken agami Islam. Ing Ngayogakarta, piyambakipun boten saged caturan nganggé basa Jawi. Para warga lajeng nepangaken piyambakipun dhumateng Kyai Bakir ingkang saged basa Arab dalah ngandharaken tujuanipun. Sasampunipun gineman, Kyai Bakir ngeteraken piyambakipun dhumateng Srandakan, Bantul. Ing ngrika Umar nyebaraken dakwahipun kaliyan nyumerepi kados pundi pagesangan bebrayan ing Srandakan. Umar gadhah pamanggih bilih bebrayan ing Srandakan boten namung mbetahaken yatra, nanging malah langkung mbetahaken dhaharan. Kanthi mekaten, ing taun 1940, piyambakipun ngyasa pabrik mi ingkang bahanipun gampil kapanggih ing Srandakan.[4][2][5]
Pabrik kagunganipun Umar punika aran pabrik mi cap Garuda ingkang naté dipun tutup nalika taun 1983 dumugi 2003 jalaran tiyang-tiyang ingkang nyambut damel pindhah pakaryanipun dados tukang golèk wedhi kaliyan watu ing Lèpèn Praga. Nanging, nalika wedhi kaliyan watu ing lèpèn saya nipis, para warga nyuwun tulung dhumateng kulawarganipun Umar amrih pabrikipun dipun bikak malih. Pabrik mi cap Garuda punika ngantos sapréné taksih lumampah.[6][4][7]
Pandamelan mi
besutBahan utami mi lethek dumados saking glepung gaplèk kaliyan kanji. Glepung gaplèk dipun kungkum dangunipun sekawan dinten. Saben dintenipun, toya kumkumanipun kedah dipun gantos ping sekawan. Sasampunipun dipun kungkum, adhonanipun lajeng dipun giles ngginakaken watu ageng saperlu ngratakaken sarta nyampuraken adhonanipun kaliyan glepung kanji. Panggilesan punika dipun tenagani kaliyan lembu lanang udakawis setunggal jam amrih kekalih glepungipun kacampur wrata kanthi sampurna. Nalika adhonanipun sampun kalis, lajeng dipun padhetaken kaliyan dipun potong awujud pesagi panjang mawi ukuran 20 cm x 30 cm x 20 cm. Adhonan wau salajengipun dipun kukus udakawis 90 menit kaliyan dipun adhemaken dangunipun setunggal wengi. Adhonan ingkang sampun adhem dipun giles malih kaliyan kawewahan glepung kanji malih. Nalika taap-taap punika sampun rampung, lajeng adhonan ingkang kalis tur wrata dipun cithak mawi cithakan mi.[2]
Pirantos kagem nyithak mi lethek wonten ingkang modhèren kaliyan tradhisional. Pirantos cithakan vèrsi tradhisional ingaran tarikan. Tarikan punika mbetahaken tiyang wolu saperlu nglampahaken pirantosipun. Tugas kagem nglampahaken pirantosipun dipun tindakaken déning tiyang ingkang ngidak kajeng mawi dhiamèter 40 cm ingaran munyuk jalaran anggènipun mobah yun-yunan kados ta munyuk, ugi wonten tiyang-tiyang ingkang narik kajeng ingaran methit. Adhonanipun dipun lebetaken dhumateng lumpang utawi jebung ingkang ing andhapipun sampun kapasang saringan kagem nyithak adhonan dados mi. Mi ingkang sampun dipun cithak lajeng dipun pépé ngantos garing.[6] Pabrik mi lethek ing Dhusun Bendho, Désa Trimurti, Srandakan, mi lethekipun dipun sadé wonten ing pasar-pasar Bantul, Pasar Beringharja, kulakan, malah dumugi Jawi Kilèn. Nanging, boten dipun sadé dhumateng Jawi Wétan amergi cacah prodhuksinipun dèrèng saged nggayuh pasar Jawi Wétan.[8]
Pangolahan mi
besutKados mi-mi limrah, mi lethek dipun olahi kanthi cara dipun gorèng kaliyan godhog.[9] Bumbunipun dipun damel saking racikan brambang, bawang pethak, mrica, kemiri, kaliyan sarem, wondéné lawuhipun nganggé tigan, suwiran ayam, kaliyan manéka sayur.[10]
Rujukan
besut- ↑ Agus (7 Fèbruari 2019). "Mie Lethek, Mie Legendaris Bantul yang Tidak Se'lethek' Namanya". Kedaulatan Rakyat. Dibukak ing 8 Fèbruari 2023.
- ↑ a b c Nugroho, Setyo P. (2021). "Potensi Makanan Tradisional Mie Lethek Sebagai Daya Tarik Wisata Di Daerah Istimewa Yogyakarta". Seminar Nasional Kepariwisataan #2. 2 (1): 58-61.
- ↑ Ardhi, Banar Fil (3 Maret 2011). "Meski Kusam, Mi Lethek Tetap Bertahan". KOMPAS.com. Dibukak ing 8 Fèbruari 2023.
- ↑ a b Hidayat, Pandu (16 Mèi 2020). "Mi Lethek, Kuliner Legendaris Yogyakarta". Good News From Indonesia. Dibukak ing 8 Fèbruari 2023.
- ↑ Sahana, Munarsih (4 Juli 2017). "Mie Lethek, Makanan Organik Lokal Yang Digemari Barack Obama". VOA Indonesia. Dibukak ing 8 Fèbruari 2023.
- ↑ a b Hariyani, Ninok (31 Agustus 2005). "Mie Lethek yang Melegenda". Indosiar. Diarsip saka sing asli ing 18 Mèi 2011. Dibukak ing 8 Fèbruari 2023.
- ↑ "Mie Lethek". Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya. 16 Sèptèmber 2019. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-08. Dibukak ing 8 Fèbruari 2023.
- ↑ Nurhayati (2020). Mi Lethek Bendho. Jember: UPT Percetakan & Penerbitan Universitas Jember. kc. 23. ISBN 978-623-7973-16-4.
- ↑ Sari, Yenny Mustika (6 Agustus 2021). "5 Mie Jawa Paling Enak, Ada Mie Godog hingga Mie Lethek". detikFood. Dibukak ing 8 Fèbruari 2023.
- ↑ Sabel, Netha (15 Agustus 2019). "Mie Lethek, Si Butek dari Jogja yang Nampol". Akurat.co. Dibukak ing 8 Fèbruari 2023.