Walang lumrahé dadi ama kang dipaténi supaya ora ngrusak tuwuhan,nanging béda karo masarakat Kabupatèn Gunungkidul, Daerah Istimewa Yogyakarta.[1] Ing laladan iki walang bisa diolah dadi panganan énak lan payu didol Rp 25.000 saben renténg.[1] Tuladhané ing Kacamatan Paliyan, Kabupatèn Gunungkidul.[1]

Gunung kidul kalebu laladan kang gersang amarga wewengkoné kabèh ana ing perbukitan karst.[2] Ing Gunungkidul akèh tinemu walang, kaya ta walang kayu lan walang sawah.[2] Walang kayu bisa tinemu sawayah-wayah, nanging walang sawah lumrahé tinemu ing wayah udan.[2] Walang sawah dadi ama kang ngrusak pari.[2] Lumrahé walang digawé panganan kaya ta walang goreng, walang bacem. Nanging walang uga bisa digawé mi.[2]

Walang bisa kaolah dadi mi teles.[2] Carané mangan kaya mi ayam biyasa.[2] Kajaba iku walang uga bisa diolah dadi mi liyané kang énak, nduwé gizi lan protéin, lan regané ora larang-larang banget.[2]

Mi walang nduwé kaluwihan tinimbang mi liyané.[2] Mi walang ngandhut protéin kang luwih akèh tinimbang mi saka bahan liyané.[2] Rasa saka walang kang khas lan mi walang kang jarang tinemu uga dadi kawigatén saka masarakat kang seneng mangan mi. Mi iki dadi panganan khas Gunungkidul.[2] Mi walang uga ngundhakaké aji ékonomi walang, saéngga dadi mata pencaharian masarakat ing Gunungkidul.[2] Tuladhané dadi pemburu lan tukang ngolah walang.[2] Walang kayu lan walang sawah rasané padha nanging ukurané béda.[2]

Cara nggawé

besut

Bahan-bahan kang dibutuhaké ya iku trigu, uyah, endhog, lenga goréng, natrium karbonat.[2] Carané, walang kang akéhé 2,5 kg dikumbah nganti resik, lar lan kotorané dibuwang, banjur diblénder.[2] Campur walang kang wis diblender karo glepung trigu kang akèhé 10 kg nganggo mesin pengaduk banjur ditambah endhog kang cacahé 5.[2] Banjur diudheg lan dicampur larutan uyah lan soda. Banjur dilebokaké ing mesin penggiling mi.[2] Protéin saka mi walang luwih akèh yèn dibandingaké karo mi urang windu, ya iku 17,922 lan 9,846 persèn.[2] Protein kalebu zat kang wigati kanggo awak, amarga yèn kekurangan bisa njalari lelara marasmus lan kwashiokor.[2]

Rujukan

besut
  1. a b c Serangga dan Masa Depan Manusia(dipunundhuh tanggal 6 April)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t Mengolah Belalang Jadi Mie Archived 2012-02-12 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 6 April 2011)