Piyul: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
c éjaan using AWB
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan using AWB
Larik 29:
[[Gambar:COLLECTIE TROPENMUSEUM Viool (nabootsing van een Europese viool) TMnr 1109-18a.jpg|thumb|250px|Gambar Piyul]]
 
'''Piyul''' ya iku salah siji alat musik kelompok ''violin'' kang kasusun saka piyul cilik (''biola kecil''), piyul madya (''biola menengah''), piyul gedhe (''biola besar'') lan piyul ''bass'' (''biola bass'').<ref name="internet1">{{id}}[http://erabaru.net/sejarah/56-sejarah/12116-asal-usul-perkembangan-biola erabaru.net](diundhuh tanggal 28 Mei 2011)</ref> Piyul diunèkaké kanthi cara digèsèk.<ref name="internet1"/>
 
==Sujarah==
Miturut cathetan kuno bangsa [[Aria]] ing [[India]], Raja [[Ravana]] saka nagari [[Sri Lanka]] nyiptakaké sawijiningé alat [[musik]] kang nganggo senar-busur kang diarani Ravanastron, 5000 taun kepungkur. Nalika abad 1, Ravanastron nyebar nganti tekan [[Afghanistan]] lan [[PersiaPèrsi]]. Nalika jaman karajan Tokharistan ing [[Afghanistan]], wujude Ravanastron malih dadi bentuk ''Pipa'' (piranti musik petik saka [[Tiongkok]]), papan ndhuwure rata, gegere asale saka kayu wutuh kang diukir cekung, rada alus titi larase lan resonansine rada gedhé. Nalika abad 7, ravanastron nyebar nganti Arab lan nalika jaman Islam ravanastron jenengé malih dadi Rebab.<ref name="internet1"/>
 
Piyul kang wujude kaya saiki (moderen) diwiwiti saka nagara [[Italia]], pase ing Italia lor nalika abad ka-16, ing kutha [[plabuhan]] [[Venice]] lan [[Genoa]] kang dadi dalan tumuju [[Asia Tengah]] lewat dalan lor.
Larik 47:
}}</ref> Saya suwe piyul nyebar ing [[Éropah]].
 
Piyul kang paling tuwa ditemokaké nggunakake patang [[senar]], kaya piyul modhèrn kang digawé déning [[Andrea Amati]] nalika taun [[1555]]. Piyul kang mung nggunakaké telung senar diarani ''violetta''. Piyul jaman biyèn cepet banget anggoné misuwur, amarga gampang dikenal déning para bangsawan lan para pamusik ing dalan, utawa pengamèn. Kasunyatan, raja [[Prancis]] [[Charles IX]] ngutus [[Amati]] kanggo gawé 24 piyul nalika taun [[1560]]. Piyul paling tuwa kang ana nganti saiki iku salah siji saka 24 piyul kang digawé déning Charles IX, lan diwènèhi jeneng "Charles IX", digawé ing [[Cremona]] taun [[1560]].<ref>{{cite web
|url=http://www.bartruff.com/history.php
|title=The History of the Violin
Larik 78:
Gulu piyul biasane digawwe saka kayu mapel kang padha karo bageyan buri lan pinggir awak piyul. Ing gulu piyul ana papan driji kang digawé saka kayu eboni utawa kayu liya kang dicat [[ireng]]. Kayu eboni asring dipilih déning tukangh gawé piyul amarga kayune atos, lan awet. Piyul kang tuwa digawé saka kayu mapel kanggo papan driji lan dipernis karo kayu eboni. Ing papan driji kang dhuwur ana garis kayu kang mbendul, asring kayu eboni utawa kayu gadhing kang diarani sadel dhuwur. Blendhukan iki digunakake kanggo jembatan landésan senar, kaya jembatan piyul kang digunakake kanggo kaperluan kaya awake piyul.
 
Jembatan piyul diukir kanthi ati-ati saka kayu mapel lan nduweninduwèni guna dhewe-dhewe, lengkungan ndhuwur kanggo nahan senar nalika ing tingkat tartemtu saka papan driji kang bentuke mlengkung supaya bisa digesek dhewe-dhewe (utawa bebarengan) lan dadi papan kanggo ngeterake getaran suwara saka senar tumuju awak piyul. Jembatan iki saweise dipasang uga isa diobahke kangggo nyetel [[suwara]] piyul.
 
Bageyan buntut piyul iku panggonan pucuk ngisor senar kang diselipke ing jerone patang bolongan. Asring uga ing senar E diwenehi penyetel tambahan kanggo nggampangake anggone nyetel, nanging kanggo senar liyane uga isa ditambahi penyetelan tambahan kaya senar E. Ana uga pemain piyul kang ora nambahi piranti penyetalan amarga nambahi bobote piyul lan ngowahi suwara kang diasilake déning piyul.