Dhialèk Banyumasan: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Pangeja, tembung, ili ukara
미솔파 (parembugan | pasumbang)
c →‎top: éjaan, replaced: ya iku → yaiku (3) using AWB
Larik 1:
'''Carabasa [[Banyumasan]]''' dicaturaké ing tlatah Banyumasan, kasebar wiwit [[Kebumèn]], [[Cilacap]], [[Banyumas]], [[Purbalingga]], [[Banjarnegara]], [[Pemalang]], [[Tegal]], [[Brebes]] nganti tlatah Pasundan, molai [[Cirebon]]-[[Indramayu]] lan [[Banten lor]].
Carabasa Banyumasan dianggep carabasa [[Basa Jawa]] sing tuwa dhéwé. Bab iki ditandhani kanthi anané sawatara tembung sajeroning Basa Kawi lan Basa Sangsêkrêta ing basa Jawa sing isih dianggo ing carabasa Banyumasan kaya ta tembung rika (jw = kowé, ind = kamu), uga tembung inyong sing asal saka ingong sarta pocapaning swara a sing wutuh ora kaya a jêjêg lumrah ananging awujud a miring sing dadi pocapaning carabasa Banyumasan kaya déné [[basa sangskerta|basa Sangsekreta]] . Sadurungé kena prabawa saka kraton, basa jawa amèh ora ana prabédan antara krama inggil lan ngoko. Sawisé mangsa kraton-kraton jawa, basa jawa ngalami pangalusan, ya ikuyaiku basa sing dianggo déning babrayan lumrah lan sing dianggo déning kulawarga karaton dibédakaké pocapané sanadyan tegesé padha.
Basa Banyumasan duwé ciri pligi ya ikuyaiku wujud pocapan ing swara a sing dipocapaké ora a jêjêg kaya ing basa Jawa lumrah. Carabasa iki uga duwé pamênêt aksara-aksara kang luwih cetha utawa luwih kandel, kaya ta [[aksara]] ka ing pungkasan tembung diwaca nyedhaki uni ga, aksara pa nyedhaki ba,panambang ki dadi ti lan aksara la sing pocapané kandel, uga ana sawatara partikel tambahan sing bisa didadèkaké ciri carabasa Banyumasan kaya déné lah, yuh, la, thok, baén, géh, gyéh, baé, tuli, teli, acan lll.
 
Carabasa iki misuwur kanthi cara omongé sing pligi. Dadi carabasa [[Banyumasan]] iki luwih akeh medhoke ketimbang carabasa Jawa liyané.
Tinimbang carabasa Jawa Ngayogyakarta lan Surakarta, carabasa [[Banyumasan]] akèh banget bedane. Béda sing utama ya ikuyaiku ing swara a mau. Dadi angger ing Sala wong mangan karo 'sega', ing Banyumas wong madhang karo 'segá'.
Tuladha tembung: "Utek ko kon jallan jalan maning ora karo ndasse".
iku tegesé: utek kok dikon jalan olehe jalan mesti karo sirahé..