Moksa
Moksa (Sanskerta: mokṣa) inggih punika siji konsèp agama Hindhu kaliyan Buda. Ateges kebebasan saking pagesangan kadonyan saha wucul ugi saking reinkarnasi utawi Punarbawa panguripan.[1]
Artikel punika bagean saking seri Filsafat Hindu | |
Ajaran Filsafat | |
---|---|
Samkhya • Yoga • Mimamsa | |
Nyaya • Vaisiseka • Vedanta | |
Ajaran Vedanta | |
Advaita • Vishishtadvaita | |
Dvaita • Shuddhadvaita | |
Dvaitadvaita • Achintya Bheda Abheda | |
Tokoh Filsafat Hindu | |
Kapila • Patanjali • Jaimini | |
Gotama • Kanada • Rsi Vyasa | |
Patengahan | |
Adi Shankara • Ramanuja | |
Madhva • Madhusūdana | |
Vedanta Desika • Jayatirtha | |
Moderen | |
Ramakrishna • Ramana | |
Swami Vivekananda • Narayana Guru | |
Ramakrishna • Ramana | |
Sri Aurobindo • Sivananda | |
Caturyuga | |
Satyayuga • Tretayuga | |
Dwaparayuga • Kaliyuga | |
Pencapaian
besutWonten ing Hinduisme, atma-jnana (kesadaran dhumateng "sang diri") inggih punika kunci tumuju moksa. Umat Hindhu angsal nidakaken siji wujud (utawi) langkung jinis Yoga-Bhakti, Karma, Jnana, Raja-kanthi mangertosi bilih Tuhan asipat boten winates saha saged dados wujud punapa kémawon, personal punapa déné impersonal.[2]
Dipunyakini bilih wonten sekawan Yoga (pengendalian) utawi marga (dalan utawi margi) kanggé pinuju moksa. Hal punika kalebet: bakti dhumateng Yang Mahakuasa (Karma Yoga), mangertosi Yang Mahakuasa (Jnana Yoga), meditasi dhumateng Yang Mahakuasa (Raja Yoga), saha nglayani Yang Mahakuasa kanthi bakti ingkang tulus (Bhakti Yoga). Tradisi Hinduisme ingkang manéka warna gadhah bènten antawisipun margi ingkang satunggal kaliyan sanèsipun, ingkang kawéntar antawisipun inggih tradisi Tantra saha Yoga ingkang tumuwuh wonten ing Hinduisme.[3]
Pendekatan déning tradisi Wedanta kapérang dados non-dualitas (adwaita), non-dualitas kanthi kualifikasi (kados ta wisistadwaita), saha dualitas (dwaita). Cara nuju moksa ingkang kaanjuraken déning tugang tradisi mau manéka jinis.
- Adwaita Wedanta nengenaken Jnana Yoga minangka cara ingkang utama kanggé tumuju ing moksa. Tradisi punika fokus dhumateng kawruh babagan Brahman ingkang dipunsediakan déning literatur tradhisional Wedanta kaliyan ajaran pendirinipun, Adi Shankara.[4] Kanthi pamilihan antawis hal ingkang nyata kaliyan ingkang boten nyata, sadhaka (praktisi spiritual) badhé saged nguculaken dhiri saking jerat ilusi saha nyadari bilih donya ingkang dipunamati minangka donya maya, fana, saha "kesadaran" mau minangka satunggalipun hal ingkang nyata. Pangertosan mau minangka moksa, nalika atman (percikan Tuhan wonten ing dhiri) saha Brahman (esensi alam semesta) saling mangertosi minangka substansi saha kehampaan saking dualitas eksistensial.
- Tradisi non-dualis ninangali Tuhan minangka objek sih-tresna ingkang paling patut dipunsembah, kados ta personifikasi konsèp monoteistik babagann Siwa utawi Wisnu. boten sami kaliyan tradisi agama Abrahamik, Adwaita/Hinduisme boten nglara aspek Tuhan ingkang manéka jinis, kados ta manéka cahya ingkang asalipun saking satunggal sumber ingkang sami.
Sawijining tiyang kedah mencapai moksa kanthi bimbingan saking Guru (agama dharma). Sawijining guru utawi siddha naming mbimbing nanging boten ndhèrèk campur tangan.[5]
Surga (svarga) dipunyakini minangka papan kanggé karma déné ingkang mesthi dipunindari déning tiyang ingkang péngin moksa supados nyawiji kaliyan GUsti lumantar Yoga.[6]
Cathetan suku
besut- ↑ [1] Archived 2013-01-30 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 20 November 2012)
- ↑ [2](dipunundhuh tanggal 20 November 2012)
- ↑ [3](dipunundhuh tanggal 20 November 2012)
- ↑ Anantanand Rambachan, The limits of scripture: Vivekananda's reinterpretation of the Vedas. University of Hawaii Press, 1994, pages 125, 124: [4].
- ↑ [5] Archived 2012-11-16 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 20 November 2012)
- ↑ [6](dipunundhuh tanggal 20 November 2012)
Uga delengen
besut
Artikel gegayutan Hindhu iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |