Monera ya iku organisme kang duwé sèl cacahé siji.

Lima kraton makluk hidup.

Asal mula Monera

besut

Monèra saking basa Yunani, monèrés ingkang tégésipun tunggal. Monèra dados organisme bérsél satunggal, gadhah struktur tubuh ingkang sédérhana lan asifat Prokariotik. Sèl prokariotik inggih punika sèl ingkang matèri génétikipun dèrèng térlindungi déning selaput Inti utawi Koriotèka. Klarifikasi kingdom monèra anggota Kingdom Monèra asifat Prokariotik, manawi ngatén monèra kagolong organismé sémpurna. Monèra saged ngèlampahi mètabolismé panganan, mbuang zat sisa wonten awak, lan berproduksi. Kingdon monèra kapèrang dados kalèh inggih punika subkingdom Archaebacteria lan Eubacteria. Bènténipun antawis Archaebacteria lan Eubacteria wonten panggènan komposisi RNA, Ribosom, lan Peptidoglikan wonten dinding sèl.[1]

Titikanipun Bakteri

besut

Tubuh baktéri kasusun atas satunggal sèl Unisèl. Berkembangbiak kanthi Solitèr utawi Koloni. Ukuranupun luwih ageng kaliyan virus sèl baktèri mbotén gadhah Kloroplas, saéngga mbotén saged nyusun panganan piyambak ngélampahi [[Fotosintesis utawi saged ginakaken Energi kimia wonten medianipun baktèri saged tumuwuh biak kanthi Aseksual.[1]

Dunia Monera

besut

Kingdom utawi donya monèra inggih punika makluk hidup bersel sétunggal. Beberapa jinis monèra wujud bénang utawui wujud koloni. Organismé punika botén gadhah inti sajati utawi prokariotik. Kathah ingkang asifat heterotrof. Cara perkembangbiakanipun nganggè pembelahan, lan wonten pintén-pintén jinis ingkang ngelakukan konjungsi. Konjungsi inggih punika cara perkembangbiakan generatif kanggé makluk urip ingkang dèrèng saged dipunbedakaken jinis kelaminipun. Tuladanipun saking kingdom inggih punika kelompok baktèri lan ganggang ijo biru. Kelompok ganggang ijo biru tuladhané ingeh punika Gloeocapsa, Nostac, tuladhané kelompok baktèri inggeh punika Rhizobium, Clostridium, lan Azotobacter.[2] Bakteri wonten lingkungan ingkang saé saged tumuwuh nganti saé kaliyan saged cepat membelah diri. Di lingkungan ingkang kering, panas utawi kekirangan panganan, baktèri saged mbentuk dinding ingkang kandel dados pelindung, utawi dipunsebat kista Éndospora, manawi lingkunanipun sampun saé maléh baktéri kasébut médal saking kista punika. Baktéri wonten ingkang nguntungakè lan wonten ingkang ngèrugèakè déning tiyang. Baktéri ingkang nguntungaké antawisipun Clostridium pasteurianum lan Azotobactor chroococcum, baktéri punika gégayutan kaliyan Nitrogèn ingkang urip bébas wonten lèmah saéngga nyuburakén lèmahipun. Tuladha sanèsipun Rhizobium radicicola baktéri ingkang urip bersimbosis wonten dalem akar kacang-kacangan saéngga saged nyuburaén lèmah. Tuladha sanès inggih punika baktèri Wlirang punika baktèri ingkang nguntungake, amergi saged nyuburaken lemah, amergi sagen ngurangi zat-zat kimia wonten lemah dados zat-zat ingkang dipunbutuhake déning tuwuhan. Bakteri asem susu kathah ingkang dipunmanfaataken wonten perindustrian, baktèri punika dipun-ginakaken wonten prosès damel Mentega, Keju, Alkohol, Asam cuka.

Bakteri ingkang ngerugeake

besut

Bakteri ngkang ngerugeake antawisipun Salmonela typhosa nyebapaken lelara Tipus, lan Mycobacterium tuberculosis nyebapaken lelara TBC, Clostridium tetani nyebapaken lelara Tetanus, lan Shigella dysentriae nyebapaken lelara Disentri.[2]

Cara ingkang diginakaken kanggé matèni baktèri

besut
  1. Pasteurisasi dipunpanasaken ngantos suhu 70 °C kanthi kaulang-ulang. Manawi nganggé cara punika baktèri-baktèri ingkang asifat Patogen utawi penyebab lelara dipunkarepaken mati. Pasteurisasi diginakaken kanggé ngawetake susu. Tiyang sapisan ingkang nyobi inggih punika Louis Pasteur.
  2. Sterilisasi inggih punika pembasmian baktèri nganggé cara dipunpanasaken ngantos 110 °C-120 °C. Pada suhu 100 °C baktèri ngkang boten mbentuk Kista utawi Endospora bakal mati, manawi baktèri ingkang wonten wujud Kista nembé mati padha suhu 120 °C. Cara punika dipun-ginakaken kanggé mensterilisasi piranti-piranti, sanesipu ugi saged ginakaken zat-zat Kimia tuladhanipun ginakaken Alkohol lan Larutan Asam ingkang pekat.[2]

Cathetan sikil

besut
  1. a b Biologi-Monera(dipununduh:20 September 2012)
  2. a b c Winarsih,anni,dkk.IPA Terpadu untuk SMP/MTS Kelas VII.ISBN.Bengawan Ilmu.Semarang.(2008:250)