Nurwègen
Karajan Nurwègen utawa Kongeriket Norge/Noreg sajeroning basa Nurwègen yaiku nagara Nordik ing Ujung Skandinavi pérangan pucuk kulon lan wewatesan karo Swèdhen, Finlan, lan Ruslan. Pasisirné kang dumunung ing Samodra Atlantik Lor minangka lokasi fyord kang misuwur. Svalbard lan Jan Mayen ana ing ngisor kadhaulatan Nurwègen dhedhasar Traktat Svalbard.
Kongeriket Norge Kongeriket Noreg | |
---|---|
Motto: - Sesanti karajan: Alt for Norge (Kabèh kanggo Nurwègen) | |
Gunagita: Ja, vi elsker dette landet | |
Kuthagara lan Kutha paling gedhé | Oslo |
Jawatbasa | Nurwègen (80%) Sami(12.64%) |
Papréntahan | Monarki konstitusional |
• Raja | Harald V |
Jonas Gahr Støre | |
Konstitusi Kamardikan | |
Pijembar | |
• Gunggung | 385,207 km2 (148,729 sq mi) (671) |
• Banyu (%) | 6,0% |
Population | |
• Pikira-kira 2024 | 5 550 203[1] (120) |
• Cacahjiwa 2001 | 4.520.947 |
GKK (ITK) | Pikira-kira 2003 |
• Gunggung | US$169 miliar (42) |
• Saben wong | US$40.784 (2) |
IPM | 0.966 dhuwur banget · 2[2] |
Artacihna | Krone Nurwègen (NOK) |
Laladan wektu | UTC+1 (CET) |
• Mangsa ketiga (AKK) | UTC+2 (CEST) |
Kodhé bèl | 47 |
TLD internèt | .no |
Géografi
besutLansekap Nurwègen lumrahé kasar lan akèh gunung, katutup déning gletser, lan pinggir pasisir dawané punjul 83.000 km [1] diwatesi déning fyord, lan uga pulo-pulo. Pérangan lor nagara iki uga kaloka minangka "Tanah Srengéngé Tengah Wengi" amarga pernahé kang dumunung ing sisih paling lor, lan saben mangsa panas srengéngé ora tau angslup, lan ing usum adhem srengéngé ora metu ing sajeroning wektu kang suwé. Nurwègen wewatesan karo Sagara Lor ing sisih kidul-kulon lan pulo-pulo Skagerrak ing sisih kidul, Sagara Nurwègen ing kulon, lan Sagara Barents ing lor-wétan. Ing sisih wétan Nurwègen wewatesan karo Swèdhen, lan uga karo Finlan, lan uga karo Ruslan. Titik paling dhuwur ing Nurwègen panggonan kang arané Galdhøpiggen yaiku dhuwuré watara 2.469 m. Iklim Nurwègen iklim temperat, mligi ing laladan pasisir amarga prabawa Gulf Stream. Iklim tanah pérangan jero luwih parah lan ing sisih lor luwih cedhak karo iklim subarktik.
Pulitik
besutNurwègen iku nagara monarki konstitusional lan migunakaké sistem pamaréntahan parlementer. Parlemèné, Stortinget, duwé 169 anggota (sadurungé 165, tambah wiwit tangal 12 September 2005) kang dipilih kanggo mangsa kalungguhan 4 taun. Parlemèn iki kapérang loro sajeroning voting legislasi, Odelsting lan Lagting. Kejaba kanggo sawatara bab, Storting duwé fungsi minangka parlemèn unikameral.
Cathetan suku
besut- ↑ "Population, 2024-01-01" (ing basa Inggris). Statistics Norway. 2024-02-21. Dibukak ing 2024-02-25.
- ↑ "2022 Human Development Index Ranking" (ing basa Inggris). United Nations Development Programme. 2023-03-13. Dibukak ing 2024-03-16.
- ↑ "Arealstatistics for Norway 2019". Kartverket, mapping directory for Norway. 2019. Diarsip saka sing asli ing 2019-06-08. Dibukak ing 2019-03-23.
Deleng uga
besutPranala njaba
besutWikimedia Commons duwé médhia ngenani Category:Norway. |
Wikiplesir duwé panuntun plesir ngenani Norway. |
- Norwegia.or.id Archived 2005-08-29 at the Wayback Machine.-situs resmi berbasa Indonésia
- Norway.info-Situs resmi
- Norway.no-Portal resmi
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |