Oeroeg (dijarwakakè menyang basa Jawa minangka "Rawa Ireng") ya iku novèl sepisanan déning  Hella Haasse. Pisanan diterbitakè ing taun 1948 lan dadi salah siji novèl Walanda paling moncèr. Novèl iki uga dadi novèl sastra pandhidhikan kanggo akèh bocah-bocah sekolah Walanda. Novèl Oeroeg ngandhani carita saka narator anonim kang urip ing kebon tanah koloni Walanda ing Jawa Kulon. Novèl Oeroeg duwèni carita bab bocah lanang keturunan Walanda lan kancanè sing keturunan asli wong Jawa. Bocah lanang mau diliyankè, kasil saka kaanan pulitik lan rasis kala urip ing lemah kolonial. Sawisé Perang Donya II, dhèwèkké mulih ing Walanda, banjur dhèwèkké ngomong yèn lemah Walanda iku dudu lemah dhèwèkké.[1]

Latar mburi lan publikasi besut

Oeroeg diterbitakè ing 1948, kala Walanda kuatir banget ngliwati mangsa koloni ing sisih Wétan; sawisé pungkasan Perang Donya II iku dadi cetha rikat yèn Indonesia bakal mardika salah siji cara utawa liyanè, lan Walanda bakal kudu mikirkè status bangsa lan. Penulis Rob Nieuwenhuys nyerat yèn sastra révolusi Hindhia iki asring karan "sastra kangen omah", dumunung pengeling-eling urip rikala bocah-bocah.[2]

Publikasi ing taun 1948 Boekenweek, acara taunan dianakaké kanggo ngundhakaké sastra Walanda; péranganing pangètan publikasi saka buku diwènèhi gratis menyang umum. Hella Haasse, sing wis urip ing Hindhia-Walanda lan ing wektu iku nyambut gawé ing kabarèt lan téater ing Amsterdam, ngajokkaké naskah kanggo Oeroeg[a] nganggo jeneng Soeka toelis ("Kaya kanggo nulis"); jeneng dhèwèké ora diumumké kanggo nganti sawisé novèl iki rampung diterbitaké, dipilih déning anonim panel saka 19 hakim.[2] Karo Oeroeg, dhèwèké pisanan publikasi prosa (dhèwèké wis nerbitaké pirang-pirang puisi).[4]

Plot besut

Buku iki nyeritakaké bab bocah keturunan Walanda kang urip ing Jawa. Bocah iki duwé kanca jenengé Oeroeg, bocah asli Jawa. Bocah sakloron urip bareng ing omah asrama. Sawijining dina, bapaké Oeroeg séda. Banjur, kala Perang Donya II, bocah lanang keturunan Walanda (narator) mèlu bala Walanda. Sabaline saka Walanda, narator kaget ngerténi yèn Jawa wis ora padha biyèn: wong Indonèsia wis mardhika lan wis ora nrima wong kolonial manèh. Bapaké narator uga séda, banjur narator arep bali menyang kanca lawasé manèh, Oeroeg. Nanging, Oeroeg mèlu Pergerakan Nasional Indonesia. Pungkasané, narator kélangan kanca lawasé, jati dhiriné, lan negarané.[5]

Filem besut

Ing 1993, novèl Oeroeg diadaptasi ing filem kang judhulé padha, kasil kerja bebarengan antarané Walanda, Indonèsia, lan Bèlgi. Sutradarané ya iku Hans Hylkema lan Jean Van de Velde, uga karakeré déning Rik Launspach, Jeroen Krabbe, Martin Schwab, Ivon Pelasula, lan Jose Rizal Manua. Adhaptasi iki uga diterbitaké internasional judhulé Going Home, nganggo sub basa Inggris.[6]

Rujukan besut

Wedharan cathetan besut

  1. The manuscript is now held in the Letterkundig Museum in The Hague.[3]

Cathetan Bibliografi besut

  1. Maier, Henk M. J. (2004). "Escape from the Green and Gloss of Java: Hella S. Haasse and Indies Literature". Indonesia. 77: 79–107. JSTOR 3351420.
  2. a b Nieuwenhuys & van Rosevelt 1999.
  3. "Jeugdfoto's van Hella Haasse in Letterkundig Museum". de Volkskrant . 4 October 2011. Dibukak ing 4 August 2013.
  4. Hoof, Dianne van (1991). "Hella Haasse". Ing Katharina M. Wilson (èd.). An Encyclopedia of Continental Women Writers. Garland. kc. 516–18. ISBN 9780824085476. Dibukak ing 5 August 2013.
  5. Pattynama, Pamela (2005). "The Colonial Past in the Postcolonial Present: Cultural Memory, Gender, and Race in Dutch Cinema". Ing Ponzanesi, Sandra; Merolla, Daniela (èd.). Migrant Cartographies: New Cultural and Literary Spaces in Post-colonial Europe. Lexington. kc. 239–52. ISBN 9780739107553. Dibukak ing 5 August 2013.
  6. "Oeroeg". filmindonesia.or.id . Jakarta: Konfiden Foundation. Diarsip saka sing asli ing 14 October 2016. Dibukak ing 5 August 2013. CS1 dandani: Basa ora kaweruhan (link)