Omah ngibadah
Omah ngibadah utawa papan ngibadah iku panggonan suci kanggo nindakaké ritual ngibadah agama. Panggonan sing dianggep suci iki wis ana wiwit jaman prasajarah. Istilah kabuyutan utawa mandala ing tlatah Sundha iku wis ana wiwit jaman kraton Tarumanagara lan dilanjutaken ing kraton Kendan uga kraton Galuh.
Budaya iki dilanjut wektu agama Hindhu lan Buda lumebu ing Nusantara terus uga agama Kristen lan Islam.
Jinis
besutMasjid
besutMasjid iku omah ngibadah kanggo umat penganut agama Islam. Ing laladan-laladan tinentu jeneng omah ngibadah iki nganggo jeneng liya ning nduwé fungsi padha, ana Langgar uga ana Mushalla. Tembung Masjid iku saka basa Arab ya iku "Masjad" sing tegesé panggonan kanggo sujud. Omah-omah ing Indonésia umum nduwé ruwang mirunggan sing biyasa kanggi ngibadah utawa kadhang ana siji ruwang tinentu sing kerep kanggo njalanake ngibadah ing omah.
Kanggo tulisan luwih gamblang, pirsani Masjid
Gréja
besutGreja iku omah ngibadah kanggo umat Katholik lan Protèstan. Yasan Greja sing paling megah ing Indonésia ya iku Greja Katedral ing lapangan Banteng, Jakarta uga Greja Immanuel ing gambir Jakarta Pusat.
Kanggo tulisan luwih gamblang, pirsani Greja
Pura
besutPura iku omah ngibadah kanggo umat Hindhu. Umat Hindhu ing Indonésia cacahé akèh ing pulo Bali.
Kanggo tulisan luwih gamblang, pirsani Pura
Wiyara
besutWiyara utawa Wiyara iku omah ngibadah kanggo umat Buda. Sedurung jaman reformasi makna omah ngibadah iki dicampuraduk karo Klenthèng, iku amarga ana masalah-masalah politis sing diskriminatif, ning saiki masalah diskriminatif iku wis dihapus.
Kanggo tulisan luwih gamblang, pirsani Wiyara
Klenthèng
besutKlenthèng iku omah ngibadah kanggo umat Kong Hu Cu utawa Konfusianisme. Yasan Klenthèng lumrahé nganggo ornamen-ornamen Cinten lan didominasi warna abang.
Kanggo tulisan luwih gamblang, pirsani Klenthèng
Liyane
besut
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |