Pajeg

cara kanggo nariki dhuwit utawa liyané marang warga pajeg déning nagara
     

Pajeg (sok salah diéja pajek lan pajak) iku tarikan wajib wujud dhuwit utawa liyané déning nagara tumrap warga pajeg (sawongan utawa bebadan ukum) kanggo ngragadi blanjaning nagara lan manéka butuhing warga.[1] Ora mbayar pajeg utawa mingkuh saka kawajiban mbayar pajeg bisa kinukum miturut undhang-undhang. Pajeg kapérang dadi pajeg sanalika lan pajeg ora sanalika lan bisa kabayaraké sarana dhuwit utawa gawéan kang satimbang. Panarikan pajeg lawas dhéwé kang kawiyak kalakon ing watara taun 3000–2800 SM ing Mesir Kuna.

Pérangan gedhé nagara duwé tata pajeg kanggo ngragadi butuhing warga, umum, utawa nagara lan pamaréntah. Sawatara nagara narik pajeg mawa angka persènan kang rata (flat percentage rate) tumrap pikolèh taunan, déné sawatara liyané ngukur pajeg saka gunggung pikolèh taunan. Pérangan gedhé nagara narik pajeg tumrap pikolèh sawongan lan pikolèh bebadan. Sawatara nagara utawa bawahané uga narik pajeg bandhan, pajeg warisan, pajeg palemahan, pajeg bebungahan, pajeg darbèn, pajeg adolan, lan pajeg opahan utawa tarif.

Ing babagan ékonomi, panarikan pajeg utawa angslah ateges alihan bandha saka balé-wisma lan bisnis menyang pamaréntah, kang wusana bisa nambah utawa nyuda tuwuhing ékonomi lan karaharjan ékonomi. Mula, angslah minangka jejer kang nemen dadi rembug.

Piridan

besut
  1. Charles E. McLure, Jr. "Taxation". Britannica. Dibukak ing 3 March 2015.