Paos punika tarikan wajib wujud yatra utawi sanèsipun déning nagari tumrap warga paos (satiyangan utawi bebadan ukum) kanggé ngragadi blanjaning nagari kaliyan manéka betahing warga.[1] Boten mbayar paos utawi mingkuh saking kawajiban mbayar paos saged kinukum miturut undhang-undhang. Paos kapérang dados paos sanalika kaliyan paos boten sanalika kaliyan saged kabayaraken sarana yatra utawi damelan ingkang satimbang. Panarikan paos lami piyambak ingkang kawiyak katindakaken ing watawis taun 3000–2800 SM ing Mesir Kina.

Pérangan ageng nagari gadhah tata paos kanggé ngragadi betahing warga, umum, utawi nagari kaliyan pamaréntah. Sawatawis nagari narik paos mawi angka persènan ingkang radin (flat percentage rate) tumrap pikantuk taunan, déné sawatawis sanèsipun ngukur paos saking gunggung pikantuk taunan. Pérangan ageng nagari narik paos tumrap pikantuk satiyangan kaliyan pikantuk bebadan. Sawatawis nagari utawi bawahanipun ugi narik paos bandhan, paos warisan, paos pasitèn, paos bebungahan, paos darbèn, paos sadéan, kaliyan paos opahan utawi tarif.

Ing babagan ékonomi, panarikan paos utawi angslah ateges pindhahan bandha saking balé-wisma kaliyan bisnis dhateng pamaréntah, ingkang wusana saged nambah utawi nyuda tuwuhing ékonomi kaliyan karaharjan ékonomi. Mila, angslah minangka jejer ingkang sanget dados rembag.

Piridan besut

  1. Charles E. McLure, Jr. "Taxation". Britannica. Dibukak ing 3 March 2015.