Pebangkai inggih punika kewan ingkang nedha kewan ingkang sampun pejah saking sebab sanes predasi utawi sampun dipunpejahi dening predator sanes.[1] Sinaosa pebangkai limrahipun ngacu ing karnivora ingkang nedha bangkai, nanging ugi minangka tindak-tanduk nedha herbivora.[2] Pebangkai gadhah peran ingkang wigati ing ekosistem kanthi nedha bangkai kewan lan tetuwuhan. Organisme pengurai lan detritivor nyampurnakaken proses menika, kanthi nedha sisa-sisa ingkang dipuntilar dening pebangkai. Pebangkai mbantu ngalahaken owahing sumbering pangan ing lingkungan.[3] Proses lan laju pebangkai dipunpengaruhi dening faktor biotik lan abiotik, kadosta ukuran bangkai, habitat, suhu, lan mangsa.[4]

Sarcophaga nodosa, spesies laler daging, negha bangkai kewan
Hereng lan bangau nedha bangkai hyena.

Pebangkai nggadhahi peran ingkang dhasar ing lingkungan lumantar nyingkiraken organisme ingkang bosok, minangka pelayanan sanitasi alami.[5] Sinaosa pengurai mikroskopis lan invertebrata ngurai kewan ingkang sampun pejah dados bahan organik sederhana ingkang dipunginakaken dening ototrof sakiwa tengenipun, pebangkai mbantu njagi energi lan nutrisi ingkang dipunpikantuk saking bangkai ing tingkat tofika inggil, lan saged nyebaraken energi lan gizi langkung tebih saking lokasi bangkai tinimbang pengurai.[6]

Kathah-kathahipun kewan pebangkai inggih punika pebangkai fakultatif ingkang pikantuk kathah sanget panganipun lumantar cara sanes, mliginipun predasi. Kathah kewan karnivora ageng ingkang asring moro, kadosta hyena lan jackal, nanging ugi kewan ingkang jarang dipunanggep minangka pebangkai, kadosta singa Afrika, macan tutul, lan serigala badhe pebangkai menawi dipunparingi kesempatan. Kewan-kewan menika ugi saged ngginakaken ukuran lan kasar-kasaripun kangge nggiris pemburu asli (cheetah minangka korban ingkang kathah, tinimbang pelaku). Meh sedaya pebangkai ingkang ukuranipun langkung ageng saking serangga inggih punika predator lan badhe moro menawi bangkai ingkang wonten boten cekap, amargi sakedhik ekosistem ingkang nyawisaken kewan ingkang pejah sepanjang taun kangge njagi kewan pebangkai kanthi pangan punika kemawon. Kewan pebangkai kadosta segawon lan gagak asring ngginakaken roadkill.

Owah-owahan ing komunitas pebangkai saged nyebabaken owah-owahan ingkang drastis ing komunitas pebangkai umum, ngurangi pelayanan ekosistem lan gadhah dampak ingkang mbebayani tumrap kewan lan manungsa.[7] Reintroduksi serigala abu-abu (Canis lupus) ing Yellowstone National Park ing Amerika Serikat nyebabaken owah-owahan ingkang drastis ing komunitas pebangkai ingkang wonten, ngasilaken pasokan bangkai kangge kathah spesies mamalia lan manuk.[4] Semanten ugi, mudunipun manuk hereng (vulture) ing India nyebabaken mindhakipun spesies oportunis kadosta segawon liar lan tikus. Wontenipun kekalih spesies ing bangkai nyebabaken mindhakipun penyakit kadosta rabies lan penyakit pes ing satwa liar lan ternak, amargi segawon liar lan tikus minangka penular penyakit kasebat. Mindhakipun penularan penyakit sampun dipuntingali ing pebangkai mamalia ing Kenya amargi ngurangipun populasi manuk wulung ing daerah kasebat, amargi ngurangipun populasi manuk hereng nyebabaken mindhakipun gunggungipun pebangkai mamalia ing bangkai tartamtu sesarengan kaliyan wekdal ingkang dipuntampi ing bangkai.[5]

Sitiran

besut
  1. Tan, Cedric K.W.; Corlett, Richard T. (2011-03-30). "Scavenging of dead invertebrates along an urbanisation gradient in Singapore". Insect Conservation and Diversity. 5 (2): 138–145. doi:10.1111/j.1752-4598.2011.00143.x. ISSN 1752-458X. S2CID 86467187.
  2. Getz, W (2011). "Biomass transformation webs provide a unified approach to consumer–resource modelling". Ecology Letters. 14 (2): 113–124. Bibcode:2011EcolL..14..113G. doi:10.1111/j.1461-0248.2010.01566.x. PMC 3032891. PMID 21199247.
  3. Castilla, A.M.; Richer, R.; Herrel, A.; Conkey, A.A.T.; Tribuna, J.; Al-Thani, M. (July 2011). "First evidence of scavenging behaviour in the herbivorous lizard Uromastyx aegyptia microlepis". Journal of Arid Environments. 75 (7): 671–673. Bibcode:2011JArEn..75..671C. doi:10.1016/j.jaridenv.2011.02.005. ISSN 0140-1963.
  4. a b Turner, Kelsey L.; Abernethy, Erin F.; Conner, L. Mike; Rhodes, Olin E.; Beasley, James C. (September 2017). "Abiotic and biotic factors modulate carrion fate and vertebrate scavenging communities". Ecology. 98 (9): 2413–2424. Bibcode:2017Ecol...98.2413T. doi:10.1002/ecy.1930. ISSN 0012-9658. PMID 28628191.
  5. a b Ogada, Darcy L.; Keesing, Felicia; Virani, Munir Z. (16 December 2011). "Dropping dead: causes and consequences of vulture population declines worldwide". Annals of the New York Academy of Sciences. 1249 (1): 57–71. Bibcode:2012NYASA1249...57O. doi:10.1111/j.1749-6632.2011.06293.x. ISSN 0077-8923. PMID 22175274. S2CID 23734331.
  6. Olson, Zachary H.; Beasley, James C.; Rhodes, Olin E. (2016-02-17). "Carcass Type Affects Local Scavenger Guilds More than Habitat Connectivity". PLOS ONE. 11 (2): e0147798. Bibcode:2016PLoSO..1147798O. doi:10.1371/journal.pone.0147798. ISSN 1932-6203. PMC 4757541. PMID 26886299.
  7. Olson, Z. H.; Beasley, J. C.; DeVault, T. L.; Rhodes, O. E. (31 May 2011). "Scavenger community response to the removal of a dominant scavenger". Oikos. 121 (1): 77–84. doi:10.1111/j.1600-0706.2011.19771.x. ISSN 0030-1299.