Sajarah Indonésia
Sajarah Indonésia nyakup sawijining rentang wektu kang dawa banget kang diwiwiti jaman prasajarah déning "Manungsa Jawa" ing mangsa watara 500.000 taun kapungkur. Periode ing sajarah Indonésia bisa dipérang dadi limang éra: éra pra kolonial, munculé karajan-karajan Hindhu-Buda sarta Islam ing Jawa lan Sumatera kang mligi ngandelaké dedagangan; éra kolonial, mlebuné bangsa Éropah (mligi Walanda) kang ngarepaké asil bumbon crakèn njalari anané panjajahan déning Walanda sajeroning watara 3,5 abad antara wiwitan abad kaping 17 nganti tengahan abad kaping 20; éra kamardikan, pasca Proklamasi Kamardikan Indonésia (1945) nganti mudhuné Soekarno (1966); éra Orde Baru, 32 taun mangsa papréntahan Soeharto (1966–1998); sarta éra reformasi kang lumangsung nganti dina iki.
Yèn dirunut wiwit saka taun 1500-an sajarah Indonésia bisa diklompokaké:
- Jaman Prasajarah
- 1500: Karajan kuna lan mlebuné Agama Islam
- 1500 nganti 1670: Karajan Agung lan Karajan Dagang
- 1670 nganti 1800: Pasulayan karo Walanda
- 1800 nganti 1830: Perjuangan
- 1830 nganti 1910: Imperialisme lan Modernisasi
- 1910 nganti 1940: Nasionalisme anyar
- 1940 nganti 1945: Perang Donya II
- 1945 nganti 1950: Perang Kamardikan
- 1950 nganti 1965: Orde Lama
- 1966 nganti 1967: Masa Transisi
- 1967 nganti 1998: Orde Baru
- 1998 nganti saiki: Reformasi
Prasajarah
besut- Artikel utama: Indonésia: Era prasajarah.
Sacara géologi, wewengkon Indonésia modhèren (sabanjuré karan Nusantara) minangka tlatah patemon antara telung lèmpèng bawana utama: Lèmpèng Eurasia, Lèmpèng Indo-Australia, lan Lèmpèng Pasifik. Kapuloan Indonésia kaya déné kang ana saiki iki dumadi ing jaman ndlèdèking ès sawisé rampung Zaman Ès, watara 10.000 taun kapungkur.
Pranala njaba
besut- [1]; alur wektu sajeroning sajarah indonesia