Pisuhan iku tembung utawa ukara kang lumrahé kagunakaké kanggo ngècè utawa ngina wong liya. Tembung lan ukara pisuhan iku béda-béda ing antarané basa siji lan basa liyané.

Tembung lan pisuhan basa Jawa

besut

Ing basa Jawa, tembung lan ukara kang kerep kagunakaké kanggo pisuhan antarané pérangan awak kang wadi, kéwan, bangsa alus (sétan utawa jim), kaanan kang èlèk lan liya-liyané.

Ing sastra Jawa, tembung lan ukara pisuhan arang dianggo amarga dianggep ora sopan lan ora trap marang kabudayané wong Jawa. Apa manèh akèh sastra Jawa kang thukul saka njero kraton. Nanging ana uga sastra Jawa kang migunakaké pisuhan, upamané Serat Gatholoco.

Pirsanana uga

besut