Proxima Centauri[9] iku lintang kate abang kang manggon adohé 4,2 taun cahya (3,97×1013 km). Lintang iki ana ing rasi lintang Centaurus. Proxima Centauri tinemu nalika taun 1915 déning Robert Innes, Dirèktur Observatorium Union ing Aprikah Kidul. Lintang iki wujud lintang paling cerak saka srengéngé,[8] sanajan mbleret banget kanggo dideleng nganggo mata langsung. Leté menyang lintang paling cerak kaloro lan katelu (kang tatalaku lintang gandha Alpha Centauri) ya iku 0,237 ± 0,011 taun cahya (15.000 ± 700 ékan astronomi).[10] Proxima Centauri kamungkinan wujud péranganing tatalaku lintang telu bebarengan karo Alpha Centauri A lan B.

Proxima Centauri
Position from Proxima Centauri.png
Posisi Proxima Centauri
Dhata pangamatan
Epos J2000.0
Rasi lintang Centaurus
Asensio rekta 14j 29m 42.9487d[1]
Dhéklinasi −62° 40′ 46.141″[1]
Magnitudo katon (V) 11,05[1]
Ciri-ciri
Kelas spektrumM5.5 Ve[1]
Indèks warna U-B1,43[1]
Indèks warna B-V1,90[1]
Jinis variabelLintang suar
Astrometri
Kacepetan radhial (Rv)−21,7 ± 1,8[2] km/s
Gerak dhiri (μ) RA: −3775,40[1] mas/taun
Dek.: 769,33[1] mas/taun
Paralaks (π)768.7 ± 0.3[3] mas
Let4.243 ± 0.002 tc
(1.3009 ± 0.0005 pc)
Magnitudo mutlak (MV)15,49[4]
Detail
Massa0,123 ± 0,006[5] M
Radhius0,145 ± 0,011[5] R
Gravitasi permukaan (log g)5,20 ± 0,23[5]
Luminositas (bolometrik)0,0017[6] L
Suhu3,042 ± 117[5] K
Rotasi83,5 hari[7]
Umur4,85 × 109[8] taun
Pamènèhan jeneng liya
Alpha Centauri C, CCDM J14396-6050C, GCTP 3278.00, GJ 551, HIP 70890, LFT 1110, LHS 49, LPM 526, LTT 5721, NLTT 37460, V645 Centauri[1]
Réferènsi database
SIMBAD data

Amarga kacerakané, dhiameter pojok lintang iki bisa diukur kanthi langsung, ya iku watara 1/7 saka srengéngé.[8] Bobot isen Proxima Centauri diprakirakaké watara 1/8 saka srengéngé, sauntara rata-rata bobot jinisé watara kaping 40é srengéngé.[nb 1] Sanajan duwé drajat luminositas kang asor, Proxima iku lintang suar kang ngalami paningkatan kacerahan minangka akibat saka kamobahan mahnitjati.[11] Médhan mahnit lintang iki kawangun liwat konvèksi ing badan lintang, lan marakake kamobahan semburan kang ngetokaké piwetu sinar X.[12] Pacampuran "bahan obong" ing inti Proxima Centauri liwat konvèksi lan drajat prodhuksi ènèrgi lintang kang rélatif asor nuduhaké yèn lintang iki kamungkinan bakal tetep dadi lintang dhèrèt utama suwéné patang trilyun taun sabanjuré.[13][14]

Panggolèkan bandha langit pangiring Proxima Centauri ora olèh kasil. Kamungkinan anané katé coklat lan raseksa gas wis dibusak.[15] Drajat kamobahan lintang nambah riricuh marang pangukuran karikatan radhial, saéngga matesi prospèk panemon objèk pangorbit.[16][17] Paninjoan karikatan radhial uga nyingkiraké kamungkinan anané bumi super ing laladan pantes panggon Proxima Centauri.[18][19][20][nb 2] Panggolèkan bandha-bandha langit kang luwih cilik merlokaké piranti-piranti anyar, kaya ta teleskop antariksa James Webb.[21] Amarga kacerakané karo Bumi, lintang iki wis diusulaké minangka pituju saka panjlajahan antarlintang.[22]

PangamatanBesut

Nalika taun 1915, Robert Innes, Dhirèktur Observatorium Union ing Johannesburg, Afrika Kidul, nemu lintang kang duwé obah dhiri kang padha karo Alpha Centauri.[23][24] Dhèwèké mènèhi jeneng lintang iku Proxima Centauri.[25] Nalika taun 1917, ing Royal Observatory, Tanjung Harapan, astronom Walanda Joan Voûte ngukur paralaks trigonometrik lintang iki, lan ngonfirmasi yèn Proxima Centauri duwé let saka srengéngé kang padha karo Alpha Centauri. Lintang iki uga ditepungi minangka lintang kanthi luminositas paling asor ing wektu iku.[26] Panemton paralaks Proxima Centauri kang akurat digawé déning astronom Amérikah Sarékat Harold L. Alden nalika taun 1928. Dhèwèké ngonfirmasi asil awal mawa paralaks 0,783 ± 0,005″.[23][25]

Astronom Amérikah Sarékat Harlow Shapley mbiwara Proxima Centauri minangka lintang suar nalika taun 1951. Pamriksan marang cathetan-cathetan fotografik sadurungé nuduhaké yèn lintang iki ngalami paningkatan sajeroning magnitudo watara 8%, ndadèkaké minangka lintang suar paling aktif ing wektu iku.[27] Kacerakan lintang iki mungkinaké pangamatan marang aktivitas semburanné. Nalika taun 1980, Observatorium Einstein gawé kurva ènèrgi sinar X ing semburan Proxima Centauri. Pangamatan luwih jero dilakokaké liwat satelit EXOSAT lan ROSAT. Emisi sinar X kanthi semburan kang luwih cilik lan mèmper karo srengéngé diamati déning satelit ASCA Jepang taun 1995.[28] Proxima Centauri kawit wektu iku dadi subjèk panlitèn déning manéka observatorium sinar X, kaya ta XMM-Newton lan Chandra.[29]

Amarga dhéklinasi kidul Proxima Centauri, lintang iki mung bisa dideleng ing sisih kidul lintang 27° U.[nb 3] Katé abang kaya Proxima Centauri mbleret banget kanggo dideleng kanthi mata langsung.[30][31] Lintang iki duwé magnitudo semu gedhéné 11, saéngga diperlokaké teleskop mawa tingkap minimal 8 cm (3,1 in.) kanggo ngamati lintang iki.[32]

KarakteristikBesut

Proxima Centauri diklasifikasikakè minangka lintang katé abang amarga mlebu sanjeroné dhèrèt utama ing diagram Hertzsprung–Russell lan kagolong sajeroning kelas M5.5. Lintang iki duwé magnitudo mutlak gedhéné 15,5.[4] Gunggung luminositas tumrap kabèh dawa gelombangé ya iku 0,17% saka srengéngé,[6] sanajan nalika diamati sajeroning dawa gelombang spèktrum optik mung 0.0056% saka srengéngé.[33] Luwih saka 85% saka daya kang kapancaraké ya iku dawa gelombang infraabang.[34]

 
Perbandhingan ukuran antarané srengéngé, α Centauri A, α Centauri B, lan Proxima Centauri

Nalika taun 2002, interferometri optik ing Very Large Telescope (VLTI) nemu yèn Proxima Centauri duwé dhiameter pojok watara 1,02 ± 0,08 mili dhetik busur. Amarga leté wis dikawruhi, dhiameter sebeneré bisa diprakirakaké, ya iku watara 1/7 srengéngé, utawa kaping 1,5 Yupiter.[24] Massa lintang iki diprakirakaké watara 12,3% saka massa srengéngé, utawa kaping 129 massa Yupiter.[8] Rata-rata massa jinis lintang dhèrèt utama mundhak sairing karo kurangé massa,[35] lan Proxima Centauri dudu pangecualian: lintang iki duwé rata-rata massa jinis watara 56.800 kg/m3 (56,8 g/cm3), sauntara srengéngé watara 1.409 kg/m3 (1,409 g/cm3).[nb 1]

Amarga massané kang asor, pérangan njero lintang iki sepenuhé konvèktif, saéngga ènèrgi ditransfer menyang pérangan njaba liwat pagerakan fisis plasma, lan dudu liwat prosès radhiatif. Konvèksi iki ateges yèn awu hélium kang ditinggalaké saka fusi termonuklir hidrogen ora kaakumulasi ing inti, nanging diédharaké menyang kabèh lintang. Ora kaya srengéngé, kang mung bakal ngobong watara 10% saka kabèh hidrogené sadurungé ninggal dhèrèt utama, Proxima Centauri bakal ngentèkaké kabèh "bahan bakar"é sadurungé fusi hidrogen rampung.[13]

Konvèksi gegandhèngan karo pangasilan médhan magnèt. Ènèrgi magnètik saka médhan iki diculaké menyang lumah liwat semburan lintang kang ngundhakaké luminositas lintang ing sajeroning wektu kang cendhak. Semburan-semburan mau bisa tuwuh nganti padha gehdéné karo lintang lan bisa nggayuh suhu dhuwuré 27 yuta K[29]—cukup panas kanggo ngradhiasi sinar X.[36] Luminositas sinar X lintang iki kang meneng (kira-kira watara (4–16) × 1026 erg/s ((4–16) × 1019 W)) kanthi kasar sithik luwih cilik saka srengéngé. Luminositas sinar X pucuk ing semburan gedhé dhéwé bisa nggayuh 1028 erg/s (1021 W.)[29]

Kromosfer lintang iki aktif, lan spektrumé nuduhaké garis émisi magnesium karionisasi kang kuwat ing dawa gelombang 280 nm.[37] Watara 88% lumah Proxima Centauri mungkin aktif. Persentase iki luwih dhuwur tinimbang srengéngé, malah nalika ana sajeroning pucuk siklusé. Ing periodhe meneng kanthi sithik utawa ora ana semburan, aktivitasé ngundhakaké suhu korona Proxima Centauri dadi 3,5 yuta K (sauntara srengéngé mung 2 juta K).[38] Nanging, tingkat aktivitas lintang iki dianggep asor yèn dibandhingaké karo katé kelas M liyané,[12] kang selaras karo prakiran umur lintang iki, ya iku 4,85 × 109 taun.[8] (tingkat aktivitas katé abang diprakirakaké alon-alon saya pudhar suwéné miliyaran taun kanthi saya kurangé tingkat rotasi lintang).[39] Tingkat kaaktifan uga duwé variasi ing periodhe (kasar) 442 dina, kang luwih cendhèk saka siklus srengéngé (11 taun).[40]

Proxima Centauri duwé angin lintang kang rélatif lemah, saéngga laju pamedhunan massané ora punjul 20% laju pamedhunan massa srengéngé (kang disebabaké amarga angin srengéngé). Ing sisih liya, amarga lintang iki luwih cilik saka srengéngé, laju pamedhunan massa per ékan wiyar lumah saka Proxima Centauri mungkin kaping wolu luwih gedhé saka lumah srengéngé.[41]

Katé abang kanthi massa kaya Proxima Centauri bakal tetep dadi lintang dhèrèt utama suwéné patang triliun taun. Sauntara proporsi hélium mundhak amarga fusi hidrogen, lintang iki bakal dadi luwih cilik lan panas, saya suwé malih saka abang dadi biru. Nyeraki akir periodhe iki, Proxima Centauri bakal dadi luwih mengkileng (nggayuh 2,5% luminositas srengéngé), lan uga ngangetaké bandha-bandha langit kang ngupengi suwéné miliaran taun. Nalika bahan bakar hidrogen entèk, Proxima Centauri bakal malih dadi katé putih (tanpa liwat tahap raksasa abang) lan alon-alon kélangan sisa ènèrgi panasé.[13]

Let lan pagerakanBesut

Adhedasar paralaks 768,7 ± 0,3 mili dhetik busur, kang diukur kanthi migunakaké Fine Guidance Sensors ing teleskop njaba akasa Hubble,[3] Proxima Centauri mapan adohé 4,2 taun cahya. Saka titik deleng apik (vantage point) bumi, Proxima kapisah 2,18°[42] saka Alpha Centauri, utawa kaping papat dhiameter pojok rembulan.[43] Proxima uga duwé obah dhiri kang gedhé - obah 3,85 arcsecond per taun ing langit.[44] Lintang iki duwé karikatan radhial gedhéné 21,7 km/s marang srengéngé.[1]

Ing antarané lintang-lintang kang wis ditepungi, Proxima Centauri wis dadi lintang paling cerak saka srengéngé suwéné 32.000 taun, lan bakal tetep dadi kang paling cerak suwéné 33.000 taun sabanjuré. Sawisé iku, posisi lintang paling cerak bakal digantèkaké déning Ross 248.[45] Proxima bakal ana ing posisi paling cerak karo srengéngé watara 3,11 taun cahya manèh, utawa watara 26.700 taun.[2] Lintang iki ngorbit liwat Bimasekti sajeroning kisaran let antara 8,3 nganti 9,5 kpc saka punjer galaksi, lan mawa eksentrisitas orbit gedhéné 0,07.[46]

Kawit panemonané, lintang iki dinuga minangka pangiring sebeneré saka sistem lintang gandha Alpha Centauri. Kanthi let adohé 0,21 taun cahya (15.000 ± 700 SA) saka Alpha Centauri,[10] Proxima Centauri mungkin ngorbit Alpha Centauri, kanthi periodhe orbit 500.000 taun utawa luwih. Mula, Proxima sok-sok dijuluki minangka Alpha Centauri C. Prakiran modhèren nduga yèn kamungkinan kaselarasan kang diamati minangka sawijining kebeneran wujud siji bandhing sayuta.[47] Dhata saka satelit Hipparcos, ditambah karo pangamatan, konsistèn kanthi hipotèsis yèn telu lintang iki wujud sawijining sistem kang kaiket. Yèn bener, Proxima bakal ana cerak apastron, titik paling adoh saka orbité ing sistem Alpha Centauri. Pangukuran karikatan radhial kang luwih akurat dibutuhaké kanggo mesthèkaké hipotèsis iki.[10]

Yèn Proxima kaiket karo sistem Alpha Centauri suwéné pambentukané, lintang iki kamungkinan duwé komposisi kimia kang padha. Prabawa gravitasi Proxima manawa uga wis nggolakaké protoplanetary disk Alpha Centauri, saéngga ngundhakaké pangenteran volatile kaya déné banyu menyang wewengkon njero kang garing. Planit kabumian ngendi waé ing sistem iki bakal ngandhut bahan-bahan mau.[10]

Enem lintang tunggal, loro sistem lintang gandhèa, lan lintang telu rerangkèn duwé pagerakan kang mèmper karo Proxima Centauri lan sistem Alpha Centauri. Kacepetan lintang-lintang mau diprakirakaké ana sajeroning kisaran 10 km/s saka obah peculiar Alpha Centauri, saéngga lintang-lintang mau mungkin minangka golongan pagerakan lintang, kang nuduhaké titik asal kang padha.[48] Yèn Proxima Centauri ora kaiket kanthi gravitasi marang Alpha Centauri, golongan pagerakan kaya mangkéné bakal mbantu njelasaké kacerakané lintang-lintang mau.[49]

Sanajan Proxima Centauri iku lintang paling cerak kanthi bona fide, manawa waé isih ana lintang katé coklat kang panggonané luwih cerak.[50]

Kamungkinan pangiringBesut

Yèn sawijining planit masif révolusiné ngupengi Proxima Centauri, pagèsèran lintang bisa dumadi per orbit planit mau. Yèn babagan orbit planit ora jejeg lurus karo garis deleng saka Bumi, mula pagèsèran iki bisa njalari owaèh-owahan periodhik ing karikatan radhial Proxima Centauri. Pangukuran kaping bola-bali ing karikatan radhial Proxima Centauri kang ora nuduhaké pagèsèran mau ngedhunaké massa maksimum kang bisa diduwèni pangiring Proxima Centauri.[3][15] Tingkat aktivitas Proxima Centauri njalari penderauan ing pangukuran karikatan radhial lintang, saéngga mbatesi kamungkinan pandhétèksian pangiring migunakaké métodhe iki.[16]

Nalika taun 1998, pamriksan marang Proxima Centauri kanthi migunakaké Faint Object Spectrograph ing teleskop njaba akasa Hubble nuduhaké bukti anané pangiring Proxima ing let 0.5 SA.[51] Nanging, panggolèkan sabanjuré kanthi migunakaké Wide Field Planetary Camera 2 ora bisa nemu.[17] Proxima Centauri, bebarengan karo Alpha Centauri A lan B, dadi lintang "Tier 1" ing program Space Interferometry Mission (SIM) NASA, kang bakal mungkinaké pandhétèksian planit mawa ukuran minimal kaping telu massa Bumi ing let loro SA saka lintang "Tier 1".[21]

Zona layak huniBesut

Film dhokumèntèr Alien Worlds nyetusaké hipotèsis yèn planit kang bisa nunjang kauripan mbok mewana ngorbit Proxima Centauri utawa lintang katé abang liyané. Kanggo ana ing zona layak huni Proxima Centauri, sawijining planit kudu ana adohé 0.023–0.054 SA saka lintang mau, lan duwé periodhe orbital suwéné 3,6–14 dina.[52] Planit kang ngorbit ing zona mau bakal kakunci kanthi pasang surut, saéngga ing langit planit mau Proxima Centauri ora akèh ngalami pagerakan. Mula awan bakal terus lumaku ing salah siji sisih lumah, lan suwaliké wengi ora bakal rampung ing sisih lumah kang liyané. Nanging, anané atmosfèr bisa nyaluraké ènèrgi saka lumah kang disinari déning lintang menyang lumah planit liyané.[18]

Semburan ing Proxima Centauri bisa ngikis atmosfèr planit ing zona layak huni-né, nanging èlmuwan ing filem dhokumèntèr mau yakin yèn alangan iki bisa ditanggulangi. Gibor Basri saka Universitas California, Berkeley, nyebut yèn "ora ana kang [wis] nemu candhetan marang kalayakan huni." Contoné, dikawatiraké yèn arus kebak momotan saka semburan lintang bisa ngosongaké atmosfèr planit ing saubengé. Nanging, yèn planit mau duwé médhan magnèt kang kuwat, médhan mau bakal nangkis partikel saka atmosfèr.[53]

Èlmuwan liya, mligi panyengkuyung hipotèsis Bumi Langka,[54] ora nyarujuki yèn lintang katé abang bisa njurung kauripan. Rotasi kang kakunci kanthi pasang surut bisa ngakibataké saya lemahé momen magnètik planit, saéngga lontaran massa korona saka Proxima Centauri bakal ngikis atmosfèr planit.[19]

Panjlajahan antarlintangBesut

 
Srengéngé katon saka sistem Alpha Centauri. Citra digawé kanthi migunakaké program Celestia.

Proxima Centauri wis diusulaké minangka tujuwan pisanan sajeroning panjlajahan antarlintang.[22] Sanajan montor mabur akasa Voyager diprakirakaké bakal dadi montor mabur akasa pisanan kang mlebu ruwang antarlintang, montor mabur-montor mabur Voyager obah kanthi karikatan alon, ya iku watara 17 km/s. Kanthi karikatan iku, Voyager merlokaké wektu 10.000 taun kanggo nempuh setaun cahya.[55]

Yèn tenaga panggerak non-nuklir saiki digunakaké, lelaku montor mabur akasa menyang planit kang ngorbit Proxima Centauri mbutuhaké wektu éwonan taun.[56] Nuclear pulse propulsion ngambah tèknologi kang mungkinaké lelaku antarlintang ing sajeroning wektu saabad. Tèknologi kaya mangkéné iki wis mènèhi ilham kanggo sapérangan panlitian kaya ta Project Orion, Project Daedalus, lan Project Longshot.[57]

Saka Proxima Centauri, srengéngé bakal katon minangka lintang kanthi magnitudo 0,4  kang padhang ing rasi lintang Cassiopeia.[58]

Uga delengenBesut

Cathetan panjelasBesut

  1. a b Massa jinis (ρ) wujud massa dibagi volume. Gegandhèngan karo srengéngé, massa jinis Proxima Centauri ya iku:
      =  
    = 0,123 · 0,145−3 · 1,41 × 103 kg/m3
    = 40,3 · 1,41 × 103 kg/m3
    = 5,68 × 104 kg/m3

    kanthi   iku rata-rata massa jinis srengéngé. Delengen:

    • Munsell, Kirk; Smith, Harman; Davis, Phil; Harvey, Samantha (2008-06-11). "Sun: Facts & Figures". Solar System Exploration. NASA. Retrieved 2008-07-12.CS1 maint: uses authors parameter (link)
    • Bergman, Marcel W.; Clark, T. Alan; Wilson, William J. F. (2007). Observing Projects Using Starry Night Enthusiast (8 ed.). Macmillan. pp. 220–221. ISBN 142920074X.CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  2. Sabeneré ana watesan marang pangaji m sin i, karo i ya iku pojok antarané garis normal orbit karo garis deleng. Yèn orbit planit cerak karo face-on kaya déné dideleng saka Bumi, planit-planit kang luwih masif bisa lolos saka pandhètèksian kang migunakaké métodhe karikatan radhial.
  3. Kanggo lintang ing sisih kidul zènit, pojokan marang zènit padha karo garis lintang dikurang dhéklinasi. Lintang kadhelikaké saka papan kanthi pojok zènit gedhéné 90° utawa luwih, utawa sajeroning tembung liya sangisoré cakrawala. Mula, kanggo Proxima Centauri:
    Lintang paling dhuwur = 90° + −62,68° = 27,32°.
    Delengen: Campbell, William Wallace (1899). The Elements of Practical Astronomy. London: Macmillan. Retrieved 2008-08-12.

Cathetan sikilBesut

  1. a b c d e f g h i j "SIMBAD query result: V* V645 Cen -- Flare Star". Centre de Données astronomiques de Strasbourg. Retrieved 2008-08-11.—some of the data is located under "Measurements". Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "SIMBAD" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  2. a b García-Sánchez, J. (2001). "Stellar encounters with the solar system". Astronomy and Astrophysics. 379: 634–659. doi:10.1051/0004-6361:20011330. Retrieved 2008-06-12. Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (help)
  3. a b c Benedict, G. Fritz; et al. (1999). "Interferometric Astrometry of Proxima Centauri and Barnard's Star Using HUBBLE SPACE TELESCOPE Fine Guidance Sensor 3: Detection Limits for Substellar Companions". The Astronomical Journal. 118 (2): 1086–1100. doi:10.1086/300975. Retrieved 2007-07-21. Explicit use of et al. in: |author= (help)
  4. a b Kamper, K. W. (1978). "Alpha and Proxima Centauri". Astronomical Journal. 83: 1653–1659. doi:10.1086/112378. Retrieved 2008-08-03. Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (help)
  5. a b c d Ségransan, D. (2003). "First radius measurements of very low mass stars with the VLTI". Astronomy and Astrophysics. 397: L5–L8. doi:10.1051/0004-6361:20021714. Retrieved 2008-08-07. Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (help)
  6. a b See Table 1, Doyle, J. G. (1990). "Optical and infrared photometry of dwarf M and K stars". Astronomy and Astrophysics. 235: 335–339. Bibcode:1990A&A...235..335D. Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (help) and p. 57, Peebles, P. J. E. (1993). Principles of Physical Cosmology. Princeton, New Jersey: Princeton University Press. ISBN 0691019339.
  7. Benedict, G. Fritz; et al. (1998). "Photometry of Proxima Centauri and Barnard's Star Using Hubble Space Telescope Fine Guidance Sensor 3: A Search for Periodic Variations". The Astronomical Journal. 116 (1): 429–439. doi:10.1086/300420. Retrieved 2007-07-09. Explicit use of et al. in: |author= (help)
  8. a b c d e Kervella, Pierre; Thevenin, Frederic (2003-03-15). "A Family Portrait of the Alpha Centauri System: VLT Interferometer Studies the Nearest Stars". ESO. Retrieved 2007-07-09.CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  9. "Latin Resources". Joint Association of Classical Teachers. Retrieved 2007-07-15.
  10. a b c d Wertheimer, Jeremy G.; Laughlin, Gregory (2006). "Are Proxima and α Centauri Gravitationally Bound?". The Astronomical Journal. 132 (5): 1995–1997. doi:10.1086/507771. Retrieved 2007-07-09.CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  11. Christian, D. J. (2004). "A Detailed Study of Opacity in the Upper Atmosphere of Proxima Centauri". The Astrophysical Journal. 612 (2): 1140–1146. doi:10.1086/422803. Retrieved 2008-06-13. Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (help)
  12. a b Wood, B. E.; Linsky, J. L.; Müller, H.-R.; Zank, G. P. (2001). "Observational Estimates for the Mass-Loss Rates of α Centauri and Proxima Centauri Using Hubble Space Telescope Lyα Spectra" (PDF). The Astrophysical Journal. 547 (1): L49–L52. doi:10.1086/318888. Retrieved 2007-07-09.CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  13. a b c Adams, Fred C. "Red Dwarfs and the End of the Main Sequence" (PDF). Gravitational Collapse: From Massive Stars to Planets. Revista Mexicana de Astronomía y Astrofísica. pp. 46–49. Retrieved 2008-06-24. Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (help)
  14. Dunkley, J.; et al. "Five-Year Wilkinson Microwave Anisotropy Probe (WMAP) Observations: Data Processing, Sky Maps, and Basic Results". NASA. Retrieved 2008-03-06. Explicit use of et al. in: |author= (help)
  15. a b Kürster, M.; et al. (1999). "Precise radial velocities of Proxima Centauri. Strong constraints on a substellar companion". Astronomy & Astrophysics Letters. 344: L5–L8. Bibcode:1999A&A...344L...5K. Retrieved 2008-12-19. Explicit use of et al. in: |author= (help)
  16. a b Saar, Steven H. (1997). "Activity-related Radial Velocity Variation in Cool Stars". Astrophysical Journal. 485: 319–326. doi:10.1086/304392. Retrieved 2008-07-11. Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (help)
  17. a b Schroeder, Daniel J. (2000). "A Search for Faint Companions to Nearby Stars Using the Wide Field Planetary Camera 2". The Astronomical Journal. 119 (2): 906–922. doi:10.1086/301227. Retrieved 2008-06-25. Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (help)
  18. a b Tarter, Jill C.; et al. (2007). "A Reappraisal of The Habitability of Planets around M Dwarf Stars". Astrobiology. 7 (1): 30–65. doi:10.1089/ast.2006.0124. PMID 17407403. Explicit use of et al. in: |author= (help)
  19. a b Khodachenko, Maxim L.; et al. (2007). "Coronal Mass Ejection (CME) Activity of Low Mass M Stars as An Important Factor for The Habitability of Terrestrial Exoplanets. I. CME Impact on Expected Magnetospheres of Earth-Like Exoplanets in Close-In Habitable Zones". Astrobiology. 7 (1): 167–184. doi:10.1089/ast.2006.0127. PMID 17407406. Explicit use of et al. in: |author= (help)
  20. Endl, M. and Kürster, M. (2008). "Toward detection of terrestrial planets in the habitable zone of our closest neighbor: Proxima Centauri". Astronomy and Astrophysics. 488 (3): 1149–1153. Bibcode:2008A&A...488.1149E. doi:10.1051/0004-6361:200810058.CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  21. a b Watanabe, Susan (2006-10-18). "Planit-Finding by Numbers". NASA JPL. Retrieved 2007-07-09.
  22. a b Gilster, Paul (2004). Centauri Dreams: Imagining and Planning. Springer. ISBN 038700436X.
  23. a b Glass, I. S. (2007). "The Discovery of the Nearest Star". African Sky. 11: 39. Bibcode:2007AfrSk..11...39G. Unknown parameter |month= ignored (help)
  24. a b Queloz, Didier (2002-11-29). "How Small are Small Stars Really? VLT Interferometer Measures the Size of Proxima Centauri and Other Nearby Stars". European Southern Observatory. Retrieved 2007-07-09.
  25. a b Alden, Harold L. (1928). "Alpha and Proxima Centauri". Astronomical Journal. 39 (913): 20–23. doi:10.1086/104871. Retrieved 2008-06-28.
  26. Voûte, J. (1917). "A 13th magnitude star in Centaurus with the same parallax as α Centauri". Monthly Notices of the Royal Astronomical Society. 77: 650–651. Retrieved 2007-07-09.
  27. Shapley, Harlow (1951). "Proxima Centauri as a Flare Star". Proceedings of the National Academy of Sciences of the United States of America. 37 (1): 15–18. doi:10.1073/pnas.37.1.15. PMC 1063292. PMID 16588985. Retrieved 2007-07-11.
  28. Haisch, Bernhard (1995). "Solar-Like M-Class X-ray Flares on Proxima Centauri Observed by the ASCA Satellite". Science. 268 (5215): 1327–1329. doi:10.1126/science.268.5215.1327. PMID 17778978. Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (help)
  29. a b c Guedel, M. (2004). "Flares from small to large: X-ray spectroscopy of Proxima Centauri with XMM-Newton". Astronomy and Astrophysics. 416: 713–732. doi:10.1051/0004-6361:20031471. Retrieved 2008-07-11. Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (help)
  30. "Proxima Centauri UV Flux Distribution". ESA/Laboratory for Space Astrophysics and Theoretical Physics. Retrieved 2007-07-11.
  31. Kaler, Jim. "Rigil Kentaurus". University of Illinois. Retrieved 2008-08-03.
  32. Sherrod, P. Clay (2003). A Complete Manual of Amateur Astronomy: Tools and Techniques for Astronomical Observations. Courier Dover Publications. ISBN 0486428206. Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (help)
  33. p. 8, Binney, James (1987). Galactic Dynamics. Princeton, New Jersey: Princeton University Press. ISBN 0691084459. Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (help)
  34. kaca. 357, Leggett, S. K. (1992). "Infrared colors of low-mass stars". Astrophysical Journal Supplement Series. 82 (1): 351–394. doi:10.1086/191720. Retrieved 2008-08-13.
  35. Zombeck, Martin V. (2007). Handbook of Space Astronomy and Astrophysics (Third ed.). Cambridge, UK: Cambridge University Press. p. 109. ISBN 0521782422.
  36. Staff (2006-08-30). "Proxima Centauri: The Nearest Star to the Sun". Harvard-Smithsonian Center for Astrophysics. Retrieved 2007-07-09.
  37. E. F., Guinan (1996). "Proxima Centauri: Rotation, Chromosperic Activity, and Flares". Bulletin of the American Astronomical Society. 28: 942. Retrieved 2008-06-14. Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (help)
  38. Wargelin, Bradford J. (2002). "Stringent X-Ray Constraints on Mass Loss from Proxima Centauri". The Astrophysical Journal. 578: 503–514. doi:10.1086/342270. Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (help)
  39. Stauffer, J. R. (1986). "Chromospheric activity, kinematics, and metallicities of nearby M dwarfs". Astrophysical Journal Supplement Series. 61 (2): 531–568. doi:10.1086/191123. Retrieved 2008-06-29. Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (help)
  40. Cincunegui, C.; Díaz, R. F.; Mauas, P. J. D. (2007). "A possible activity cycle in Proxima Centauri". Astronomy and Astrophysics. 461 (3): 1107–1113. doi:10.1051/0004-6361:20066027. Retrieved 2007-07-11.CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  41. Wood, B. E. (2000). "Observational Estimates for the Mass-Loss Rates of Alpha Centauri and Proxima Centauri Using Hubble Space Telescope Lyman-alpha Spectra". Astrophysical Journal. 537 (2): L49–L52. doi:10.1086/309026. Retrieved 2008-07-11. Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (help)
  42. Kirkpatrick, J. Davy; et al. (1999). "Brown Dwarf Companions to G-type Stars. I: Gliese 417B and Gliese 584C". The Astronomical Journal. 121: 3235–3253. doi:10.1086/321085. Retrieved 2008-06-23. Explicit use of et al. in: |author= (help)
  43. Williams, D. R. (2006-02-10). "Moon Fact Sheet". NASA. Retrieved 2007-10-12.
  44. Benedict, G. F.; et al. "Astrometric Stability and Precision of Fine Guidance Sensor #3: The Parallax and Proper Motion of Proxima Centauri" (PDF). Proceedings of the HST Calibration Workshop. pp. 380–384. Retrieved 2007-07-11. Explicit use of et al. in: |author= (help)
  45. Matthews, R. A. J. (1994). "The Close Approach of Stars in the Solar Neighborhood". Quarterly Journal of the Royal Astronomical Society. 35: 1–9. Bibcode:1994QJRAS..35....1M.
  46. Allen, C. (1998). "The galactic orbits of nearby UV Ceti stars". Revista Mexicana de Astronomia y Astrofisica. 34: 37–46. Retrieved 2008-06-13. Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (help)
  47. Matthews, Robert; Gilmore, Gerard (1993). "Is Proxima really in orbit about Alpha CEN A/B?". MNRAS. 261: L5.CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  48. Johnston, Kathryn V. (1995). "Fossil Signatures of Ancient Accretion Events in the Halo". Bulletin of the American Astronomical Society. 27: 1370. Retrieved 2008-08-10.
  49. Anosova, J. (1994). "Dynamics of nearby multiple stars. The Alpha Centauri system". Astronomy and Astrophysics. 292 (1): 115–118. Retrieved 2008-08-10. Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (help)
  50. "WISE Satellite Set to Map the Infrared Universe". Scientific American. December 9, 2009. Retrieved 2009-12-10.
  51. Schultz, A. B. (1998). "A possible companion to Proxima Centauri". Astronomical Journal. 115: 345–350. doi:10.1086/300176. Retrieved 2008-06-25. Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (help)
  52. Endl, M. (June 18–21, 2002). "Extrasolar Terrestrial Planets: Can We Detect Them Already?". In Drake Deming (ed.). Conference Proceedings, Scientific Frontiers in Research on Extrasolar Planets. Washington, DC. pp. 75–79. Retrieved 2008-06-23. Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (help)
  53. Alpert, Mark (2005). "Red Star Rising". Scientific American. Retrieved 2008-05-19. Unknown parameter |month= ignored (help)
  54. Ward, Peter D. (2000). Rare Earth: Why Complex Life is Uncommon in the Universe. Springer. ISBN 0387987010. Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (help)
  55. Mallove, Eugene F.; Gregory L. Matloff (1989). The starflight handbook: a pioneer's guide to interstellar travel. Wiley. p. 6. ISBN 0471619124.CS1 maint: multiple names: authors list (link). Voyager 1 duwé karikatan asimtotik kang gedhéné 3,5 SA/taun, sauntara Voyager 2 duwé karikatan asimtotik kang gedhéné 3,4 SA/taun.
  56. Crawford, I. A. (1990). "Interstellar Travel: A Review for Astronomers". Quarterly Journal of the Royal Astronomical Society. 31: 377–400. Bibcode:1990QJRAS..31..377C. Unknown parameter |month= ignored (help)
  57. Beals, K. A. (1988). "Project Longshot, an Unmanned Probe to Alpha Centauri" (PDF). NASA-CR-184718. U. S. Naval Academy. Retrieved 2008-06-13. Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (help)
  58. Koordhinat srengéngé bakal silih lawan karo Proxima kanthi dhiamètris, ing α=02j 29m 42.9487d, δ=+62° 40′ 46.141″. Magnitudo mutlak (Mv) srengéngé ya iku 4,83, saéngga ing paralaks (π) 0,77199, magnitudo katon (m) ya iku 4,83 − 5(log10(0,77199) + 1) = 0,40. Lihat: Tayler, Roger John (1994). The Stars: Their Structure and Evolution. Cambridge University Press. p. 16. ISBN 0521458854.

Pranala njabaBesut