Pusaka Purwa Maugena

Nalika krungu tembung pusaka, bokmanawa ana ing angen-angen banjur bayangke manèka warna pusaka kaya ta cundrik, keris, trisula, tumbak lan sapanunggalané. Panemu kuwi ora luput, awit jenengé pusaka adaté pancèn awujud gegaman landhep. Keris Brongot Setan Kober upamané minangka pusaka Adipati Jipang Panolan iya pusakané Arya Penangsang, nanging anggep pusaka kuwi amung winates gegaman mesthi waé ora sawutuhé bener, jalaran ana pusaka kang awujud piwulang. Contoné waé pusaka purwa maugena yaiku tilarané Kanjeng Susuhunan Pakubuwana Ingkang Kaping IX ing praja Surakarta.

Pusaka purwa maugena iku digambaraké kanthi lambang waringin sungsang, mula banjur sinebut piwulang waringin sungsang kanggo wewarah gesang tumuju urip sing laras, leres, lan lurus. Tembung waringin sungsang iku asal tembung "waringin" sing bisa ditegesi kepéngin mring wewarah, déné sungsang tegesé nyungsung gesang, mula wong urip kang kepengin slamet, teguh, rahayu, lan wilujeng tur uga kepéngin kepanggonan begja kudu tansah ngupadi wewarah gesang, aja mung urip sekarepé dhéwé. Déné godhongé waringin iku mujudake janma, oyot-oyoté munggah kuwi gambaraké para leluhur, tegesé uripé janma iku gumantung mring leluhur kang wus jalari lair ing madyapada.

Sabdatama kang diwènèhaké dening para sepuh iku nyata bakal mènèhi pituduh urip, awit bisa nggayuh tentreming ati, padhanging budi, lan paraning dedunung. Nalika ngadhepi godha rencananing urip, utawa kang aboté tanpa pepindhan, wong bisa nyinau sabdatama saka wong tuwa. Yèn ketemu pituduh mula ati goreh dadi tentrem, pikir peteng dadi padhang, nalar bingung dadi dunung. Kanthi anané sabdatama wong tumindak ora ngawur, dalujur tanpa ubur, mula sabdatama lan pituduh wong tuwa iku wigati banget digatèkaké .

Kanggo ngamalaké piwulang purwa maugena iku, wong kudu  ngawuningani dhasaré budi limang perkara, yaiku:

1. Wit budi: Wit budi iku digambaraké kaya déné witing klapa. Supaya bisa mènèk wong kudu sabar saka tataran ngisor nganti tumekèng pucak, iki mènèhi piwulang kanggo nglakoni piwulangé para luhur nyata butuhaké wektu, ora banjur ujug-ujug tumekèng pucuké wit budi.

2. Prau ombak samodra: gambaraké lamun urip ing bebrayan iku tansah kaserang ombak kaya déné lumakuning baita ing tengahing samodra. Ombak iku nggambaraké omongané wong akeh kang asring agawé gonjing supaya bisa lumaku jejeg tumuju gisiking kamulyan.

3. Galihing kangkung: wis mesthi angèl ngupadi, awit jeneng wit kangkung pancèn ora duwé galih, yèn bakal ngupadi galihing kangkung ketemuné mung kosong utawa bolong. Iki duwèni teges menawa pitutur wong tuwa iku tanpa pamrih utawa bolong mlompong.

4. Layanganing kuntul: iku nuduhaké yèn wong kang wis nguwasani kawruh kudu budidaya amrih ora ngétok-ngétokaké, becik tumindak prasaja.

5. Payung: saka tembung bapa biyung, tegesé amrih weruh dalaning urip. Wong iku butuh dalaning pepadhang, kang kagungan dalaning pepadhang yaiku Gusti Kang Maha Wikan, mula  manawa nampa karuwetaning urip, sabdatama lan pituduh prayoga saka bapa biyung kang wus dadi lantaraning urip ing alam donya