Putri Kaguya (かぐや姫の物語 Kaguya hime no monogatari?, Kisah Putri Kaguya) utawi Taketori monogatari (竹取物語? Kisah Pengambil Bambu) inggih punika carita rakyat Jepang ingkang tuwa dhéwé.[1] Kisah satunggaling laré wadon ingkang kapanggih déning simbah kakung ingkang mendhet pring saking wit pring ingkang medalaken cahya [2].

Simbah kakung mbeta kondur Putri Kaguya, lukisan karya Tosa Hiromichi.

Cariyosipun kinten-kinten saking wiwitan jaman Heian. Ing salebeting Man'yōshū jilid kaping 16 lemma 3791 wonten chōka (prosa dawa) kanthi irah-irahan Taketori no Okina (Kakek Pengambil Bambu) ingkang nyariosaken wanita saking kahyangan (tennyo). Cariyos punika kirang langkung wonten gegayutanipun kaliyan cariyos Putri Kaguya ingkang ugi dipunsebat minangka Taketori no okina no monogatari (Kisah Kakek Pengambil Bambu).

Penganggit lan tokoh wonten ing cariyos

besut

Penganngit cariyos punika dumugi sapunika boten dipunmangertosi. Nanging dhedhasar persentase tiyang Jepang ingkang mangertos aksara cariyos punika kirang langkung dipunserat déning satunggaling tiyang saking kalangan nginggil. Penganggit kinten-kinten mapan wonten ing kiwa-tengené kutha krajan Heian-kyō, lan gadhah aksès informasi babagan kalangan bangsawan. tema cariyos punika anti kemapanan saéngga saged ugi penganggit asalipun boten saking klan Fujiwara.

Tokoh-tokoh ingkang medal kados Putri Kaguya, simbah-simbah ingkang mendhet pring, lan kaisar punika tokoh ingkang fiktif. Nanging katingal saking nama-nama bangsawan lan pejabat ingkang nglamar Putri Kaguya, cariyos punika saged ugi mendhet modhèl saking bangsawan lan pejabat ingkang naté wonten ing jaman mau.[3]

Lelampahaning cariyos

besut

Kala rumiyin wonten simbah-simbah kakung kaliyan garwanipun ingkang sampun sepuh. Simbah kakung nyambut damel kanthi mendhet pring ing wana. Lajeng pring mau dipundamel manéka pirantos lan kathah tiyang ingkang nyebat piyambakipun Kakek Pengambil Bambu. Ing sawijining dinten, simbah mau tindak dhateng wana, laheng mirsani satunggaling pring ingkang medalaken cahya. Piyambakipun rumaos gumun lan ngethok pring mau. Saking jeroning pring medal laré wadon ingkang alit namung 9 cm dhuwuripun. Laré mau lajeng dipunbeta kondur lan dipunrurus kados larénipun piyambak. Awit saking punika, saben dinten simbah kakung manggihaken emas saking pring saéngga dados sugih. Bibar tigang wulan, larenipun sampun dados putri ingkang ayu sanget lan dipunparingi nama Putri Kaguya (Nayotake no kaguya hime).

Putri Kaguya kawéntar ing nagari amargi ayu sanget. Kathah tiyang jaler ingkang péngin ndadosaken Putri Kaguya minangka garwanipun. Nanging sadaya dipuntampik déning Putri Kaguya, lan taksih wonten gangsal tiyang ingkang taksih remen kaliyan Putri Kaguya. Gangsal tiyang mau sadaya kalebet pangeran lan pejabat inggi. Awit saking punika simbah kakung paring wewarah marang putri bilih wanita punika kedah manten kaliyan tiyang jaler, saéngga supados milih ingkang sampun wonten. Putri Kaguya paring wangsulan bilih piyambakipun namung purun kagarwa déning tiyang ingkang mbeta barang ingkang dipunkajengaken déning Putri Kaguya. Para pelamar punika kasuwun mbeta barang ingkang boten mungkin kados ta mangkok suci Buda, pang wit emas ingkang pating krelip, kulit tikus putih saking kawah gunung geni, mutiara naga, lan kulit kerang ingkang medalaken cahya kagunganipun manuk walet. Pelamar ingkang kapung pisan balik mbeta mangkok biyasa, lajeng ingkang angka kalih mbeta batang palsu damelanipun pengrajin, déné ingkang angka tiga punika mbeta kulit tikus biyasa ingkang gampil kobong. Sedaya dipuntampik déning Putri kaguya amargi boten mbeta barang asli. Pelamar kaping sekawan nyerah amargi kénging badai nalika ing margi, déné ingkang kaping gangsal punika séda amargi boyokipun tugel. Kaisar ingkang mireng pérangan mau gadhah kekajengan kepanggih kaliyan Putri Kaguya. Simbah paring wejangan dhumateng putri supados purun kaliyan kaisar, nanging piyambakipun nampik terus. Lajeng kaisar dados nyerah lan ijolan puisi kaliyan Putri Kaguya.

 
Putri Kaguya kondur ing Bulan

Dumugi ing mangsa palastra, Putri Kaguya tansah mirsani Bulan sinambi nangis. Nalika dipunpitakeni kénging menapa nangis putri boten kersa wangusal. Nanging nalika tanggal 15 wulan 8 (September) sansaya caket Putri Kaguya ngakoni bilih piyambakipun punika sanès manungsa bumi, lan ing tanggal 15 nalika wulan purnama piyambakipun kedah wangsul dhateng Bulan. Kaisar ingkang sampun mireng banjur paring dhawuh dhateng prajurit supados njagi Putri Kaguya. Dugi ing wulan purnama, kirang langkung jam 2 saking langit mandhap tiyang Bulan. Nanging simbah lan para prajurit boten saged njagi Putri ingkang badhé dipunbeta ing Bulan. Minangka tandha mata, Putri Kaguya maringi hidup kekal (不死 fushi?, boten naté séda) dhateng kaisar. Nanging tanpa Putri Kaguya kaisar rumaos boten prelu gesang dangu. Lajeng obat mau dipunobong wonten ing Suruga mliginipun wonten ing pucuk gunung paling inggil ing Jepang. Gunung mau lajeng dipunsebat "Fushi no Yama," pungkasan dipunwastani "Fujiyama" (Gunung Fuji). Obat ingkang dipunobong ing nginggiling gunung mau ingkang damel Gunung Fuji mesti medalaken kukus dumugi sapunika mitosipun.

Cathetan suku

besut
  1. "Windows on Asia, Japanese". Asian Studies Center, Michigan State University. Diarsip saka sing asli ing 2005-12-03. Dibukak ing 2013-02-15.
  2. Cerita rakyat Jepang[pranala mati permanèn], (dipunakses tanggal 15 Fèbruari 2013)
  3. "Kaguya Hime". Encyclopedia of Japanese Culture.

Pranala njawi

besut