RMS Titanic
RMS Titanic ya iku kapal penumpang darbèné White Star Line.[1] Titanic diyasa ing galangan kapal Harland and Wolff ing Belfast, Irlandia Lor. Titanic didésain kanggo nyaingi kapal RMS Lusitania lan RMS Mauretania duwèké Cunard Line.[1] Titanic, digawé bareng karo kapal kembaré ya iku RMS Olympic.[1] Kapal Titanic iku minangka salah siji saka telu kapal kelas Olympic, ya iku RMS Titanic, RMS Olympic lan Britannic.[1] Britannic jenengé kang sapisan ya iku Gigantic, jeneng iki duwé ancas supaya dadi kapal kang paling apik lan gedhé dhéwé ing donya.[1] Kapal Titanic digawé lan dibayari déning wong sugih ing Amérika kang jenengé J.P. Morgan lan parusahan International Mercantile Marine Co.[1] Titanic digawé tanggal 31 Maret 1909.[1] Awaké kapal Titanic dadi tanggal 31 Mèi 1911, lan kabèh ubarampéné dadi tanggal 31 Maret 1912.[1]
Titanic dianggep dadi puncak arsitèktur lan duwé tèknologi kang canggih.[1] Titanic dianggep kapal kang ora bakal ambles ing sagara déning kalawarti Ship Builders.[1] Titanic dadi kapal uwab kang gedhé dhéwé ing jamané.[1]
Nalika berlayar kang sepisanan Titanic nabrak gunung ès nalika jam 23:40 wektu kapal tanggal 14 April 1912 lan ambles ing njero sagara kurang luwih jam 02:20 ésuk nalika dina Senèn.[1]
Kapal Titanic kang kèrem ing tengah Samodra Atlantik dadi sambékala sagara kang gedhé dhéwé sajeroning sajarah.[2]
Nalika jaman semana, Titanic migunakaké tèknologi paling maju, saéngga wong ora percaya yèn Titanic bakal bisa kèrem.[2] Rong jam sawisé Titanic ambles, kapal Carpathia teka lan nylametaké wong-wong kang isih urip.[2] Ing gladhak kapal Carpathia dianakaké donga mirunggan kanggo ndongakaké wong-wong kang dadi kurban, lan nalika jam 08:50 ésuk, kapal Carpathia lumaku tumuju New York lan tekan New York tanggal 18 April 1912.[2]
Nalika santunan jiwa diwènèhaké, White Star Line nyéwa kapal MacKay-Bennett kanggo ngévakuasi jisim.[2] Cacahé jisim kang tinemu 338 wong.[2] Jisim mau akèh-akèhé diévakuasi ing Halifax, Nova Scotia, nanging jisim kang ora ditepungi dikuburaké ing Pasaréyan Fairview.[2]
Dhimènsi lan pengaturan
besutTitanic duwé dawa 882 feet 9 inci lan amba maksimum 92 feet,6 inci. Dhuwur sakabèhané, diukur saka dhasar lunas menyang pucuk anjungan, ana 104 feet. [3] Kapal iki boboté ana 46.328 ton lan daya amot 34 feet 7inci, kapal iki duwé bobot total 52.310 ton.[4]
Katelu kapal kelas Olympic duwé sewelas geladhak (ora kalebu kantor perwira ing pérangan ndhuwur), wolu ing antarané dianggo penumpang. Saka ndhuwur mangisor, geladhak-geladhak mau ya iku:
- Boat Deck, papan sekoci didèlèh. Ing jam-jam pisanan 15 April 1912, saka kéné sekoci Titanic diudhunaké menyang Samodra Atlantik Lor. Anjungan lan ruwang kemudi ana ing ujung ngarep, ing ngarep kantor kapten lan perwira. Anjungan dumunung 8 feet ing ndhuwur geladhak, njorok arah sisih supaya kapal bisa diawasi nalika merapat. Ruwang kemudi dumunung persis ing buri lan ndhuwur anjungan. Lawang lumebu menyang Grand Staircase Kelas Siji lan gimnasium ana ing tengah kapal bebarengan karo lounge Kelas Siji, sauntara ing buri geladhak ya iku payon ruwang cerutu Kelas Siji lan lawang lumebu Kelas Loro kang relatif prasaja. Geladhak berlapis kayu iki terbagi dadi empat teras terpisah; kanthi berurutan kanggo perwira, penumpang Kelas Siji, teknisi lan penumpang Kelas Loro. Sekoci jèjèr-jèjèr ing sisih geladhak, nglumpati tlatah Kelas Siji supaya sesawangan saka kana ora kaganggu.[5][6]
- A Deck, uga karan Promenade Deck, mbentang sadawaning struktur super iki, ya iku 546 feet. Geladhak iki dirancang mirunggan kanggo penumpang Kelas Siji lan isi kabin Kelas Siji, lounge Kelas Siji, ruwang cerutu, ruwang waca tulis lan Palm Court.[5]
- B Deck, utawa Bridge Deck, ya iku geladhak ndhuwur penopang bobot sisan tataran paling dhuwur lambung kapal. Sapérangan gedhé akomodasi penumpang Kelas Siji diyasa ing kéné, dipirantèni enem kamar pura (kabin) kang duwé teras dhéwé-dhéwé. Ing Titanic, A La Carte Restaurant lan Café Parisien nyadiakaké fasilitas mangan méwah tumrap para penumpang Kelas Siji. Kaloroné dioperasèkaké déning koki lan staf subkontrak; kabèh tiwas sajeroning sambékala. Ruwang cerutu Kelas Loro lan aula lawang lumebu ana ing geladhak iki. Geladhak haluan kapal kang kaangkat dumunung ing ngarep Bridge Deck lan dumadi saka palka Nomor 1 (palka utama tumuju ruwang kargo), manéka warna mesin lan jangkar. Geladhak iki katutup kanggo penumpang; adegan mabur kang misuwur ing haluan kapal ing filem Titanic taun 1997 sabeneré ora bakal mungkin. Buritan Bridge Deck ya iku Poop Deck kang diunggahaké, kanthi dawa 106 feet, digunakaké minangka teras kanggo penumpang Kelas Telu. Ing kana papan bertahan pungkasan tumrap akèh penumpang lan awak Titanic nalika kapal kèrem. Geladhak haluan lan Poop Deck kapisah saka Bridge Deck liwat dek mudhun.[7][8]
- C Deck, utawa Shelter Deck, ya iku geladhak paling dhuwur kang mbentang langsung saka ujung haluan menyang ujung buritan kapal. C Deck dumadi saka loro geladhak turun; geladhak buritan ya iku péranganing papan jalan-jalan Kelas Telu. Kabin awak dumunung ing ngisor geladhak haluan lan ruwang umum Kelas Telu dumunung ing ngisor Poop Deck. Ing antara kaloroné ya iku sapérangan gedhé kabin Kelas Siji lan pabukon Kelas Loro.[7][9]
- D Deck, utawa Saloon Deck, didmonasi déning telung ruwang umum ukuran gedhé – Ruwang Resepsi Kelas Siji, Ruwang Makan Kelas Siji, lan Ruwang Makan Kelas Loro. Sawijining ruwang kabuka uga diyasa kanggo penumpang Kelas Telu. Para penumpang Kelas Siji, Loro, lan Telu duwé kabin ing geladhak iki, dipepaki kamar turu kanggo juru api kang dumunung ing haluan. Geladhak iki ya iku tingkat paling dhuwur kang digayuh sekat kedhap banyu kapal (sanadyan mung wolu saka limolas sekat).[7][10]
- E Deck, utawa Upper Deck, luwih dimanfaatake kanggo akomodasi penumpang kanggo kabèh kelas ditambah kamar turu koki, pelaut, pelayan, lan penghias. Ing sadawaning geladhak iki, ana siji lorong dawa kang dijuluki Scotland Road déning para awak, tegesé jeneng dalan misuwur ing Liverpool.[7][11]
- F Deck, utawa Middle Deck, ya iku geladhak pepak kang pungkasan lan didominasi akomodasi kanggo penumpang Kelas Telu. Ana uga sawatara kabin Kelas Loro lan akomodasi awak. Ruwang mangan Kelas Telu dumunung ing kéné, semono uga bèji lan padusan Turki.[7][11]
- G Deck, utawa Lower Deck, ya iku geladhak pepak paling ngisor kang ngangkud penumpang, lan duwé jendhéla kapal paling ngisor, tepat ing ndhuwur garis banyu. Lapangan squash dumunung ing kéné bersama kantor pos lumaku, papan para petugas layang nyortir layang lan parsel kanggo dikirimaké sawisé kapal merapat ing dermaga. Bahan pangan uga disimpen ing kéné. Ing sawatara panggonan, geladhak iki ditembus déning geladhak orlop (setengah) ing ndhuwur ruwang kètèl, mesin, lan turbin.[7][12]
- Orlop Decks lan Tank Top dumunung ing tingkat paling cendhèk kapal, ing ngisor garis banyu. Geladhak orlop dianggo kanggo ruwang kargo, sauntara Tank Top – pérangan ngisor paling jero ing lambung kapal – duwé ruwang papan kanggo kètèl, turbin, lan generator listik kapal dipasang. Pérangan kapal kang siji iki didominasi déning ruwang mesin lan kètèl, papan-papan kang ora biyasa dideleng penumpang. Kaloro ruwang iki kahubung karo tataran paling dhuwur ing kapal liwat rerangkèn trap/andha; loro tangga spiral cedhak haluan mènèhi aksès menyang D Deck.[7][12]
Fitur
besutMesin, kètèl, lan generator
besutTitanic dipepaki telung mesin-loro mesin uwab telu ekspansi papat silinder bolak-balik lan siji turbin Parsons mawa tekanan cendhèk ing tengah-kang siji lan sijiné ndhorong siji baling-baling. Loro mesin bolak-balik duwé kakuwatan gabungan kang gedhéné 30.000 hp lan sisa 16.000 hp asal saka turbin.[3] White Star Line sadurungé kasil nganggo kombinasi mesin kang padha karo ing kapal SS Laurentic.[14] Gabungan iki mènèhi kombinasi performa lan kacepetan kang apik; mesin bolak-balik iku dhéwé ora cukup kuwat kanggo nyurung sawijining kapal kelas Olympic ing kacepetan kang dikarepaké, sauntara turbin lumayan kuwat nanging ngakibataké getaran kang ora nyaman, siji masalah kang mengaruhi kapal-kapal sarwa turbin milik Cunard, Lusitania lan Mauretania.[15] Kanthi nggabungaké mesin bolak-balik karo sawijining turbin, konsumsi bahan bakar bisa dikurangi lan tenaga motif mundhak kanthi gunggung uwab kang padha.[16]
Rong mesin bolak-balik ukuran raseksa, kang dawané 63 feet lan bobot 720 ton. Pelat dasaré bobot 195 ton.[15] Kaloro mesin disurung tenaga uwab kang dihasilkan 29 kètèl, 24 ing antaranya berujung ganda lan 5 berujung tunggal, kang dumadi saka 159 tungku kanthi sakabèhané.[17] Kètèl-kètèl mau duwé diamèter 15 feet 9 inches (4.80 m) lan sadawané 20 feet, duwé bobot 91,5 ton lan mampu nampung 48,5 ton banyu.[18]
Kètèl iki dipanasaké déning pembakaran batu bara, 6.611 ton ing antarané ditampung ing bunker Titanic lan 1.092 ton sisané disimpen ing Hold 3. Tungku-tungku mau mbutuhaké punjul 600 ton batu bara sadina kang disodok lumebu nganggo tangan, saéngga mbutuhaké tenaga 176 juru api sajeroning 24 jam.[19] 100 ton awu saben dina dibuwang kanthi nglepasaké menyang sagara.[20] Pekerjaan seperti iki tampak keras, kotor, lan mbebayani, meski digaji relatif gedhé,[19] ana tingkat bunuh diri kang tinggi antarané para juru api kang menjalaninya.[21]
Uwab buwangan kang ninggal mesin bolak-balik dilebokaké menyang turbin ing buritan. Saka kana, uwab diterusaké menyang kondensator saéngga bisa diembunkan dadi banyu lan dianggo lagi.[22] Mesin-mesin terpasang langsung dengan tangkai dawa kang mengendalikan baling-baling. Ana telu baling-baling, siji kanggo saben mesin; baling-baling paling njaba (utawa sisih) ya iku kang paing gedhé, dumadi saka telung bilah aloi mangan-perunggu kanthi diamèter total 23.5 feet.[18] Baling-baling tengah diamèter 17 feet,[23] bisa diendhegaké, nanging ora bisa dimunduraké.
Pembangkit listrik Titanic mampu ngasilaké luwih akèh listrik tinimbang siji pembangkit listrik kutha ing mangsa semana.[24] Buritan mesin turbin kaisi déning papat generator listrik tenaga uwap 400 kW kang digunakan kanggo menyediakan tenaga listrik kapal, plus loro generator pembantu 30 kW kanggo keperluan darurat.[25] Tempatnya ana ing buri kapal, saéngga isih sempat operasi nganti menit-menit pungkasan sadurungé kapal kèrem.[26]
Fasilitas tèknis
besutKemudi Titanic ukurane lumayan gedhé – dhuwuré 78 feet 8inci lan dawané 15 feet 3inci, kanthi bobot punjul 100 ton – saéngga dibutuhaké mesin kemudi kanggo ngobahaké. Loro mesin kemudi mawa kakuwatan uwab dipasang sanadyan mung siji kang dianggo, sauntara siji manèh minangka cadangan. Kaloroné kahubung karo tangkai kemudi cendhek liwat per keras kanggo ngisolasi mesin kemudi saka kejutan apa waé akibat sagara keras utawa owah-owahan arah kang rikat.[27] Minangka pilihan pungkasan, tangkai kemudi bisa dipindahaké nganggo tali kang kahubung karo loro puteran jangkar uwab.[28] Putaran jangkar iki uga minangka ngunggahaké lan ngudhunaké lima jangkar kapal (siji ing kiwa, siji tengen, siji tengah, lan loro jangkar lengkung).[28],
Kapal iki duwé sistem pengaliran banyuné dhéwé, kang mampu manasaké lan mompa banyu menyang saisi kapal liwat jaringan pipa lan katup kang rumit. Suplai banyu utama digawa menyang kapal nalika Titanic isih ing pelabuhan, anangig sajeroning kaanan darurat pun kapal mampu nyuling banyu tawar saka sagara, sanadyan bab iki dudu prosès langsung amarga saluran distilasi gampang kasumbet endhapan faram. Sarangkéyan saluran kaisolasi ngangkud udara anget menyang saisi kapal kang asal saka kipas listrik, lan kabin Kelas Siji dipepaki pemanas listriké dhéwé.[24]
Titanic dipepaki telegraf nirkabel jeda percik kakuwatan 1,5 kW kang dipasang ing ruwang radio Geladhak Anjungan. Siji set dianggo kanggo ngirim pesan lan siji manèh, ing bilik kedhap swara, kanggo nampa pesen. Sinyal dipancaraké liwat loro kabel paralel kang dibentang antarané menara-menara kapal, 50 feet ing ndhuwur cerobong kanggo ngindari keluk korosifé.[24] Sistem iki ya iku salah siji kang paling canggih ing donya kanthi jangkauan nganti 1.000 mil.[29] Sistem iki diduwèni lan dioperasèkaké déning Marconi Company, dudu White Star Line, lan mung kanggo para penumpang, dudu operasi kapal. Fungsi loro operator nirkabel – kaloroné karyawan Marconi – ya iku ngoperasèkaké layanan telegram nirkabel 24 jam kanggo penumpang. Karyawan iki uga nerusaké pesen profésional kapal kaya déné laporan cuaca lan peringatan ès.[30]
Cathetan sikil
besut- ↑ a b c d e f g h i j k l [Eaton, John P. and Haas, Charles A. Titanic: Triumph and Tragedy (2nd ed.). W.W. Norton & Company, 1995 ISBN 0-393-03697-9]
- ↑ a b c d e f g Lynch, Donald and Marschall, Ken. Titanic: An Illustrated History. Hyperion, 1995 ISBN 1-56282-918-1
- ↑ a b McCluskie 1998, kc. 22.
- ↑ Chirnside 2004, kc. 319.
- ↑ a b Hutchings & de Kerbrech 2011, kc. 47.
- ↑ Gill 2010, kc. 229.
- ↑ a b c d e f g Hutchings & de Kerbrech 2011, kc. 48.
- ↑ Gill 2010, kc. 232.
- ↑ Gill 2010, kc. 233.
- ↑ Gill 2010, kc. 235.
- ↑ a b Gill 2010, kc. 236.
- ↑ a b Gill 2010, kc. 237.
- ↑ Beveridge 2008, kc. 100.
- ↑ Gill 2010, kc. 120.
- ↑ a b Gill 2010, kc. 121.
- ↑ Hutchings & de Kerbrech 2011, kc. 79.
- ↑ Hutchings & de Kerbrech 2011, kc. 80.
- ↑ a b Gill 2010, kc. 126.
- ↑ a b Gill 2010, kc. 148.
- ↑ Hutchings & de Kerbrech 2011, kc. 86.
- ↑ Hutchings & de Kerbrech 2011, kc. 85.
- ↑ Hutchings & de Kerbrech 2011, kc. 96.
- ↑ Gill 2010, kc. 127.
- ↑ a b c Hutchings & de Kerbrech 2011, kc. 74.
- ↑ Hutchings & de Kerbrech 2011, kc. 106.
- ↑ Hutchings & de Kerbrech 2011, kc. 107.
- ↑ Hutchings & de Kerbrech 2011, kc. 68.
- ↑ a b Hutchings & de Kerbrech 2011, kc. 70.
- ↑ Gill 2010, kc. 165.
- ↑ Gill 2010, kc. 162.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |