Rabiès ya iku lelara infeksi akut ana ing susunan saraf pusat kang disebabake déning virus rabies.[1] Penyakit iki duwé sipat zoonotik, ya iku bisa ditularake saka kéwan menyang manungsa.[1] Virus rabiès ditularke menyang manungsa saka cokotan kéwan tuladhané déning asu, kucing, kethèk, rakun, lan kampret.[1] Rabies karan uga lelara asu gemblung.[2]

Wong sing kena lelara rabies ing taun 1959

Ètimologi

besut

Tembung rabiès asalé saka basa Sansekerta kuna rabhas kang duwé teges nglakokaké kekerasan utawa kejahatan.[1] Ana ing basa Yunani, rabies dijenengi Lyssa utawa Lytaa kang tegesé kegilaan.[1] Ing basa Jerman, rabies dijenengi tollwut kang asalé saka basa Indojerman Dhvar kang tegesé ya iku ngrusak lan wut kang tegesé nesu.[1] Ana ing basa Prancis, rabies dijenengi rage asalé saka tembung robere kang tegesé dadi gemblung.[1]

Sajarah

besut

Rabies dudu lelara anyar ana ing sajarah perabadan manungsa.[2] Catatan katulis ngenani perilaku asu kang ujug-ujug dadi giras tinemu ana ing Kode Mesopotamia kang ditulis 4000 taun dhisik lan uga ana ing Kode Babilonia Eshunna kang ditulis ana ing taun 2300 SM.[2] Democritus nalika taun 500 SM uga nulisaké karakteristik tandha-tandha lelara kang meh padha kaya rabies.[2]

Penyebab

besut

Rabies disebabake déning virus rabies kang kalebu ana ing Rhabdoviridae lan génus Lysavirus.[2] Karakteristik utama saka virus kulawarga Rhabdoviridae iki ya iku duwé siji utas négatif RNA kang ora duwé segmen.[2] Virus iki urip ana ing jinis kéwan kang duwé peran dadi perantara penularan.[2]

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f g Madigan MT; Martinko JM; Dunlap PV; Clark DP (2009). Brock Biology of Microorganisms Twelfth Edition. Pearson Benjammin Cummings. kc. 1003–1005.
  2. a b c d e f g Smith JS (1996). "New aspects of rabies with emphasis on epidemiology, diagnosis, and prevention of the disease in the United States" (pdf). Clin Microbiol Rev. 9 (2): 166, 171.[pranala mati permanèn]