Rabindranath Tagore
Rabindranath Tagore (basa Bengali: Rabindranath Thakur; lair ing Jorasanko, Kolkata, India, 7 Mèi 1861 – pati 7 Agustus 1941 ing umur 80 taun [γ]) ugi misuwur kanthi nama Gurudev,[δ] inggih punika salah satunggalipun Brahmo Samaj, penyair, dramawan, filsuf, seniman, musikus lan sastrawan Bengali.[1][2] Panjenenganipun lair saking kulawarga Brahmana Bengali, inggih Brahmana ingkang manggenipun ing laladan Bengali, laladan ing anakbawana India antawis India lan Bangladesh.[1] Rabindranath Tagore punika kalebet tiyang ingkang nomer satunggal saking Asia ingkang pikantuk kanugrahan Nobel Sastra ing taun 1913.[1] Panjenenganipun sampun nyerat puisi utawi geguritan wiwit yuswanipun nembé wolung taun.[1] Tagore ngagem nama samaran “Bhanusingho’’ (Singa Srengenge) wonten ing panerbitan karya geguritanipun ingkang sapisanan ing taun 1877, lan wiwit nyerat carita cekak nalika nembé yuswa enem welas taun.[1] Amargi raos kuciwa dhateng British Raj saged damel Tagore maringi panyengkuyung dhateng Gerakan Kamardikan India lan kekancanan kaliyan Mahatma Gandhi. Lan ugi amargi panjenenganipun sampun kicalan meh sadaya kulawarganipun, lan kirangipun raos ngurmati dhateng karyanipun.[3] Karya-karyanipun Tagore ingkang misuwur kados Gitanjali (Song Offerings), Gora (Fair-Faced), lan Ghare-Baire (The Home and the World), sarta karya geguritan, carita cekak, lan novèl.[2]
Rabindranath Tagore | |
---|---|
Lair | 7 Mèi 1861 Kolkata, India |
Pati | 7 Agustus 1941 Kolkata, India |
Pakarya | Penyair, filsuf, dramawan, komposer |
Wekdal taksih alit (1861-1901)
besutTagore gadhah asma timur (nama alit) "Rabi", lair ing Jasanko Mansion, panjenenganipun putra saking Debendranath Tagore lan Sarada Devi,[ε] putra pungkasan saking sekawan welas putra.[3] Sasampunipun ndhèrèk upacara Upanayanam ing yuswa enem welas taun,(Upayanam inggih punika upacara kanggé lare jaler ingkang badhé mlebet tataran Brahmacari tingkat kanggé mados ngèlmu).[3] Tagore sareng kaliyan bapanipun tindak nilaraken Kolkata ing tanggal 14 Fèbruari 1873 kanggé nglaksanakaken laku ingkang panjang ing India.[2] Panjenenganipun dhateng Shantiniketan lan Amritsar sadèrèngipun dhateng Dalhousie, salah satunggalipun bukit kanggé istirahat ing Himalaya. Wonten ing ngriki, Tagore sinau sajarah, astronomi, ngèlmu kawruh modern lan Basa Sansekerta, lan ugi nyinaoni karya sastra klasik.[1][3]
Cathetan suku
besutPranala njawi
besut- Biografi
- "Rabindranath Tagore: A Biographical Sketch". Dr. Mohammad Omar Farooq. Diarsip saka sing asli ing 2006-10-17. Dibukak ing 2011-06-15.
- "Tagore and his India". Nobel Foundation.
- "Rabindranath Tagore: The Founder". Visva–Bharati (Shantiniketan). Diarsip saka sing asli ing 2005-12-15. Dibukak ing 2011-06-15.
- "Rabindranath Tagore's Conversation with Albert Einstein". School of Wisdom.
- "Rabindranath Tagore: In Conversation with H. G. Wells". School of Wisdom. Diarsip saka sing asli ing 2000-03-09. Dibukak ing 2011-06-15.
- "Rabindranath Tagore". Calcutta Web. Diarsip saka sing asli ing 2015-09-06. Dibukak ing 2011-06-15.
- Waosan
- "Martin Sheen Reads "My Country Awake" by Rabindranath Tagore". Wired for Books.
| style="width:50%; text-align:left; vertical-align:top;" |
- Texts and analyses
- Karyané Rabindranath Tagore ing Project Gutenberg
- "রবীন্দ্রনাথের বিভিন্ন রচনা". Ankur.
- "The Works of Rabindranath Tagore". Internet Sacred Text Archive.
- "Rabindranath Tagore: Current Articles". Parabaas.
- Music
- "Rabindro-Sangeet". My Bangla Music. Diarsip saka sing asli ing 2008-01-01. Dibukak ing 2011-06-15.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |