Radhiyasi èlèktromagnètik
Radhiasi èlèktromagnetik yaiku kombinasi antarané médhan listrik lan médhan magnet kang nglakoni osilasi lan mrambat ngliwati ruang lan nggawa ènèrgi saka siji panggon menyang panggon liyané.[1] Cahya kang katon yaiku siji wangun saka radhiasi èlèktromagnetik.[1] Panelitèn teoritis ngenani radiasi elektromagnetik dijenengi elektrodinamik, sub-babagan èlèktromagnetisme.[1] Gelombang èlèktromagnetik tinemu déning Heinrich Hertz.[1] Gelombang elektro magnetik kalebu ana ing gelombang tranversal.[1] Saben momotan listrik kang duwé percepatan mancarake radhiasi èlèktromagnetik.[1] Nalika kawat (utawa panghantar kaya antena) ngirimka arus bolak-balik, radhiasi èlèktromagnetik dirambataké ing frekuensi kang padha karo arus listrik.[1] Gumantung saka situasi, gelombang elektromagnetik bisa dadi kaya gelombang utawa kaya partikel.[1] Minangka gelombang, dicirike déning kecepatan (kecepatan cahya), dawa gelombang, lan frekuensi.[1] Nalika dadi partikel, mereka gelombang dadi foton, lan duwé ènergi kang ana gandhengane karo frekuensi gelombang dituduhake déning gayutan Planck E = Hf, yaiku E ènergi foton, h konstanta Planck — 6.626 × 10 −34 J·s — lan f frekuensi gelombang.[1] Einstein banjur nganyari rumus iki dadi Ephoton = hf.[1]
Gelombang èlèktromagnetik
besutKang kalebu ing gelombang èlèktromagnetik[2]
Gelombang | Panjang gelombang λ |
---|---|
gelombang radhio | 1 mm-10.000 km |
infra abang | 0,001–1 mm |
cahya katon | 400-720 nm |
ultra violèt | 10-400 nm |
sinar X | 0,01-10 nm |
sinar gamma | 0,0001-0,1 nm |
Sinar kosmis ora kalebu gelombang èlèktromagnetik amarga dawané gelombang luwih cilik saka 0,0001 nm.[2] Sinar kang dawane gelombang gedhé, yaiku gelombang radio lan infra abang, duwé frekuensi lan tingkat ènèrgi kang luwih cendhèk. Sinar kang gelombang cilik yaiku, ultra violèt, sinar x utawa sinar rontgen, lan sinar gamma, duwé frekuensi lan tingkat ènèrgi kang luwih dhuwur.[2]
Cathetan suku
besut
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |