Rakai Pikatan
Sri Maharaja Rakai Pikatan Mpu Manuku inggih punika raja ingkang angka enem Karajan Medhang periode Jawa Tengah (utawi asring dipunsebat Karajan Mataram Kuna) ingkang jumeneng nata antawis taun 840-an – 856.[1]
Nama Asli lan Gelar
besutRakai Pikatan kalebet wonten ing pratèlan para raja vèrsi Prasasti Mantyasih. Nama aslinipun miturut Prasasti Argapura inggih punika “Mpu Manuku”. Wonten ing Prasasti Munduan taun 807 dipunmangertosi Mpu Manuku njabat dados Rakai Patapan. Lajeng wonten ing Prasasti Kayumwungan taun 824 kalungguhan Rakai Patapan dipuncepeng déning Mpu Palar. Dipunduga nalika punika Mpu Manuku sampun dados Rakai Pikatan.[1]
Ananging, wonten ing Prasasti Tulang Air taun 850 Mpu Manuku wangsul malih kanthi gelar Rakai Patapan. Déné miturut Prasasti Gondosuli, Mpu Palar sampun séda sadèrèngipun taun 832. Kintenipun laladan Patapan dados tanggel jawabipun Mpu Manuku, déné nalika kados mekaten piyambakipun sampun dados maharaja. Tradhisi kados punika panci dipuntindakaken wonten ing sajarah Karajan Medhang ing pundi raja nyantumaken ugi gelar laminipun minangka pangarsa laladan, kados ta [[Maharaja Rakai Watukura Dyah Balitung.[2]
Miturut prasasti Wantil, Mpu Manuku yasa kutha krajan énggal ing désa Mamrati saéngga piyambakipun jejuluk Rakai Mamrati. Istananipun ugi kanthi nama Mamratipura, minangka gantosipun Mataram.[2]
Prasasti Wantil ugi nyebataken bilih Rakai Mamrati mandhap saking tahta, saha dados Brahmana kanthi gelar Sang Jatiningrat nalika taun 856.[2]
Patutan kaliyan Pramodawardhani
besutPrasasti Wantil ugi ngrembag babagan dhaup Sang Jatiningrat utawi Rakai Pikatan Mpu Manuku kaliyan putri ingkang bènten agami. Para sejarawan sarujuk bilih putri punika inggih Pramodawardhani saking Wangsa Sailendra ingkang agamanipun Buda Mahayana, déné Mpu Manuku piyambak kanthi agama Hindhu Siwa.[3]
Prmodawardhani inggih punika putrinipun Samaratungga ingkang namanipun kacathet wonten ing prasasti Kayumwungan taun 824. Nalika punika ingkang dados Rakai Patapan inggih Mpu Palar, déné nama Mpu Manuku boten dipunsebutaken.[3]
Sejarawan De Casparis nganggep Rakai Patapan Mpu Palar sami kaliyan Maharaja Rakai Garung saha minangka bapak saking Mpu Manuku. Kekalihipun minangka anggota Wangsa Sanjaya ingkang suksès ngraketaken gayutan lumantar bésanan kaliyan Wangsa Sailendra.[4]
Téori punika dipunbantah déning Slamet Mujana amargi miturut prasasti Gondosuli, Mpu Palar minangka pendhatang saking Pulo Sumatra saha sadaya putranipun èstri. Déné, Mpu Manuku sampun langkung rumiyin lenggah dados Rakai Palar. Kemungkinan manawi Mpu Manuku minangka putra Mpu Palar langkung alit.[4]
Déné, Mpu Manuku sampun lenggah dados Rakai Patapan nalika taun 807, saha Pramodawardhani taksih kenya nalika taun 824. Kawontenan punika nedahaken bilih jarak umur kekalihipun radi tebih. Mbok bilih, Rakai Pikatan Mpu Manuku yuswanipun sami kaliyan mertuanipun, samaratungga.[4]
Pramodawardhani sanès satunggalipun gawra saking Rakai Pikatan. Adhedhasar saking prasasti Telahap dipunmangertosi bilih garwa Rakai Pikatan ingkang sanès jejuluk Rakai Watan Mpu Tamer. Kintenipun nalika punika gelar mpu dèrèng idhèntik tumrap kaum jaler.[5] Selir ingkang nama Rakai Watan Mpu Tamer punika minangka simbah saking garwa Dyah Balitung, inggih punika ratu ingkang damel Prasasti Mantyasih (907).[5]
Kapustakaan
besut- Marwati Poesponegoro & Nugroho Notosusanto. 1990. Sajarah Nasional Indonesia Jilid II. Jakarta: Balai Pustaka
- Slamet Muljana. 2006. Sriwijaya (terbitan ulang 1960). Yogyakarta: LKIS
Cathetan suku
besut
Didhisiki déning: Samaratungga |
{{{jabatan}}} 840? – 856 |
Diganti déning: Rakai Kayuwangi |