Rakai Kayuwangi

Sri Maharaja Rakai Kayuwangi Dyah Lokapala Sri Sayyawasanottunggadewa inggih punika raja ingkang angka pitu saking Karajan Medang périodeJawa Tengah (utawi asring dipunsebut Karajan Mataram Kuno) ingkang jumeneng nata antawis taun 856880-an.[1]

Rakai Kayuwangi

Asal-Usul besut

Saèstunipun kirang trep manawi Rakai Kayuwangi dipunsebut minangka raja Karajan Medang, amargi miturut prasasti Wantil, nalika punika pura Karajan Medang boten dumunung malih wonten ing tlatah Mataram, nanging sampun dipunpindahaken déning Rakai Pikatan wonten ing tlatah Mamrati, saha dipunsebut kanthi nama Mamratipura.[1] Rakai Kayuwangi inggih punika putra ragil Rakai Pikatan ingkang lair saking permaisuri Pramodawardhani. Nama aslinipun inggih punika “Dyah Lokapala” (prasasti Wantil) utawi “Mpu Lokapala” (prasasti Argapura).[2]

Miturut prasasti Wantil utawi prasasti Siwagerha nalika tanggal 12 Novèmber 856, Dyah Lokapala minggah tahta nggentosi ramanipun, inggih punika Sang Jatiningrat (gelar Rakai Pikatan minangkaBrahmana). Pengangkatan putra ragil minangka raja punika dipundhasari ing jasa kapahlawananipun Dyah Lokapala nalika numpes mungsuh bapakipun, ingkang markasipun dumunung ing timbunam watu ing nginggil bukit Ratu Baka.

Téyori populèr nyebataken nama mungsuh mau inggih punika Balaputradéwa amargi wonten ing prasasti Wantil wonten tembung “walaputra”. Nanging, sejarawan Buchari boten nemokaken prasasti kanthi nama Balaputradéwa wonten ing situs bukit Ratu Baka, nanging nama Rakai Walaing Mpu Kumbhayoni. Makna saking tembung “Walaputra” inggih punika “putra ragil”, inggih punika jejuluk kanggé Dyah Lokapala ingkang saged ngawonmaken mungsuh bapakipun.[1] Saéngga, wonten ing pungkasaning papréntahan Rakai Pikatan wonten pemberontakan Rakai Walaing Mpu Kumbhayoni ingkang ngaku minangka keturunan pangadeg karajan (Sanjaya). Pemberontakan mau saged dipuntumpes déning Rakai Kayuwangi Dyah Lokapala utawi Sang Walaputra, saéngga piyambakipun pikantuk panyengkuyung rakyat supados minggah tahta nggentosi bapakipun.[1]

Téyori pemberontakan Rakai Walaing punika sampun bantah téyori populèr babagan wontenipun perang sedhèrèk anatwisipun Balaputradéwa kalawan Pramodawardhani kaliyan Rakai Pikatan sabibaripun Samaratungga séda.[1]

Prastwa Wuatan Tija besut

Nalika tanggal 10 desember 880 Rakai Kayuwangi yasa prasasti saperlu maringi anungrah dhumateng para pangarsa désa Wuatan Tija amargi sampun paring pitulungan dhumateng putranipun, ingkang nama Dyah Bhumijaya.

Dipuncariyosaken, Dyah Bhumijaya kaliyan ibunipun ingkang nama Rakryan Manak dipunculik déning Rakryan Landhayan, ingkang taksih sedherek kaliyan Rakryan Manak piyambak. Ibu saha anak mau saged lolos nalika wonten ing désa Tangar. Nanging Rakryan Manak milih bunuh diri nalika wonten ing désa Taas.[3]

Alasan Rakryan Manak bunuh diri boten dipunmangerosi kanthi pesthi. Déné putranipun, inggih punika Dyah Bhumijaya dipuntemukan para pemuka désa Wuatan Tija saha dipunjujugaken dhumateng Maharaja Rakai Kayuwangi.[3]

Tokoh Rakryan Landhayan punika patutan ingkang nama Dyah Wawa, ingkang samangke saged ngrebut tahta Karajan Medang anatwis taun 027. Tokoh Dyah Wawa ngaku minangka putra saking Kryan Landheyan ingkang dipunsarekaken wonten ing tengah alas.Saéngga, sabibaripun prastawa penculikan punika, Rakryan Landhayan dados buronan Karajan Medang,[3]

Kapustakaan besut

  • Marwati Poesponegoro & Nugroho Notosusanto. 1990. Sajarah Nasional Indonesia Jilid II. Jakarta: Balai Pustaka
  • Slamet Muljana. 2006. Sriwijaya (terbitan ulang 1960). Yogyakarta: LKIS

Cathetan suku besut

  1. a b c d e [1]
  2. [2]
  3. a b c [3]


Didhisiki déning:
Rakai Pikatan
{{{jabatan}}}
856 – 890-an
Diganti déning:
Rakai Watuhumalang