Rakai Watuhumalang

Sri Maharaja Rakai Watuhumalang inggih punika raja ingkang angka wolu Karajan Medang periode Jawa Tengah ingkang jumeneng nata antawis taun 890-an.[1]

Rakai Watuhumalang

Masa Pamerentahan besut

 
Prasasti Mantyasih

Miturut pratélan para raja Karajan Medang wonten ing prasasti Mantyasih,[2] Rakai Watuhumalang dados raja ingkang kaping wolu ngantosaken Rakai Kayuwangi. Prasasti kassebut dipundamel nalika taun 907 déning Dyah Balitung, inggih punika raja sasampunipun Rakai Watuhumalang.

Rakai Watuhumalang piyambak boten ninggalaken prasasti kanthi namanipun piyambak. Déné prasasti Panunggalan tanggal 19 November 896 nyebataken wontenipun tokoh kanthi nama “Sang Watuhumalang Mpu Teguh”, nanging boten kanthi gelar maharaja, nanging namung haji (raja bawahan).[3]

Boten saged dipunpesthikaken punapa Mpu Teguh identik kaliyan Rakai Watuhumalang. Manawi kekalihipun saestu sami, saéngga saged dipunbayangaken bilih masa papréntahan Rakai Watuhumalang namung cekak. Nalika taun 896 piyambakipun taksih dados raja bawahan, déné nalika taun 899 (wonten ing prasasti Telahap) ingkang dados raja sampun sinebut Dayah Balitung.[3]

Hubungan kaliyan Rakai Kayuwangi besut

Miturut analisis para sejarawan, kados ta Poerbatjaraka saha Boechari, tokoh ingkang nama Dyah Balitung minggah tahta amargi krama kaliyan putri raja saderengipun. Saéngga kemungkinan agengDyah Balitung punika minangka menantu saking Rakai Watuhumalang.[4]

Hubungan anatwisipun Rakai Watuhumalang kaliyan raja saderengipun, inggih punika Rakai Kayuwangi ugi dèrèng gamblang. Nama putra makutha jaman Rakai Kayuwangi inggih punika “Mahamantri Hino Mpu Aku”, ingkang kemungkinan ageng bènten kaliyan Rakai Watuhumalang.[4] Dipuntemokaken ugi prasasti kanthi nama Maharaja Rakai Gurunwangi (prasasti Munggu Antan, 887) saha ingkang nama Maharaja Rakai Limus Dyah Dewendra (prasasti Poh Dulur, 890). Déné, kekalihipun boten wonten ing pratélan para raja versi prasasti Mantyasih. Mungkin, nalika akir pamarentahaning Rakai Kayuwangi wonten crah ing lingkungan Karajan Medang.[4]

Déné, miturut prasasti Telahap, permaisuri Dyah Balitung minangka wayah saking Rakai Watan Mpu Tamer, inggih punika garwa raja ingkang dipunsarekaken wonten ing Pastika. Miturut analisis Pusponegoro saha Notosutanto, raja ingkang dipunsarekaken wonten ing Pastika inggih punika Rakai Pikatan, bapak saking Rakai Kayuwangi.[5]

Manawi Dyah Balitung saestu minangka mantu saking Rakai Watuhumalang, ateges Rakai Watuhumalang minangka putra (utawi mungkin mantu) Rakai Pikatan ingkang lair saking selir ingkang nama Rakai Watan Mpu Tamer. Déné, Rakai Kayuwangi lair saking permaisuri Pramodawardhani. Ing pundi, Rakai Watuhumalang minangka sedherek tiri (utawi mungkin ipar) Rakai Kayuwangi, raja saderengipun.[5]

Kapustakaan besut

  • Marwati Poesponegoro & Nugroho Notosusanto. 1990. Sajarah Nasional Indonesia Jilid II. Jakarta: Balai Pustaka
  • Slamet Muljana. 2005. Menuju Puncak Kemegahan (terbitan ulang 1965). Yogyakarta: LKIS

Cathetan suku besut

  1. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2011-09-23. Dibukak ing 2012-12-03.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  2. [1]
  3. a b [2]
  4. a b c [3]
  5. a b [4]


Didhisiki déning:
Rakai Kayuwangi
{{{jabatan}}}
sesudah 896? – sebelum 899?
Diganti déning:
Dyah Balitung