Silat Minangkabau (bahasa Minangkabau: Silek Minangkabau) inggih punika seni bela dhiri saking Minangkabau, Sumatra Kilèn, Indonésia ingkang turun tinurun saking génerasi satunggal dhateng génerasi sangandhapipun.[1] Tiyang Minang gadhah tradisi remen ngrantau wiwit rumiyin.[2] Kangge ngrantau punika tiyang Minang kedah gadhah sangu kanggé njagi badan pribadi nalika ing margi utawi ing rantau, tuladhanipun manawi dipunkroyok utawi dipunbégal tiyang ingkang awon.[2]

Silek Minangkabau utawi Silat Minangkabau

Sasanèsipun minangka sangu kanggé ngrantau, silek wigati kanggé njagi nagari saking anceman saking njawi.[2] Wewengkon Minangkabau ing sisih tengah Sumatera inggih punika dados tlatah ingkang subur lan dados prodhusén bumbon crakèn wiwit abad kapisan masehi.[2] Amargi saking punika, sikek ugi gadhah mangfaat njagi tlatah kasebat saking anceman kaamanan.[2] Sikek Minangkabau gadhah mangfaat minangka:

  • panjago diri (njagi badan pribadi saking tiyang awon), lan
  • parik paga dalam nagari (sistem pertahanan nagari).[2]

Kangge kalih mangfaat punika, masarakat Minangkabau ing wekdal rumiyin kedah gadhah sistem pertahanan ingkang saé kanggé njagi badan pribadi lan negerinipun saking anceman mungsuh.[2] Silek boten namung dados piranti bela dhiri, nanging ugi dados dhasar obahan kasenian randai (drama Minangkabau).[2]

Pranala njawi

besut

Cathetan suku

besut
  1. [Hiltrud Theresia Cordes. Pencak Silat, die Kampfkunst der Minangkabau und ihr kulturelles Umfeld. Ed 2. Afra Verlag. 2000]
  2. a b c d e f g h [Kirstin Pauka. A Flower of Martial Arts: The Randai Folk Theatre of the Minangkabau in West Sumatra. Asian Theatre Journal, Vol. 13, No. 2 (Autumn, 1996), pp.167-191]