Artikel iki ngenani pamérangan administratif ing Sumatera Kulon. Kanggo jinis aksara pirsani Aksara Dewanagari

Nagari, iku pamérangan wewengkon administratif ing Provinsi Sumatra Kulon, Indonésia ing tataran sangisoré kacamatan. Istilah "Nagari" nggantèkaké "désa", kang sadurungé dipigunakaké ing Sumatra Kulon, kaya déné ing provinsi-provinsi liya ing Indonésia. Sawijining Nagari dipanggedhèni déning Wali Nagari.

Pamérangan administratif Indonésia
Pancasila
Pancasila
Tingkat Provinsi

Provinsi
Dhaérah KhususDhaérah Istiméwa

Tingkat Kabupatèn/Kutha

KabupatènKutha
Kabupatèn administrasi
Kutha administrasi

Tingkat Kecamatan

KecamatanDistrik

Tingkat Kelurahan/Désa

KelurahanDésa
NagariKampungGampong

Delengen uga

BanjarDusun
LingkunganPedhukuhan
Rukun Warga
Rukun Tetangga

besut

Nagari minangka kesatuan masarakat kukum kang duwé wates-wates wewengkon kang duwé wewenang kanggo ngatur lan ngurus kapentingan masarakat ing papan mau, miturut asal-usul lan adat istiadat ing panggonan mau kang diakoni lan dikurmati sajeroning sistem Pamaréntahan Nagara Kesatuan Républik Indonésia.

Nagari dudu bawahan kacamatan, amarga kacamatan minangka péranganing prangkat laladan kabupatèn/kutha, lan Nagari dudu minangka péranganing prangkat laladan. Béda karo Kalurahan, Nagari duwé hak ngatur wewengkoné kang lebih ombèr. Nanging sajeroning perkembangané, siji Nagari bisa ditingkataké statusé dadi kalurahan.

Struktur papréntahan besut

Nagari dipanggedhèni déning Wali Nagari, lan dalam menjalankan papréntahané, Wali Nagari dibantu déning sawatara wong Kepala Jorong, kaya déné ketua RT. Wali Nagari dipilih déning anak nagari (kang ndunungi nagari) kanthi dhémokratis. Lumrahé kang dipilih dadi wali nagari iku wong kang dianggep paling nguwasani bab kabèh aspèk kauripan sajeroning budaya Minangkabau, saéngga wali nagari mau mampu njawab kabèh persoalan kang diadhepi anak nagari.

Sajeroning siji Nagari diwangun Kerapatan Adat Nagari, yaiku lembaga kang duwé anggota Tungku Tigo Sajarangan. Tungku Tigo Sajarangan minangka rwakil anak nagari kang dumadi saka Alim Ulama, Cadiak Pandai (kaum intelektual) lan Niniak Mamak para pamimpin suku sajeroning siji Nagari. Kaputusan kaputusan wigati kang bakal dijupuk tansah dimusyawarahaké antara Wali Nagari lan Tungku Tigo Sajarangan ing Balai Adat utawa Balairung Sari Nagari.

Ing sawatara Kabupatèn, Nagari duwé wewenang kang cukup gedhé. Upamané ing Kabupatèn Solok, Nagari duwé 111 kawenangan saka Pamaréntah Kabupatèn, kalebu ing antarané pangurusan Ijin Madegaké Yasan (IMB) lan Surat Izin Tempat Usaha (SITU).

Sajarah besut

Nagari wis ana sadurungé kamardikan Indonésia. Karajan Pagaruyung sajatiné minangka fèdherasi nagari-nagari kang dumunung ana ing Minangkabau. Kamungkinan gedhé sistem nagari uga wis ana sadurungé Adityawarman ngadegaké karajan mau.

Ing mangsa panjajahan Walanda pamaréntah kolonial ngowahi tatanan papréntahan nagari supaya njurung papréntahan. Kerapatan Nagari didadèkaké minangka lembaga papréntahan paling cendhèk. Penghulu-penghulu kang biyèné mimpin nagari kanthi bebarengan saiki kudu milih salah siji ing antarané minangka Kepala Nagari.

Ing taun 1914 diwetokaké Ordonansi Nagari kang mbatesi anggota kerapatan nagari mung ing pengulu kang diakoni pamaréntah Indhiya Nèderlan.

Sawisé proklamasi kamardikan sistem nagari iki diowahi supaya luwih cocog karo kaanan jaman. Ing taun 1946 dianakaké pamilihan langsung ing saindhenging Sumatra Kulon kanggo milih anggota Dewan Perwakilan Nagari lan Wali Nagari. Calon-calon kang dipilih ora diwatesi ing penghulu waé. Parté pulitik uga olèh ngajokaké calon. Ing kanyatan akèh anggota Dewan Perwakilan Nagari lan Wali Nagari kapilih kang saka anggota parté. Masyumi dadi parté kang ndominasi. Sajeroning mangsa perang kamardikan diwangun uga organisasi pertahanan tingkat nagari, yaiku Badan Pengawal Negeri lan Kutha (BNPK). Badan iki diadegaké saka inisiatif Chatib Sulaiman.

Kabinet Natsir taun 1951 mbekokaké Dewan Perwakilan Rakyat ing provinsi Sumatera Tengah kang uga nyakup wewengkon Sumatra Kulon saiki. Kanthi mangkonostatus dewan perwakilan tingkat nagari dadi ora cetha.

Taun 1974 Gubernur Harun Zain mutusaké ngangkat Kepala Nagari minangka pelaksana papréntahan lan Dewan Perwakilan Rakyat Nagari minangka lembaga lègislatif paling cendhèk. Nanging kaputusan iki umuré ora dawa. Kanthi anané Undhang Undhang Nomer 5 Taun 1979 bab Pamaréntahan Désa, sistem Nagari diilangaké, lan jorong ditingkataké statusé dadi désa. Kadudukan Wali Nagari dibusak lan administrasi papréntahan dilakokaké déning para Kepala Désa.

Sanajan mangkono nagari isih dipertahanaké minangka lembaga tradhisional. Perda No. 13 1983 ngatur bab madegé Kerapatan Adat Nagari (KAN) ing saben nagari kang lawas. Nanging KAN dhéwé ora duwé kakuwasan formal.

Owah-owahan péta pulitik nasional kang kadadéan sabanjuré mbangkitaké manèh semangat masarakat Sumatra Kulon kanggo mbalèkaké papréntahan Nagari. Kanthi anané Otonomi Laladan ing taun 2001, istilah "Nagari" lan kaistiméwaané digunakaké manèh ing Sumatra Kulon.

Deleng uga besut

Wacan besut

  • Kahin, Audrey (2005). Saka Pambrontakan tumuju Integrasi: Sumatra Kulon lan Pulitik Indonésia 1926-1998. Yeyasan Obor Indonésia. ISBN 979-461-519-6.

Pranala njaba besut