Sisingamangaraja XII

Sisingamangaraja XII yaiku pahlawan Indonésia. Sisingamangaraja XII (lair ing Bakara, 18 Fèbruari 1845 – pati ing Dairi, 17 Juni 1907 ing umur 62 taun) yaiku raja ing nagari Toba, Sumatera Utara, pawongan kang perang nglawan Walanda, banjur diangkat déning pamrintah Indonésia minangka Pahlawan Nasional Indonésia wiwit tanggal 9 November 1961 miturut SK Présidhèn RI No 590/1961. Sabanjure sisarekake ing Tarutung, banjur dipindhahake menyang Soposurung, Balige ing taun 1953.[1]

Sisingamangaraja XII
Maharaja Toba
Lukisan Sisingamangaraja XII berdasarkan lukisan yang dibuat olèh Augustin Sibarani, kemudian tercetak di uang Rp 1.000
Panjenengan1876–1907 M
LeluhurSisingamangaraja XI
Panerus-
AstanaSoposurung, Balige
Jeneng dawa
Ompu Pulobatu
WangsaSisingamangaraja
BapaSisingamangaraja XI

Jeneng cilik Sisingamangaraja XII yaiku Patuan Bosar, banjur diwènèhi gelar Ompu Pulo Batu. Dhèwèké uga dikenal kanthi sesebutan Patuan Bosar Ompu Pulo Batu. Sisingamangaraja dadi raja ing taun 1876 nggantikake bapake kang asmane Ompu Sohahuaon. Sisingamaraja uga karan raja imam. Penobatan Sisingamangaraja XII dadi maharaja ingnegeri Toba bebarengan karo diwiwitine open door policy (pulitik pintu terbuka) Walanda nalika ngreksa modal asing kang katindakake ing Hindia-Walanda. Sisingamangaraja uga ora gelem napak asmani Korte Verklaring (perjanjian pendek) ing Sumatera ing Kesultanan Acèh lan Toba, nalika kraton iki mbukak gayutan dagang marang nagara-nagara Éropah liyané. Nanging Walanda uga ngupayakake mainake monopolin ing kraton iku. Pulitik kang béda iki ndadèkaké Perang Tapanuli kang suwi nganti tekan puluhan taun.

Asal-usul

besut
Barkas:Sisingamangaraja XII 1962 Indonésia stamp.jpg
Sisingamangaraja ing perangko taun 1962

Sisingamangaraja iku keturunan pejabat kang ditunjuk déning raja Pagaruyung.[2] Sajeroning layang kang ditulis déning Marsden ing taun 1820, Raffles nulisaké yèn para pemimpin Batak njelasake Sisingamangaraja kang dadi keturunan Minangkabau lan ing Silindung ana arca batu awujud manungsa kang kuna banget dinuga digawa saka Pagaruyung.[3] Nganti tekan abad kaping 20, Sisingamangaraja isih ngirimake upeti marang pemimpin Minangkabau kanthi perantaraan Tuanku Barus kang ditugasi nyampekake marang pemimpin Pagaruyung.

Perang lawan Walanda

besut

Ing taun 1877 para misionaris ing Silindung lan Bahal Batu nyuwun bantuan marang pamrintah kolonial Walanda saka ancaman diusir déning Singamangaraja XII. Banjur pamrintah Walanda lan para penginjil sarujuk ora nyerang markas Sisingamangaraja XII ing Bakara nanging uga naklukake kabèh laladan ing Toba.

Makam

besut

Singamangaraja XII kapundhut ing tanggal 17 Juni 1907 nalika perang nglawan Walanda ing pinggir bukit Aek Sibulbulen, ing Désa Si Onom Hudon, kang saiki dadi wates Kabupatèn Tapanuli Utara lan Kabupatèn Dairi.[1] Ana mimis kang nembus ing dadane, amarga ditembak wadyabala Walanda kang kabawah Kapten Hans Christoffel. Nalika arep séda, deheweke tetep ngucap, Ahuu Sisingamangaraja. Putra lorone uga séda, yaiku Patuan Nagari lan Patuan Anggi, uga putrine Lopian. Ewasemono kulawargané isih ditawan ing Tarutung. Banjur makame dipindhahake menyang Makam Pahlawan Nasional ing Soposurung, Balige wiwit 14 Juni 1953, kang dibangun déning Pamrintah, warga lan kulawarga. Sisingamangaraja XII diwènèhi gelar Pahlawan Kemerdekaan Nasional kanthi Surat Dudutan Pamaréntah Républik Indonésia No. 590 tanggal 19 Novèmber 1961.

Warisan sajarah

besut
 
Sisingamangaraja ing dhuwit 1000 rupiah taun 1987

Kegigihan perjuangan Sisingamangaraja XII wis dadi inspirasi wargaIndonésia, banjur Sisingamangaraja XII diangkat dadi Pahlawan nasional Indonésia. Kanggo ngelingake kepahlawanane, jeneng Sisingamangaraja didadèkaké jeneng dalan ing kabèh kawasan Républik Indonésia.

Cathetan suku

besut
  1. a b Sidjabat, Bonar W. Prof. Dr. (2007), Ahu Sisingamangaraja, Jakarta: Pustaka Sinar Harapan, ISBN 979-416-896-7.
  2. Brenner, J.F. von. Besuch bei den Kannibalen Sumatras: erste Durchquerung der unabhangigen Batak-Lande. Wurzburg: Wurl.
  3. Raffles, Stamford. Memoir of the life and public services of Sir Thomas Stamford Raffles. London: John Murray.