Wong Alas
Wong Alas minangka salah siji suku ingkang papan dunungipun ing Kabupatèn Acèh Tenggara, Provinsi Acèh (ingkang ugi asring dipunsebut Tanah Alas). Tembung "alas" ing basa Alas ateges "tiker". Bab punika wonten gegayutanipun kaliyan kaanan wewengkon ing wekdal punika ingkang papanipun mbentang rata kados déné tiker ing sela-sela Bukit Barisan. Laladan Tanah Alas dipunlangkungi kathah kali, salah satunggalipun inggih punika Lawe Alas (Kali Alas).[1]
Gunggung cacah jiwa | |
---|---|
(kurang lebih 60.000 JIwa.) | |
Tlatah mawa cacah jiwa akèh | |
Acèh Tenggara: 51.240 Jiwa | |
Basa | |
basa Alas. | |
Agama | |
Islam. | |
Golongan ètnik magepokan | |
suku Gayo, dan suku Karo. |
Sapérangan ageng Suku Alas dumunung ing désa lan gesang saking tetanén lan ternak. Tanah Alas minangka lumbung pari kanggé wewengkon Acèh. Nanging kejawi punika, Suku Alas ugi ngandhelaken kasil saking kebon karèt, kopi, lan kemiri, sarta pados manéka jinis kasil alas, kados ta kayu, rotan, damar lan kemenyan. Déné kéwan ingkang dipunternak inggih punika turangga, menda, kebo, lan sapi.[1]
Kampung utawi désa Tiyang Alas dipunwastani kute. Sawijining Kute limrahipun dipunangge déning satunggal utawi langkung klan, ingkang dipunsebut merge. Anggota satunggal merge asalipun saking satunggal nenek moyang ingkang sami. Pola gesang kekaluwargan inggih punika kebersamaan lan persatuan. Suku punika narik garis keturunan patrilineal, tegesipun garis keturunan kakung. Suku Alas ugi nganut adat eksogami merge, tegesipun jodhoh kedah dipunpadosi ing merge sanès.[2]
Suku Alas 100% minangka penganut agama Islam. nanging taksih ingkang wonten pitados kaliyan praktik perdhukunan kados ta ing kegiyatan tetanén. Suku Alas nindakaken upacara-upacara kanthi latar belakang kepercayaan tartamtu supados tetanenipun gadhah kasil ingkang saé ugi boten kénging hama.[3]
Marga
besutMiturut buku (Sanksi dan Denda Tindak Pidana Adat Alas, Dr Thalib Akbar MSC 2004) wonten marga–marga ètnis Alas inggih punika: Bangko, Deski, Keling, Kepale Dese, Keruas, Pagan, lan Selian lajeng wonten malih marga Acih, Beruh, Gale, Kekaro, Mahe, Menalu, Mencawan, Munthe, Pase, Pelis, Pinim, Ramin, Ramud, Sambo, Sekedang, Sugihen, Sepayung, Sebayang lan marga Terigan.[4]
Seni Jogèd
besutWonten kesenian saking ètnis suku Alas (Musyawarah Adat Alas dan Gayo, 2003):
2. Pelabat
3. Landok Alun
4. Vokal Suku Alas
5. Canang Situ
6. Canang Buluh
7. Genggong
8. Oloi-olio
9. Keketuk layakh
Kerajinan
besutPunika minangka kasiling kerajinan tradhisional saking ètnis alas kados ta:
1. Nemet (ngayam godhong rumbia)
2. Mbayu amak (tiker pandan)
3. Bordir ageman adat
4. Pande besi (pisau bekhemu)
Tetedhan Tradisonal
besutPunika jinising tetedhan tradhisional saking suku alas:
1. Manuk labakh
2. Ikan labakh
3. Puket Megaukh
4. Lepat bekhas
5. Gelame
6. Puket Megaluh
7. Buah Khum-khum
8. Ikan pacik kule
9. Teukh Mandi
10. Puket mekuah
11. Tumpi
12. godekhr
13. puket sekuning
14. cimpe
15. getuk
Cathetan suku
besut- ↑ a b "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2013-03-19. Dibukak ing 2012-12-23.
{{cite web}}
: CS1 maint: archived copy as title (link) - ↑ AGARA ONLINE
- ↑ Budaya Aceh Tenggara[pranala mati permanèn]
- ↑ Agara Media
- ↑ a b c "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2013-05-20. Dibukak ing 2012-12-23.
{{cite web}}
: CS1 maint: archived copy as title (link)