Tato ya iku gambar permanèn ing kulit awak. Tato tembung andhahan saka tattoo ing basa inggris. Cara gawé gambar kuwi kanthi nyocogaké barang lancip (dom) ing kulit banjur mangsi kang kanggo mernani dilebokaké ing tatu mau. Istilah tato wiwit ditepungi sawisé James Cook mulih saka pesiyar ing laladan kapuloan Pasifik lan nggambaraké wong Polinésia kang duwé tato. Ing Indonesia, suku Dhayak, Mentawai, Timor lan Sumba duwé tradhisi gawé tato ing awak.[1]

Gambar tato ing sikil

Masaarakat Jawa lan Sumatra ing jaman dijajah Walanda ora mangertèni tato, kajaba wong Kapuloan Mentawai. Kaanan ini miturut sawenèh panduga amarga kuaté pengarus agama Islam ing masyarakat. Nganti tahun 1940-an, mung serdhahu KNIL kang asalé saka Indonesia wétan kang katon duwé tato. Déné ing taun 1950-an, tato wiwit ditepungi ing antarané para durjana kanthi jeneng cocohan, sanajan cacahé ora sepira akèh. Nganti tahun 1970an, wong kang duwé tato tansah digathukaké tumindak-tumindak durjana. Penémbakan misterius (pétrus) ing taun 1983-1984 marang para durjana uga ndadèkaké tato kanggo tengeran wong-wong bakal kanggo targèt.[1]

Rujuan

besut
  1. a b Handoko, C.T.. 2010. | http://hubsasia.ui.ac.id/article/view/215 Archived 2018-09-10 at the Wayback Machine. | Perkembangan Motif, Makna, Dan Fungsi Tato Di Kalangan Narapidana Dan Tahanan Di Yogyakarta. Makara Seri Sosial Humaniora. Volume 14(2), pp.107-116