Tembung lemes utawa kecap lemes (aksara Sunda baku: ᮊᮨᮎᮕ᮪ ᮜᮨᮙᮨᮞ᮪) ya iku salah sawijining jinis tembung ing basa Sundha kang dianggo ing basa hormat ka batur. Lemes tegesé alus utawa sopan.[1] Kabèh tembung lemes mesthi ana padhané karo tembung loma, tegesing tembung lemes aliya minangka tembung kang dipigunakaké kanggo ngurmati wong liya, uga tumrapé tembung-tembung lemes liyané, kaya tembung lemes pisan (tembung lemes kang luwih dhuwur),[1] tembung lemes dusun (tembung lemes kang ora baku) lan tembung lemes énténg (tembung lemes kang netral utawa ora dikhususaké kanggo wong liya utawa dhéwé).

Tembung lemes ana ing Soendaneesch-Hollandsch woordenboek (1913) anggitané Sierk Coolsma tinengeran l., Sajroning gambar ing dhuwur, tuladha tembung kang tiningeran l. yaiku nanging, koeramas (kuramas), angkat, angken, angkeng (angkéng) dan angkeut.

Ing bausastra-bausastra utawa buku tatabasa Sundha, tembung lemes tiningeran L., lem. utawa l.[1]

Tuladha besut

Ing ngisor iki tembung lemes karo padhané ana ing tembung loma.

Jawa Loma Lemes Ref.
adus mandi siram [2]
kepéngèn hayang palay [3]
mangan dahar tuang [4]
ngombé nginum ngaleueut [4]
lumaku leumpang nyacat [3]
endhas sirah mastaka [4]
gulu beuheung tenggek [5]

Cathetan sikil besut

  1. a b c Coolsma 1985, kc. 14.
  2. Coolsma 1985, kc. 38.
  3. a b Coolsma 1985, kc. 18.
  4. a b c Coolsma 1985, kc. 43.
  5. Coolsma 1985, kc. 26.

Rujukan besut

  • Coolsma, S. (1985) [1904]. Tata bahasa Sunda. Dipertal déning Wijayakusumah, Husein; Rusyana, Rus. Jakarta: Djambatan. OCLC 13986971.{{cite book}}: CS1 maint: url-status (link)

Pranala njaba besut

Look up Kategori:Kata lemes in Wiktionary, the free dictionary.