Basa Sundha

basa ingkang dipunginakaken déning tiyang Sundha
Basa Sundha (ᮘᮞ ᮞᮥᮔ᮪ᮓ)
Dipituturaké ing: Jawa Kulon, Banten, Lampung, Jawa Tengah (Indonésia)
Cacahé Penutur: 42 yuta[1]
Ing donya urutan kaping: 32
Rumpun basa
Klasifikasi:
Austronesia

 Malayu-Polinesia
  Malayu-Polinesia Barat
   Sundik
    Basa Sunda

Status Resmi
Basa Resmi ing: (Jawa Kulon lan Banten)
Diatur déning: Lembaga Basa Jeung Sastra Sunda
Kodhe Basa
ISO 639-1 su
ISO 639-2 sun
SIL SUN

Basa Sundha (Aksara Sundha: ᮘᮞ ᮞᮥᮔ᮪ᮓ Basa Sunda) iku basa Austronésia. Basa iki dipituturake déning kurang luwih 42 yuta jiwa[1], lan basa nomer loro kang dhuwur dhéwé ing tlatah Indonésia. Basa iki dicaturaké ing pérangan kulon Pulo Jawa, sisih kiduling Banten, Jakarta lan tlatah Pantura (Pasisir Lor Jawa)sisih kulon. Ing tlatah pasisir lor Jawa (Pantura) liyané, racaké basa Jawa kang dicaturaké.

Ing Jawa Tengah, basa Sundha uga dicaturaké ing tlatah Cilacap, mligi ing kacamatan Dayeuh Luhur, lan tlatah Brebes ing sisih kidul.

Amarga kena pangaribawa budaya Jawa, dadi ing Basa Sundha uga ana undak-usuk utawa gradasi babasan. Wiwit saka Basa Cohag utawa kasar padha karo Ngoko, Basa Loma padha karo Madya nganti Lemes kang padha karo Krama.

Carabasa Basa Sundha uga akèh, miwiti saka carabasa Sundha Banten lan Lampung, Sundha Cirebon, nganti carabasa Sundha ing Jawa Tengah, piwates ing Bantarkawung, Brebes lan diwatesi basa ing Kali Pemali, kang mula kecampur karo Basa Jawa. Nanging basa baku kang bisa ditampa déning sakabèhé penutur Basa Sundha kang wiwitane saka carabasa kutha Bandung yaiku carabasa Sundha Priangan, utawa kerep ingaran basa lulugu jaman mbiyèn.

Uga delengen

besut

Referensi

besut